Friday, May 25, 2012

Arep Menggok, Malah Ketabrak



PURWOKERTO-Sing jenengane pulisi ya kayane wis ora kurang-kurang gole aweh pitutur perkara cilaka sing bisa kedaden nang dalan. Malah jerene Kanit Laka Lantas Polres Banyumas, Iptu Ruzi Gusman, dheweke malahan ngasi sering meksa ming sing padha nang dalan kon ngerti aturane mlaku nang dalan.
"Pulisi ya sering nglakokna kuwe mergane kepengen sing jenengane cilaka ning dalan kuwe teyeng dekurangi, sukur diilangaken. Masalahe, nek wis kedaden sing ana ya mung ngajog, mergane nek wis cilaka nang dalan kuwe ora mung bandha, nyawa ya teyeng ilang sia-sia, mulane sing padha ngati-ati," ujare Ruzi gethet.
Anane Pak Ruzi teyeng ngomong kaya kuwe ya jalaerane esih bae kedadeyan cilaka ning dalan mung gara-gara barang sepele, kayadene sing dealami ning Jessica (26) karo Febri (17).  Kiye wong loro ya akhire kudu ngalami kedadeyan cilaka ning dalan mergane ora ngati-ati gole numpak montor.
Dadi critane kaya kiye sedulur. Dina Kemis (24/5) wingenane, wong loro kiye agi padha numpak montor dhewek-dhewek. Si Jessica agi numpak montor sing nomer pulisine R 2679 BH sekang wetan ming ngulon nang Jalan Gerilya, Purwokerto Selatan.
Kayane wong agep menggok aring perumahan Taman Anggrek, si Jessica kuwe banjur ngalonaken montore. Lha, pas wis mlebung tengah-tengahing watesan dalan, ijig-ijig sekang kulon ana montor sing detumpaki Febri sing nomer pulisine R 3738 JK.
Febri, sing umaeh nang Desa Tlahab Kidul RT 02 RW 02 Kecamatan Karangreja Kabupaten Purbalingga kiye anu mbuh agi mburu apa, gole numpaki montor ya banter pisan, kaya gentho deuber pulisi. Gandheng banter tur ora clirik nek nang ngarepane ana wong agep menggok, akhire mak bres, wong loro kuwe tabrakan.
Jessica, sing umaeh nang Perumahan GKI. RT 02 RW 12 Karangpucung kuwe akhire tiba kedingsek merga detabrak Febri. Wong loro kuwe banjur tiba kruntel nang aspal, montore wis genah remek ora etungan. Jessica ngansi sikile sing kiwe tugel, banjur degawa ming Rumah Sakit Orthopedi Sokaraja.
Lha si Febri ya kayane padha bundhase, ming ora ngasi tugel balunge. Kuwe sedulur, gole numpaki montor ora padha ngati-ati. Sing arep nyabrang wis ati-ati, eh, sing mburine sing ndelenger, ya akhire kedadeyan kaya kuwe. Nek wis kedadeyan, kari padha ngajog, larang ngawak, tur montore burak. Mulane maning-maning sing padha ngati-ati nek agi nang dalan, sedulur kabeh, kon ora ngajog kaya wong loro kuwe. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment