Tuesday, May 8, 2012

Nini-Nini Nyabrang Dalan Desaut Motor



BANYUMAS-Nek agi pada nang dalan kuwe kudu sing padha eling tur ngati-ati
ya sedulur, ora sing mlaku ora sing numpak montor, kudu padha bae ngati-
atine, nek ora, kedadeyane bisa kaya cerita kiye.
Dina Selasa (8/5) kuwe, kira-kira ya jam setengah pitu esuk, mangsane
bocah sekolah lan wong ngode padha mangkat, dalan nang Jalan Gatot Subroto
sing melu Kecamatan Sudagaran Banyumas ya agi rame pisan sesek ning uwong
sing agi pada mangkat.
Lha critane, ana wong sing jenengane Wisnu, umure ya kira-kira telung
puluh taunan lah, agi numpak montor sing nomer pulisine R 2083 VH, sekang
arah Banyumas ming arah Purwokerto. Si Wisnu kiye ya gole numpak montor
mandan kebanteren wong ning dalan rame gole numpak montor antarane sewidak
kiloan sejam, ya banter mbok?
Nah, pas gutul nang dalan kuwe, utawane nang ngarepe kantor Bank Danamon,
si Wisnu kiye saking bantere ora weruh nek agi anan nini-nini sing
jenengane Yasiyem (65), sing umaeh nang Desa Sokawera RT 05 RW 01 Banyumas
agi arep nyabrang dalan.
Jenengane bae nini-nini, ya gole nyabrang mandan wedi, dadi ora teyeng
cepet. Merga wis kepereken, akhire si Nini Yasiyem kuwe langsung bae
desaut ning montore Wisnu. Nini-nini, desaut montor ya langsung tiba
njungkel, siraeh ndadakan ngantem aspal. Sekang bathuke nglocor getih,
tapi ora mung kuwe, sikile ya tugel ngasi balunge keton.
Lha si Wisnu montore ya nggesruk ora etung, ngasi lampu montor sethothoke
pecah. Si Nini Yasiyem gageyan degawa ming Rumah Sakit Siaga Medika, si
Wisnu ya sisan melu ming rumah sakit nggo nanggung biayane si Nini.
Kanit Laka Lantas Polres Banyumas, Iptu Ruzi Gusman pas detemoni nang
kantore wingi ya gole ngomong kedadeyan kuwe merga sing numpak montor ora
ngati-ati, dadi ora weruh nek ana nini-nini agi arep nyabrang.
Mulane sedulur, arep mlaku, apamaning numpak montor, sing jenengane nang
dalan kudu ngati-ati, deleng dhisit kiwa tengene, wis sepi apa durung,
nembe nyabrang, toli gole numpak montor ya aja banter-banter, apamaning
agi rame nguwong. Angger wis kedadeyan kaya kiye, mbok ngajog kabeh
lorone? (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment