Wednesday, May 2, 2012

Bingung Nyaur Utang, Montore Batir Degadhekaken



BARANG BUKTI : Budi, sing arep nggadhekaken montore kancane sing agi ngendhong ning kosane, pas dedhimek ning Polres Banyumas bareng karo barang buktine, motor sing arep degadhekaken, Rebo (2/5) (Foto : Harmas / Eko Wahyu W)



PURWOKERTO-Sedulur, nek geger mower wingi nyritakaken ana wong sing ngendhong nang nggone batire nganti keturon, banjur pas arep bali montore ora tumon, lha kiye sambungane. Kepengen ngerti ceritane mbok padha? Kaya kiye ceritane, wingi kae kan ana wong sing jenengane Caswanto (20) agi ngendhong maring kos kosane batire sing jenengane Budi. Bangeting luget gole kandhaan nganti keturon, montor mung debrukaken ning aring latar kos-kosan, ora mawi dekunci setang. Ngesuk-esuke, pas arep bali, si Caswanto bingung nggoleti montore wis ora tumon. Lha jebulane, sing nyolong montore kuwe ya si Budi sing de endhongi nang Caswanto, ora lumrah banget mbok? Dadi, pas si Caswanto keturon, Budi njikot kontake montor sekang tas sing degawa Caswanto, banjur karo dhimik-dhimik metu, montor dekontak nganti posisi kontake on, terus kuncine debalekaken maning maring tase Caswanto. Bubar kuwe si Budi ya melu turu. Ngsuke, antarane jam nenem esuk, si Budi wis tangi. Ndeleng Caswanto esih turu bangeting lali, banjur lunga nggawa montore Caswanto, nggo degadhekaken mergane bingung detagih utang ning sing arane tukang tagih, utawane debt collector. Maring pulisi, si Budi sing umaeh nang Desa Karangkemiri RT 03 RW 01 Kecamatan Karanglewas kiye ngaku nek dheweke kebingungen mergane duwe utang ana telung juta. Budi, sing sedina dinane dadi tukang pijet kiye bangeting bingung, ora teyeng nyaur utang, bojone ya agi ngodhe ning Bogor, dadi duwe niat agep nggadhekakaen montore si Caswanto. Agi bangeting bingung, si Budi banjur detawani ning Kasim, sing njanjeni arep nelantaraken montor kuwe ning batire, si Budi ya manut baen. Eh, ora ngertine si Kasim kuwe anu kongkonane pulisi sing mancing Budi kon dedhimek ning pulisi. Lha, barang agi arep nggadhekaken montor kuwe, si Budi langsung dedhimek ning pulisi, dadi ora teyeng alesan maning. Dina Rebo (2/5) wingi, si Budi dekongkon ngakoni apa sing bar delakoni dheweke ning ngarep pulisi karo wartawan nang Polres Purwokerto. Jan, mung arep nyaur utang thok ndadhakan tega nyolong montore batire sing agi ngendhong, muga-muga kuwe ora kedadeyan karo rika kabeh ya sedulur. Mulane aja gemampang gole utang, nek ra sanggup mbayar, dadi nglakoni apa baen, kasile ya kuwe, ndhekem ning penjara, tur isin karo keluargane. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment