Thursday, May 24, 2012

Ndarani Pulisi, Lagi Mlaku Malah Degebuki



PURWOKERTO-Jan, jamane siki pancen wis mandan gemblung sedulur, akeh wong sing
sekepenake dhewek gole polah, ora nyawang nek apa sing delakoni bakal bisa nggawa maring
bui, kaya sing dealami ning Angga karo Hendra kiye. Gara-gara ana wong liwat sing dearani
pulisi, malah degebuki ngasi bengeb, jan ora memper temen mbok sedulur ?
Dadi kaya kiye critane, dina Kemis (12/1) kuwe, antarane jam loro isuk, si Angga (20), sing
umaeh RT 04 RW 08 Kelurahan Teluk Purwokerto Selatan kiye agi jagongan karo batire
Hendra (24), singumaeh nang RT 02 RW 01 Kelurahan Purwanegara Kecamatan Purwokerto
Utara. Bocah loro kiye agi dopokan nang aring warung ning ngarepe SMA Veteran Purwokerto.
Pas kuwe, ndilalah agi rame banget uwong, merga nang perek kono ana tontonan musik.
Lha, kira-kirane gole njagong ana rong jam, antarane jam papat isuk ijig-ijig ana wong sing
jenengane Fajar, liwat nang ngarepe si Angga sing agi ndiker jagongan nang warung kuwe.
Ndilalaeh, si Fajar kiye gole cukur ya kaya pulisi, rambute cepak tur jagrage ya gagah, wis
pokoke persis pisan karo pulisi.
Pas weruh Fajar kuwe liwat ngarepe, si Angga kayane mandan kesuh, apamaning Fajar kaya
pulisi, banjur ngasi padu. Ora mung cukup padu cangkem, ijig-ijig si Angga nempiling raine
Fajar. Ora terima, si Fajar ya gageyan mbales, terus wales-walesan ngasi judule kuwe bocah loro
padha gelut. Si Hendra, weruh kaya kuwe ya mbelani Angga, banjur melu ngroyok Fajar ngasi
kangelan gole mbales.
Kerasa kalah mbok, si Fajar kuwe banjur mlayu, mung nembe ana sepuluh meteran lah kira-kira,
si Angga karo Hendra kiye nggebuk maning maring raine Fajar. Kuwalahan, Fajar banjur mlayu
maring mobil. Tapi urung ngasi gutul mobil, wis degebuki maning karo bocah loro kuwe.
Mbarang wis mlebung mobil, Fajar esih bae degebuki, malah ngasi dekepruk helm pisan.
Gara-gara degebuki kuwe, Fajar ngasi bengep, lan barang depriksakaken maring dokter, pokoke
raine kuwe wis ora rupa. Malahan ana lecet ngasi rong senti nang ndhuwur alis, ngasi kudu
nginep rong dina nang rumah sakit.
Lha, si Angga karo Hendra kuwe, akhire decekel pulisi lan desidhang. Kemis (24/5) wingi, si
Hendra karo Angga kuwe detuntut sepuluh wulan ning Jaksa Penuntut Umum Hartana SH.
Ketua majelis hakim sing depimpin Abdul Latief SH MH akhire mutusaken nek sidhange
delanjutaken maning minggu ngarep, nggo ngrungokaken layang belaan sekang Angga karo
Hendra.
Nah, sedulur, nek dadi menungsa kuwe sing sabar, aja gampang kesuh, apamaning plak-plek,
nek ora kedadeyane bakal kaya si Angga karo Hendra kuwe. Esih pada enom, tapi bisa
dadi mlebung bui mung gara-gara kroyokan nggebugi wong sing dearani pulisi. mbok sing ngajog wong tuwane padha? (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment