Monday, May 28, 2012

Kaki-Kaki Linglung Mati Kegiles Sepur



KROYA-Sing jenengane ril sepur kuwe ya dalane sepur, bener ora sedulur? Dadi nek ana
wong sing gole mlaku ning ril sepur trus ketabrak, sing salah ya wonge, dudu sepure mbok,
bener apa ora?
Nah, kiye crita kena nggo pengalaman, aja wani-wani mlaku ning ril sepur, soale nek ngasi
ana sepur liwat banjur ketabrak ya ora teyeng nyalahaken sepure, sing teyeng ya gawe ngajog
kluargane, kaya sing dealami ning Kaki Kasan Wirja (80) kiye.
Dadi critane kaya kiye sedulur. Dina Minggu wingi (27/5), antarane jam setengah papat sore,
si Kaki Kasan sing umaeh nang Desa Sikampuh RT 26 RW 03 Kecamatan Kroya KAbupaten
Cilacap kiye mbuh kepriwe ko mlaku nang tengaeh ril sepur nang pereke stasiun sikampuh
Kroya.
Si kaki sing wis linglung kiye apa saking linglunge dadi ora sadar nek dalan sing deambah wis
entong, dadi kepenak baen gole mlipir nang ril sepur kuwe. Nah, pas ndilalah nang ril kuwe
agi liwat sepur Pasundan sekang Kroya sing arep ming Bandung.
Sepur Pasundan sing supire ana papat, Didi, Tarmono, Munawar karo Eko kuwe ya mesthine
weruh nek ana wong lagi mlaku nang tengah ril sepur kuwe. Mbarang weruh wong kuwe, si
supir sepur ya ora kurang-kurang gole nglakson kambi ngorong-ngorong, akon wong kuwe
minggir.
Tapi ya wong jenengane bae kaki-kaki linglung, ya ndean mandan budheg, dadi ora krungu,
banjur bres bae, delindes ning sepur kuwe. Ndilalah pas kuwe ana wong sing weruh
kedadeyan kuwe, jenengane Sumardi karo Taryono, sing padha-padha ngodhe nang stasiun.
Wong loro kuwe banjur gageyan mereki kaki Kasan, tapi ya jenengane baen kelindes sepur,
mbarang depereki wis langka nyawane. Siraeh kaki Kasan ya wis remuk kambi tangan lan
sikile tugel. Weruh kaya kuwe, wong loro kuwe banjur nglapuraken kedadeyan kuwe maring
Polsek Kroya.
Pulisi sing teka maring lokasi kuwe ya ora bisa temandhang akeh, merga Kaki kasan wis mati.
Pulisi banjur gageyan nggawa mayide Kaki Kasan maring keluargane nggo dekubur, lan
detampani ning anake Kaki Kasan, sing jenengane Supardi.
Kuwe sedulur, aja gemampang nek agi mlaku apamaning dudu nang dalan sing bener. Ril
sepur kuwe ya gunane nggo liwat sepur, dadi aja padha seneng mlaku nang ril, mbok
kedadeyane kaya Kaki Kasan, sing ngajog toli kluargane, bener ora? (eww/mg05)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment