Wednesday, May 16, 2012

Ngamplengi Bocah, Deukum 10 Wulan



PURWOKERTO-Ana paribasa sing ngomong “Anak Polah Bapa Kepradhah”, Lha kiye kayane sing kedadeyan maring Dedy Stanzah (35), sing umaeh nang  Desa Tunjung RT 002 RW 03 Kecamatan Jatilawang Banyumas. Gara-gara mbelanin anake sing kalah gelut, siki dheweke kudu mlebung bui sepuluh wulan.
Dadi kaya kiye critane sedulur. Tanggal 18 Juni 2011 kepungkur, anake si Dedy sing jenengane Tegar Ahmad Sulaiman sing esih limolas taun, nantang gelut batire sing jenengane Ido, sing padha padha umure limolas taun.
Nah, nang Alun-Alun Jatilawang, kira-kirane ya jam setengah wolu mbengi kuwe bocah loro akhire gelut, ambi detonton ning kancane Ido sing jenegane Sondy. Mbarang wis gelut, si Ido sing kayane luwih jago menang. Kerasa kalah, Tegar banjur bali lan wadul maring wong tuwane.
Bangeting kesuh merga anake kalah gelut, si Dedy sing ora trima banjur nggoleti bocah sing wis marakaken anake bonyok. Mbarang gutul alun-alun, Dedy kuwe weruh si Ido lagi mlaku bareng karo Sondy.
Dedy banjur mereki kuwe bocah loro kambi nggentak “Ndi sing jenenge Ido, ndi bocaeh”. Ora mawi takon maning, Dedy nyengkiwing krah klambine Ido karo mbitheni rai lan awake si Ido.
Weruh kancane debitheni, si Sondy kepengen mbelani, tapine ya wong kalah gedhe, si Sondy ya melu kenang sasaran, melu debitheni sisan ning si Dedy. Saking bangeting seru gole mbitheni, si Sondy ngasi tiba kemlekar ning lemah, raine ya bethem-bethem.
Lha, ora let suwe, si Ido nglapuraken kedadeyan kiye maring pulis, lan si Dedy banjur detangkep. Kuwe  mau critane sing ana nang sidhang, sedulur. Gara-gara mbitheni anake nguwong, si Dedy kiye deganjar ukuman sepuluh wulan sebabe nglanggar Pasal 80 ayat (1) UU No. 23/2002 soal perlindungan bocah.
Mulane, sing dadi bocah kuwe ya nek arep wani gelut, kudu wani kalah, aja wadulan ming ramane. Sing dadi rama ya kudune temuwa, aja kaya bocah cilik, mbitheni bocah sekepenake, ya akhire ngajog kaya si Dedy kuwe. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment