Wednesday, May 30, 2012

Ngundhuh Mlinjo, Malah Mati Kebanting



PEKUNCEN-Sing jenengane lair, jodho karo mati kuwe pancen kersane Gusthi Allah, langka sing teyeng ngramal apamaning nyana. Nek Gusthi Allah wis karep nek uwong kon mati ya bisa nganggo jalaran apa bae, bener ora sedulur?
Kaya sing dealami Sudir (60), sing umaeh nang Desa Karangklesem Kecamatan Pekuncen kiye. Dina Selasa (29/5) wingi,  Sudir mati gara-gara siraeh kejebles watu bar tiba kang wit mlinjo pas agi bangeting ndhiker ngundhuh mlinjo ning kebon.
Dadi critane kaya kiye, dina kuwe, antarane jam setengah sewelas awan, Sudir pamit ming Saidah (40) bojone, nek dheweke arep ming kebone Titi Wasiati sing mung setengah kilo adohe sekang umaeh. Wong anu wis biasa pamitan kaya kuwe, Saidah ya ora ngrasa apa-apa, mung ngiyani bae.
Lha mbarang denteni ngasi awan, ko si Sudir kuwe ora gadhang bali. Si Saidah ya mandan ketar-ketir, wong pamite mung sedhela sih? Mandan ora kepenak atine, Saidah banjur nyusul maring kebone Titi kuwe, kepengen ngerti, jan-jane bojone kenngapa ko ora gadhang bali.
Pas gutul ning kebone Titi  kuwe, Saidah banjur langsung nggoleti bojone nang kebon sing akeh wit mlinjone. Barang wis gutul nang salah sijine wit mlinjo, Saidah meruhi dhewek nek bojone kuwe wis kemureb nang lemah.
Saidah gregah ngorong-ngorong sekuate, njaluk tulung ming wong sing ana nang perek kebon kuwe. Noveri (36), sing teka karo wong-wong liyane sing krungu Saidah ngorong-ngorong banjur mereki Saidah lan nulungi si Sudir.
Mbarang decelukaken dokter sekang Puskesmas Pekuncen lan depriksa, nembe konangan nek si Sudir kuwe jebul wis langka nyawane alias mati.Nek jarene dokter sing mriksa, kayane si Sudir kuwe mati merga tiba kang wit mlinjo, terus siraeh kejebles watu, soale nang siraeh Sudir kuwe kaya ana tatu bengep, kaya bar kegebuk barang kethul.
Kapolsek Pekuncen AKP Sus Irianto sing melu teka nang kono ya ngomong, nek sekang kasil priksan, ning awake Sudir langka tenger bekas tes degawe lara. "Kayane ya si Sudir kiye mati merga tiba kang wit sing dhuwure ngasi sepuluh meter kuwe," ujare Irianto.
Mbarang wis depriksa lan depasthekaken sing gawe matine Sudir, mayide banjur debalekaken maring kluargane nggo dekubur. Kuwe critane sedulur, mulane sing padha akeh sembahyang, tobat maring Gusthi Allah, soale dhewek ora bakal ngerti kapan lan kepriwe carane awake dhewek bakal mati. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment