Wednesday, May 9, 2012

Maling Piru, Degrebeg Muncu-muncu



PURWOKERTO-Sedulur, esih kemutan critane maling sing apen-apen piru sing
wektu kuwe nyolong gelang,kalung lan ali-aline pak Wahyu kira-kira rong
minggu kepungkur?
Lha, critane, si maling piru kuwe wingenane pas dina Kemis (9/5) akhire
teyeng dedhimek pas agi arep nyolong maning, akhire siki kuwe maling piru
kudu mlebung bui nang Polsek Purwokerto Selatan. Kepengen ngerti critane?
Ngeneh, tak critani sedulur.
Dadi critane kaya kiye, dina kuwe, awan-awan antarane jam setengah rolasan
lah, mangsane wong padha laut kambi ngaso nang umah. Kedadyeane ning umaeh
Pak Agus Haryono (47) nang Jalan Sultan Agung 129 Kelurahan Teluk
Kecamatan Purwokerto Selatan.
Pas kuwe, Pak Agus agi lunga, dadi sing ana mung Bu Agus sing agi pijet
nang kamar karo anake, pembantune, lan karyawan sing padha ngode ning
kantor sing ana nang njero umah kuwe. Embuh sekang endi tekane, ijig-ijig
si maling piru kiye wis ana ning njero ngumah, marakaken si Bu Agus sing
agi bangeting kepenak depijet njenggirat kaget.
Barang demataken, Bu Agus kuwe paham nek wong kuwe ganu wis tau mlebung
umaeh. Si Bu Agus kiye banjur kongkonan tukang pijete mlayu maring umaeh
Pak Warsono (43), sing dadi RT nang kono nglapuraken nek ana maling
mlebung umaeh.
Dasini (48), pembantune Bu Agus, sing agi nggawe es teh nggo anake Bu Agus
krungu Ibune ngorong-ngorong nyeluki dheweke, banjur marani. Weruh nang
njero umah ana wong wadon sing nyalawadi kuwe, banjur dheweke nyeluki wong
kantor sing gageyan metu lan nggrudug ming umaeh Bu Agus kuwe.
Pak RT, sing deceluki nang tukang pijet ya cepet-cepet ngundangi warga
nggo nggerebeg ming ngonoh. Lha, ngepasi pisan pas kuwe, PAk Agus nembe
bae bali. Pas arep markir mobil ning latar, dheweke weruh ana montor Mio
abang sing plat nomere R 6736 HF gole parkir nang latar ko maen temen,
ngalang-alangi mobile.
Tapi mbarang dedeleng, kayane Pak Agus kuwe paham nek montor kuwe montore
maling sing ndhisit tau ming umaeh, tapi ora kecekel, banjur mobil sengaja
depalangaken ning nburine montor supaya montore ora teyeng detokaken.
Warga sing teka bareng Pak RT banjur langsung nggembosi montore si maling
piru kuwe, terus nggrebeg maring njero ngumah.
Lha, rupane si maling kiye ora ngerti, nek dheweke wis degrebeg, mbarang
weruh ana wong akeh, dheweke niat mlayu metung lawang, tapi wis kadung
depalangi ning wong kantor. Ora teyeng obah maning, akhire kontak montor,
helm karo hape ne dejikot ning warga, terus degawa ming Polsek Purwokerto
Selatan.
Kanit Reskrim Polsek Purwokerto Selatan, AKP Gatot Heriyanto, pas nang
kantore ngomong, nek maling piru kuwe bangeting angel dekongkon
crita,malah muncu-muncu bae. Tapi sekang tato sing ana ning lengen kiwane,
keton nek jenengane Ela, soale ana tato sing tulisane Soni-Ela. Lha Soni
kuwe kayane ya bojone mbok.
Sekang maling piru kiye, pulisi nahan dompete sing isine duit ngasi sejuta  satus, karo hape sing degawa. Nek jarene Pak Gatot, si maling piru kiye  bakal dejiret nganggo Pasal 363 ayat (1) KUHP sing ngurusi soal colong  jukut. Siki si maling piru kuwe agi degawa ming Cilongok kanggo nidokaken  barang-barang kasil colongane ming pulisi. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment