Thursday, May 31, 2012

Arang Srawung, Kaki-Kaki Mati Nggantung



BANYUMAS-Dadi menungsa kuwe ya apike sing padha akur karo tangga teparo,
apamaning kluargane. Aja seneng dhewekan, marakaken dadi nyalawadi ming tanggane.
Mbok angger sering srawung karo kluarga apa tangga dadi akeh batire, bener apa ora
sedulur?
Lha, sing medheni, nek arang srawung karo tangga apa kluarga, dadine padha ora ngerti
apa sing agi derasa, utawane ora teyeng degawa brayan lan kandhahan. Kaya sing dealami
ning Yasanom al Laman (80), sing umaeh nang Desa Kanding RT 02 RW 04 Kecamatan
Somagede, Kabupaten Banyumas kiye. Arang pisan srawung, ijig-ijig kaki Yasanom
ketemu wis mati nggantung, mbok nyalawadi pisan?
Dadi kaya kiye critane sedulur, dina Rebo (30/5) wingenane, tanggane Kaki Yasanom
kuwe sing jenengane Kadi (35) agi tes bali kang warunge antarane jam setengah sewelas
wengi. Anu wong wis wengi tur kesel pisan gole ngodhe nunggoni warung sedina med, ya si
Kadi kiye kepengen ngaso, kemlekar ning kamare.
Pas si Kadi agi arep ngliyep, dheweke lamat-lamat krungu ana suara ngrintih kang njaba
kamare, sing kayane asale sekang umaeh Kaki Yasanom nang sebelah kulon umaeh.
Krasa mandan maras, Kadi banjur metung ngumah lan niliki maring umahe Kaki
Yasanom.
Mbarang gutul nganah, si Kadi mandan gumun, soale lawang ngarepe ya ora dekunci.
Kadi mlebung umaeh Kaki Yasanom, niate agep niliki si kaki,  lha barang wis nang njero,
si Kadi gole njenggirat kaget ora eram. Soale, dheweke jan weruh dhewek, si Kaki
Yasanom kuwe wis nggantung, tapi bokonge esih tememplek ning risban, kambi gulune
kejiret tali kang sesetan pring.
Kadi gregah ngorong-ngorong nyeluki tanggane, kon padha nulungi si Kaki Yasanom kiye.
Tangga teparone ya padha nggrudug ming umaeh Kaki Yasanom. Kedadeyan kiye banjur
gageyan delapuraken maring Polsek Somagede, sing tekan ngonoh ora suwe bubar
delapuri.
Lha, mbarang depriksa akro pulisi lan bidan, kayane si Kaki Yasanom kiye matine ya jan
asli merga kendhat. Pulisi lan bidan teyeng ngomong kaya kuwe ya mergane nang awake
Kaki Yasanom kuwe ora nana sing tatu seliyane nang gulu bekas tali sing nggo kendhat
kuwe. Apamaning, sekang "Anu" ne ngetokaken mani, tapi ilate ora mele.
Mulane kuwe sedulur, dadi womjg urip nang dunya kuwe ya sing padha srawung karo kluarga, apa tangga teparo. Dadine nek duwe masalah ora dependhem dhewek. Jajal nek kedadeyane kaya Kaki Yasanom kiye, mbok dadi penasaran? Ora ngerti apa sing derasa, malah milih kendhat, gawe geger wong sekampung. (eww)

Easy Way to Download

Wednesday, May 30, 2012

Ngundhuh Mlinjo, Malah Mati Kebanting



PEKUNCEN-Sing jenengane lair, jodho karo mati kuwe pancen kersane Gusthi Allah, langka sing teyeng ngramal apamaning nyana. Nek Gusthi Allah wis karep nek uwong kon mati ya bisa nganggo jalaran apa bae, bener ora sedulur?
Kaya sing dealami Sudir (60), sing umaeh nang Desa Karangklesem Kecamatan Pekuncen kiye. Dina Selasa (29/5) wingi,  Sudir mati gara-gara siraeh kejebles watu bar tiba kang wit mlinjo pas agi bangeting ndhiker ngundhuh mlinjo ning kebon.
Dadi critane kaya kiye, dina kuwe, antarane jam setengah sewelas awan, Sudir pamit ming Saidah (40) bojone, nek dheweke arep ming kebone Titi Wasiati sing mung setengah kilo adohe sekang umaeh. Wong anu wis biasa pamitan kaya kuwe, Saidah ya ora ngrasa apa-apa, mung ngiyani bae.
Lha mbarang denteni ngasi awan, ko si Sudir kuwe ora gadhang bali. Si Saidah ya mandan ketar-ketir, wong pamite mung sedhela sih? Mandan ora kepenak atine, Saidah banjur nyusul maring kebone Titi kuwe, kepengen ngerti, jan-jane bojone kenngapa ko ora gadhang bali.
Pas gutul ning kebone Titi  kuwe, Saidah banjur langsung nggoleti bojone nang kebon sing akeh wit mlinjone. Barang wis gutul nang salah sijine wit mlinjo, Saidah meruhi dhewek nek bojone kuwe wis kemureb nang lemah.
Saidah gregah ngorong-ngorong sekuate, njaluk tulung ming wong sing ana nang perek kebon kuwe. Noveri (36), sing teka karo wong-wong liyane sing krungu Saidah ngorong-ngorong banjur mereki Saidah lan nulungi si Sudir.
Mbarang decelukaken dokter sekang Puskesmas Pekuncen lan depriksa, nembe konangan nek si Sudir kuwe jebul wis langka nyawane alias mati.Nek jarene dokter sing mriksa, kayane si Sudir kuwe mati merga tiba kang wit mlinjo, terus siraeh kejebles watu, soale nang siraeh Sudir kuwe kaya ana tatu bengep, kaya bar kegebuk barang kethul.
Kapolsek Pekuncen AKP Sus Irianto sing melu teka nang kono ya ngomong, nek sekang kasil priksan, ning awake Sudir langka tenger bekas tes degawe lara. "Kayane ya si Sudir kiye mati merga tiba kang wit sing dhuwure ngasi sepuluh meter kuwe," ujare Irianto.
Mbarang wis depriksa lan depasthekaken sing gawe matine Sudir, mayide banjur debalekaken maring kluargane nggo dekubur. Kuwe critane sedulur, mulane sing padha akeh sembahyang, tobat maring Gusthi Allah, soale dhewek ora bakal ngerti kapan lan kepriwe carane awake dhewek bakal mati. (eww)

Easy Way to Download

Tuesday, May 29, 2012

Ora Gelem Ngalah Nang Prapatan, Mobil Karo Motor Tubrukan



PURWOKERTO-Sedulur, sing jenengane prapatan kuwe ya mesthine nggone wong sing
padha numpak mobil karo motor padha gathuk, mulane ana lampu bangjo sing cokan
desogaken ning pinggire prapatan, kon ora padha tubrukan, bener mbok sedulur?
Lha nek sing padha arep liwat ning prapatan kuwe ora padha gelem ngalah lan nuruti
lampu bangjo, ya sing kedeyan tabrakan, kaya crita sing siji kiye. Mobil karo montor
padha tubrukan nang prapatan mung gara-gara ora padha gelem ngalah lan ngemataken
lampu bangjo.
Dadi kaya kiye critane sedulur, dina Senen (28/5) tengah wengi, antarane jam loro isuk
nang prapatan Srimaya, Jalan Jalan Jend Sudirman Kecamatan Purwokerto Timur. Pas
kuwe, dalane ya wis mandan sepi, wis arang pisan ana tumpakan liwat nang prapatan, lan
lampu bangjone murube mung kari leb-leb kuning, tandane kon padha ngati-ati.
Basirun (37), seksi sing umaeh nang Purwokerto Lor ndilalah ya agi nang kono. Nah, pas
kuwe ana mobil Kijang Innova sing nomer pulisine H 8953 EB agi mlayu kang kulon.
Mobil sing desupiri Nasun (45), sing umaeh nang Kutabanjar Banjarnegara kuwe lajune
banter pisan, merga wis krasa sepi ndean.
Lha pas gutul prapatan Srimaya kuwe, sekang Kidul ana pit montor motor sing nomer
pulisine R 4013 JC detumpaki ning Herwanto (40), sing umaeh nang Kelurahan Teluk
Purwokerto Selatan. "Pas gutul prapatan, lorone ora padha gelem ngalah, wong pas arep
gutul prapatan ya padha ora ngerem, malah ngegas baen," ujare Basirun.
Nah, merga padha baen bantere, tur padha baen ora gelem ngelahe, akhire mak bres,
mobil karo pit montor kuwe banjur tabrakan. Gara-gara tabrakan kuwe, si Herwanto sing
numpak pit montor langsung kontal ngantem aspal. Sirah karo awake pada rakrak,
kemlocor getih kang endi sing ora.
Kon ora tambah parah, Herwanto banjur langsung degawa ming Rumah Sakit Orthopaedi
Sokaraja, lan mobil karomontore langsung deamanaken ning Kantor Satlantas Polres
Banyumas.
Kasat Lantas Polres Banyumas AKP Chalid Mawardi liwat Kanit Laka Lantas Iptu Ruzi
Gusman ya negmutaken maning aring wong sing padha numpak montor utawane mobil,
kon padha sing aso gole numpaki tumpakane. "Apa angele sih, ngenteni pirang detik saat
pas agi nang prapatan, apa mbok ya padha ngerem, apamaning nek lampu bangjone wis
kari leb-leb kuning, kuwe tandane justru kudu luwih ngati-ati" ujare Pak Ruzi.
Nah, kuwe sedulur, padha de emut-emut apa sing wis deomongaken ning Pak Ruzi, sing
padha aso nek agi nang dalan, aja kemrungsung, nek kedadeyane kaya kue mau, apa ora
padha ngajog? Ayo bareng-bareng ngati-ati, kon ora nana maning nyawa sia-sia merga
tabrakan ning dalan, bener ora sedulur? (eww)

Easy Way to Download

Monday, May 28, 2012

Kaki-Kaki Linglung Mati Kegiles Sepur



KROYA-Sing jenengane ril sepur kuwe ya dalane sepur, bener ora sedulur? Dadi nek ana
wong sing gole mlaku ning ril sepur trus ketabrak, sing salah ya wonge, dudu sepure mbok,
bener apa ora?
Nah, kiye crita kena nggo pengalaman, aja wani-wani mlaku ning ril sepur, soale nek ngasi
ana sepur liwat banjur ketabrak ya ora teyeng nyalahaken sepure, sing teyeng ya gawe ngajog
kluargane, kaya sing dealami ning Kaki Kasan Wirja (80) kiye.
Dadi critane kaya kiye sedulur. Dina Minggu wingi (27/5), antarane jam setengah papat sore,
si Kaki Kasan sing umaeh nang Desa Sikampuh RT 26 RW 03 Kecamatan Kroya KAbupaten
Cilacap kiye mbuh kepriwe ko mlaku nang tengaeh ril sepur nang pereke stasiun sikampuh
Kroya.
Si kaki sing wis linglung kiye apa saking linglunge dadi ora sadar nek dalan sing deambah wis
entong, dadi kepenak baen gole mlipir nang ril sepur kuwe. Nah, pas ndilalah nang ril kuwe
agi liwat sepur Pasundan sekang Kroya sing arep ming Bandung.
Sepur Pasundan sing supire ana papat, Didi, Tarmono, Munawar karo Eko kuwe ya mesthine
weruh nek ana wong lagi mlaku nang tengah ril sepur kuwe. Mbarang weruh wong kuwe, si
supir sepur ya ora kurang-kurang gole nglakson kambi ngorong-ngorong, akon wong kuwe
minggir.
Tapi ya wong jenengane bae kaki-kaki linglung, ya ndean mandan budheg, dadi ora krungu,
banjur bres bae, delindes ning sepur kuwe. Ndilalah pas kuwe ana wong sing weruh
kedadeyan kuwe, jenengane Sumardi karo Taryono, sing padha-padha ngodhe nang stasiun.
Wong loro kuwe banjur gageyan mereki kaki Kasan, tapi ya jenengane baen kelindes sepur,
mbarang depereki wis langka nyawane. Siraeh kaki Kasan ya wis remuk kambi tangan lan
sikile tugel. Weruh kaya kuwe, wong loro kuwe banjur nglapuraken kedadeyan kuwe maring
Polsek Kroya.
Pulisi sing teka maring lokasi kuwe ya ora bisa temandhang akeh, merga Kaki kasan wis mati.
Pulisi banjur gageyan nggawa mayide Kaki Kasan maring keluargane nggo dekubur, lan
detampani ning anake Kaki Kasan, sing jenengane Supardi.
Kuwe sedulur, aja gemampang nek agi mlaku apamaning dudu nang dalan sing bener. Ril
sepur kuwe ya gunane nggo liwat sepur, dadi aja padha seneng mlaku nang ril, mbok
kedadeyane kaya Kaki Kasan, sing ngajog toli kluargane, bener ora? (eww/mg05)

Easy Way to Download

Friday, May 25, 2012

Arep Menggok, Malah Ketabrak



PURWOKERTO-Sing jenengane pulisi ya kayane wis ora kurang-kurang gole aweh pitutur perkara cilaka sing bisa kedaden nang dalan. Malah jerene Kanit Laka Lantas Polres Banyumas, Iptu Ruzi Gusman, dheweke malahan ngasi sering meksa ming sing padha nang dalan kon ngerti aturane mlaku nang dalan.
"Pulisi ya sering nglakokna kuwe mergane kepengen sing jenengane cilaka ning dalan kuwe teyeng dekurangi, sukur diilangaken. Masalahe, nek wis kedaden sing ana ya mung ngajog, mergane nek wis cilaka nang dalan kuwe ora mung bandha, nyawa ya teyeng ilang sia-sia, mulane sing padha ngati-ati," ujare Ruzi gethet.
Anane Pak Ruzi teyeng ngomong kaya kuwe ya jalaerane esih bae kedadeyan cilaka ning dalan mung gara-gara barang sepele, kayadene sing dealami ning Jessica (26) karo Febri (17).  Kiye wong loro ya akhire kudu ngalami kedadeyan cilaka ning dalan mergane ora ngati-ati gole numpak montor.
Dadi critane kaya kiye sedulur. Dina Kemis (24/5) wingenane, wong loro kiye agi padha numpak montor dhewek-dhewek. Si Jessica agi numpak montor sing nomer pulisine R 2679 BH sekang wetan ming ngulon nang Jalan Gerilya, Purwokerto Selatan.
Kayane wong agep menggok aring perumahan Taman Anggrek, si Jessica kuwe banjur ngalonaken montore. Lha, pas wis mlebung tengah-tengahing watesan dalan, ijig-ijig sekang kulon ana montor sing detumpaki Febri sing nomer pulisine R 3738 JK.
Febri, sing umaeh nang Desa Tlahab Kidul RT 02 RW 02 Kecamatan Karangreja Kabupaten Purbalingga kiye anu mbuh agi mburu apa, gole numpaki montor ya banter pisan, kaya gentho deuber pulisi. Gandheng banter tur ora clirik nek nang ngarepane ana wong agep menggok, akhire mak bres, wong loro kuwe tabrakan.
Jessica, sing umaeh nang Perumahan GKI. RT 02 RW 12 Karangpucung kuwe akhire tiba kedingsek merga detabrak Febri. Wong loro kuwe banjur tiba kruntel nang aspal, montore wis genah remek ora etungan. Jessica ngansi sikile sing kiwe tugel, banjur degawa ming Rumah Sakit Orthopedi Sokaraja.
Lha si Febri ya kayane padha bundhase, ming ora ngasi tugel balunge. Kuwe sedulur, gole numpaki montor ora padha ngati-ati. Sing arep nyabrang wis ati-ati, eh, sing mburine sing ndelenger, ya akhire kedadeyan kaya kuwe. Nek wis kedadeyan, kari padha ngajog, larang ngawak, tur montore burak. Mulane maning-maning sing padha ngati-ati nek agi nang dalan, sedulur kabeh, kon ora ngajog kaya wong loro kuwe. (eww)

Easy Way to Download