Sunday, October 21, 2012

Bali Nderes, Ketemu Mati Kendhang



KARANGLEWAS-Kiye critane ana wong nekad tapi sisan kenang apes sedulur. Kepriwe ora nekad jajal, wong genah udan bangeting deres, malah lunga nderes. Wis kaya kuwe, gole bali ndadak liwat brug sing kaline bangeting deres. Lha apese, pas agi deliwati, bruge malah longsor, ya wis, dadine kendhang, gawe geger wong sekampung.
Wong sing kendhang kiye jenegane Pandi Al Simin singumure telung puluh lima taun, lan umaeh neng Dusun Semaya RT 03 RW 06 Desa Sunyalangu Kecamatan Karanglewas. Si Pandi kiye gole lunga kawit esuk, tapine antarane jam lima sore dheweke kuwe niat bali, tur liwat Kali Arus sing ana neng Desa Semaya pas Jemuwah (19/10) wingenane.
Nek sekang werta sing detampa Harmas, sing menangi kedadeyan kendhange si Pandi kiye
jenengane Muhardi, sing kebeneran ya dadi Kadus neng kono. Nek ujare Muhardi, pas kuwe si Pandi kiye mlaku ngliwati brug neng Kali Arus lan keton nek agi bar bali sekang nderes aren. Pas gutul tengah-tengah brug, ijig-ijig brug sing gawene sekang beton kuwe ambruk. Ya si pandi kuwe langsung baen kendhang neng kali sing bangeting deres, lan akeh watune kuwe.
"Pas kuwe inyong weruh si pandi kuwe ana neng tengah brug, trus ijig-ijig bruge ambrol, nyong ya kaget, tapine ora teyeng ngapa-ngapa, wong kaline agi deres pisan,tur udane ya bangeting deres," ujare Muhardi. Dheweke banjur gageyan ngorong-ngorong njaluk tulung ming wong sing ana neng kono sing gageyan padha lapur maring tim penulung sing jenengane Tim Rescue Tagana.
Krungu ana lapuran sekang wong desa kono, akhire ana limolas wong sekang Rescue Tagana sing gageyan ngrewangi nggoleti si Pandi kiye. Wis, pokoke gole nggoleti gutu endi sing ora, ngasi ana limang kilo mengisor "Kiye nggone bahaya, akeh watune, tur deres pisan banyune, apamaning udane ya bangeting deres, dadi sing nggoleti ya kudu luwih ngati-ati," ujare Kepala Unit Rescue Tagana sing jenengane Heriana Adi Candra.
Heriana nambahi, brug beton kuwe ambruk kayane merga wis tuwa umure, apamaning kaline agi
bangeting deres, lha si Pandi kiye begitu tiba meng kali ya langsung kendhang. Wis, pokoke kabehan wong sing ana neng kono padha melu ngggoleti, tapine ngasi jam sanga mbengi urung gadhang ketemu. Akhire padha rembugan lan deptusaken nek ngesuk maning tembe mulai degolet.
Ngesuke, antarane jam setengah wolu isuk, si pandi kiye degoleti maning. Sing nggoleti debagi ngasi patang klompok, lan akhire si pandi kiye detemokaken antarane jam sanga isuk neng Depo Batu Desa Babakan Karanglewas, limolas kilo sekang nggon kendhange. Pas ketemu si Pandi kuwe ya wis langka ambegane, tur awake padha rakrak merga keantem watu sing ana neng kali kuwe. Bubar detemokaken, mayide si Pandi kiye gageyan degawa maring umaeh.

Pas gutul ngumah, bojone Pandi, sing jenengane Paryati nangis-nangis baen weruh bojone wis ora nana nyawane, lan malah ngasi klenger-klenger. Barang wis tekan umah, akhire mayide Pandi kiye degawa maring umaeh wong tuwane banjur desholati lan dekuburaken. Nek ujare Siwen, biyunge Pandi, sedurunge si Pandi kiye ketemu mati ora nana wilapat apa-apa. Kaya biasane baen, si Pandi kiye ya lunga ming sawah banjur nderes, tapine ora nyana malah ketemu wis mati kaya kiye.
Nek ujare Kapolsek Karanglewas AKP Dwi Budiyanto pas detemoni neng umaeh Siwen, mesthine kabehan sing padha luwih ngati-ati maning nek arep liwat brug, apamaning pas udan deres, soale gelem longsor sewayah-wayah. "Lewih apik nek ngenteni udane mandan suda, nek arep nderes apa bali nderes, soale brug gelem baen ambrol merga banyune kali sing banegting deres," ujare Pak Dwi.
Kuwe sedulur, siki wis mangsan udan, dadi nek arep padha lunga kuwe sing lewih ngati-ati, kudu teyeng ngira-ira kepriwe lan kapan arepe lunga. Nek udane deres aja detrabas baen, mbok malah kedadeyan kaya sing dealami Pandi kiye toli ngajog seumur-umur. (eww)

Easy Way to Download

Thursday, October 18, 2012

Esih Detambani neng RSJ, Malah Ketemu Wis Kendhat



KARANGLEWAS-Crita geger mower dina kiye jane anu melasi pisan sedulur. Anu ana wong esih detambani neng Rumah Sakit Jiwa (RSJ) merga bingung keliwat, ko isuk-isuk malah konangan wis mati kendhat neng wit klapa. Tapi ya arep kepriwe maning sedulur, kuwe kabehan wis garise sekang Gusthi Allah, dadi ya kango kluargane muga-muga sing padha kuwat lan tawakal.

Kiye kedadeyan temenan anane dina Kemis (18/10) wingenane. Dina kuwe ya esih Mandan esuk, wong esih jam setengah wolu, mangsane wong padha mangkat ngodhe, bocahan ya nembe padha mlebung sekolah. Lha, neng RT  05 RW 04 Desa Tamansari Kecamatan  Karanglewas isuk kuwe, ana wong sing jenengane Tarsam, umure patangpuluh telu taun, sing agi mangkat ming kebon klapa, niate arep nderes.

Lha si Tarsam kiye ya wong wis biasa nderes, ya ora bakal kepikiran apamaning ngimpi nek bakal menangi kedadeyan sing nggegirisi. Pas gutul kebon klapa, Tarsam kiye bangeting kaget ngasi njimprak, merga dheweke weruh ana wong nganggo kaos ijo lan clana sing padha baen ijone, keton cemanthel neng wit klapa, gulune dejiret tali lan kayane wis mati.

Saking keweden, si tarsam kiye banjur mlayu bangeting banter lan ngabari maring batire sing padha-padha tukang nderes, jenengane Tamsir, nggo nyritakaken apa sing nembe baen deweruhi neng kebon klapa mau. Wong loro kuwe banjur lapur maring desa, sing deterusaken maring Polsek Karanglewas.

Ora let suwe, Kapolsek kambi dokter kang Puskesmas Karanglewas, pulisi sing tukang mriksa sekang Unit Ident Polres Banyumas teka maring panggonan kuwe, lan mayide wong klambi ijo sing cemanthel kuwe deudhunaken. Barang depriksa temenanan, konangan nek kuwe jebulane mayide Agus Qaerul Anwar sing umurane nembe telu likur taun. Si Agus kiye umaeh neng Desa Kediri RT 01 RW 06 Karanglewas.

Nek sekang critane tanggane sing kenal Agus kuwe, si Agus pancen kayane anu bingung keliwat, lan esih detambani neng RSJ Banyumas. Sekang kasil priksaan pulisi lan dokter, si Agus kiye pancen matine ya merga kendhat kuwe, lan langka tatu liyane sing kayane degawe nguwong. Neng glulune Agus kiye keton ana tatu bekas jiretan kira-kira rongpuluh senti, mripate pucet, untune nyokot ilat lan sekang anune metu mani, sing pas banget kambi cirine wong nek tes kendhat.

Barang wis konangan pasthine kenangapa si Agus kiye mati, mayide si Agus banjur gageyan debalekaken maring kluargane kanggo dekuburaken. Kuwe sedulur, mbok melasi pisan, anu wong esih enom, lan esih detambani neng RSJ ko malah ketemune wis mati kendhat. Ya muga-muga baen kluargane kuwat lan ikhlas, nampani kedadeyan kiye dadi musibah. Inyong ora nana karep kanggo apa-apa, mung nulis apa sing kedadeyan baen, kon sing maca padha ngerti sedulur.

Kiye uga kena nggo pengalaman, nek ana sedulure dhewek sing pancen agi bingung keliwat, apamaning esih detambani neng RSJ, aja ngasi dejoraken dhewekan, luwih apik detunggoni, dadi ora kedadeyan kaya si Agus kiye. Muga-muga, si Agus kiye detulungi lan dengapurani neng Gusthi Allah, Amin. (eww)

Easy Way to Download

Monday, October 15, 2012

Nyalip Segelem-Gelem, Wong Loro Enggal Mati Tabrakan



BATURRADEN- Wis bola-bali deemutaken, sedulur kabeh gole nunggang tumpakan ora
montor oramobil kuwe sing ati-ati, aja segeleme dhewek. Masalaeh, siki kedadeyan cilaka
neng dalan kuwe tambah akeh pisan, lan gelem marakaken mati neng dalan. Nek wis
kedadeyan mati neng dalan apa ora ngajog jajal?
Kiye ana crita wong sing padha gole numpak montor coka segeleme dhewek, nyalip
segelem-gelem, ngasi malah tabrakan. Tesih untung ora padha mati, mung ya ngasi siki tetep
kudu nginep neng rumah sakit merga awake padha rakrak. Kedadeyan cilaka kiye anane
neng Jalan Raya Baturraden Desa Pandak dina Slasa (2/10) wingenane.
Dadi critane, dina kuwe antarane jam pitu esuk, wayaeh wong padha mangkat ngodhe lan
bocah ya padha mangkat sekolah. Sing jenengane dalan mesthi bangeting rame. Apamaning
dalan sing arah ming Baturraden, sing dalane akeh penggokane lan manjat temurun. Pas
kuwe, ana wong sing jenengane Tarsun (30), umaeh ya perek ngono, wong Desa Pandak
Baturraden, meruhi nek ana montor Honda Supra Fit sing nomer pulisine R 6191 SA, agi
laju bangeting banter sekang kidul, manjat ngalor. 
"Pas kuwe ya nyong weruh montor kuwe gole laju manjat banter pisan," ujare Tarsun. Lha,
pas gutul kono, montor sing detumpaki Sutanto, wong Desa Rempoah Kecamatan
Baturraden kuwe niate nyalip montor liyane sing ana neng ngarepe, sing padha-padha laju
ngalor.
Barang agi nyalip montor kuwe, Sutanto kiye ora weruh nek sekang lor ana montor Honda
Revo sing nomer pulisine R 3010 LS sing detumpaki neng Romy Tri Yulianto, sing umure
nembe limolas taun. Si Romy kiye umaeh neng Jalan Overste Isdiman Kecamatan
Purwokerto Timur
Sutanto sing wis kebanjur neng dalan sebelah tengen ya nggaragap, ora slirik nek sekang
ngarep ana montor maning, dadine langsung mak bres, tubrukan. Wong loro sing tabrakan
kuwe ya langsung padha mencelat tiba ngantem aspal. Awake padha rakrak, lan balunge ana
sing tugel. Weruh kedadeyan kaya kuwe, wong kono sing padha meruhi gageyan nggawa
wong loro kuwe maring Rumah Sakit Wijayakusuma Purwokerto, utawane rumah sakit tentara.
Nek ujare Kanit Laka Lantas Polres Banyumas Iptu Ruzi Gusman, sekang kasil priksaan
sekang panggonan kedadeyan cilaka kuwe, lan nek ngrungokaken critane seksi sing pas
nekseni kedadeyan kuwe, wis genah nek tabrakan kuwe merga montor sing sekang kidul sing
detumpaki Sutanto kuwe gole nyalip segelem-gelem, dadi ora slirik nek sekang ngarepe ana
montor liyane.
"Nek sekang critane seksi, kuwe si Sutanto kayane gole nyalip segelem-gelem, padahal dalane
manjat temurun, dadi cokan ora keton ngarepe," ujare Pak Ruzi. Kuwe sedulur, mulane gole
padha nunggan montor kuwe sing padha ngati-ati ya, aja gemagusan, apamaning nyalip
segelem-gelem. Dadine nek wis kedadeyan kaya kiye kepriwe jajal, sapa sing ngajog, mbok
awake dhewek? (eww)

Easy Way to Download

Golet Kerang, Buruh Kodhen Mati Ketilem



CILACAP-Nek krasa awake agi ora sehat kuwe aja cokan nekad dolan adoh-adoh, lan aja
perek-perek kang sing jenengane banyu utawane geni. Nek depeksa baen, teyeng kedadeyan
kaya sing dealami buruh kodhen sing siji kiye. Merga kekeselen, tur ndean pancen agi ora
sehat, dheweke malah mati ketilem pas agi golet kerang bareng kambi kanca-kancane.
Kedadeyane pas dina Slasa (2/10) wingenane, antarane jam siji awan. Pas kuwe, ana buruh
kodhen sing jenengane Turisno, umure nembe sangalas taun. Si Sutrisno kiye pas dina kuwe
antarane jam sewelas awan, lunga kambi kancane ana wong papat sekang umaeh neng Jalan
Gatot Subroto RT 29 RW 01 Desa Kroya Kecamatan Kroya Kabupaten Cilacap, niate arep
golet kerang maring Kali Serayu.
Nah, pas gutul neng Kali Serayu sing melu Dusun Karanganyar RT 03 RW 10 Desa Karang
Tengah Kecamatan Sampang Kabupaten Cilacap, Si Turisno kambi Joko, Yono, lan Sardi,
gageyan nyemplung ming kali. Nah, bocah siji sing jenengane Seli, merga umure nembe 12
taun, ora melu nyemplung, lan nunggoni neng pinggir kali.
Barang wis ana rong jam gole nyilem golet kerang, kuwe wong papat ya niate arep ngaso lan
padha nglangi minggir. Tapine, pas agi nglangi minggir kuwe, si Turisno wis ora kuat, lan
kekeselen, mbuh kepriwe, dasare awake mandan ora penak mbok. Saking kesele, si Turisno
kiye malah ketilem neng kali.
Lha weruh batire ketilem lan njaluk tulung, si Joko, sing paling tuwa neng kono, merga umure
telung puluh telu taun, njajal nulungi, kambi nyaut tangane Turisno kiye. Tapine, merga
padha-padha kesele, kiye wong loro malah sempet ketilem bareng. Untunge, si Joko kiye ya
akhire teyengnglangi gutul pinggir kali, tapine si Turisno kiye wis ilang ketilem.
Wis, weruh nek si Turisno ora keton maning, batire sing papat kiye padha gothak, lan
gageyan njaluk tulung maring wong sing padha golet pasir neng kono kon padha melu nggoleti
Turisno. Barang degoleti ana sejam, akhire antarane jam loro awan, Turisno kiye ketemu
neng dhasar kali sing jeroen ana limolas meter,lan wis langka ambegane.
Barang wis detemokaken, mayide Turisno banjur degawa ming pinggir kali lan delapuraken
maring perangkat desa uga maring polsek Sampang. Barang pulisi lan dokter wis teka,
mayide Turisno kiye banjur degawa maring Puskesmas Sampang nggo depriksa, lan sekang
kasil priksaane pulisi lan dokter, Turisno kiye matine ya merga ketilem kuwe, lan langka
bekas tatu sing degawe nguwong.
Sawise depriksa, mayide Turisno kiye banjur debalekakaen maring kluargane kanggo

dekuburaken. Kuwe contone wong nek wis krasa awake ora kepenak aja cokan nekad, nek

ora kedadeyane bakal kaya si Turisno kiye. Niate arep golet kerang, malah sidane mati

ketilem neng kali, melasi pisan. (eww/mg05)    

Easy Way to Download

Tuesday, October 2, 2012

Sembayang Dhuhur Neng Mesjid, Montor Seisine Deusung Gentho



PURWOKERTO-Sing jenengane wong nek arep niat jahat kuwe pancen wis ora bakal
mandheng panggonan, wayah apamaning kemutan dosa. Pegawean sing delakoni wong jahat
kuwe gelem kedadeyan neng endi baen, kaya kedadeyan sing siji kiye, ana gentho sing jan ora
memper pisan, gelem nyolong montor seisine neng parkiran mesjid, mbok bangeting ora
patut?
Dadi kedadeyan kiye dealami neng Muhammad Kadikin, sing umure nembe nembelas taun.
Dheweke kuwe agi ming Purwokerto niate arep dodolan roti bronis sekangumaeh neng Desa
Limbangan RT 01 RW 07 Kecamatan Ulujami Pemalang. Nah, si Kadikin kiye ya wis biasa
mubeng-mubeng dodolan roti bronis kiye nganggomontor, kambi nyangking krombong neng
montore, nggo wadhah roti bronis dodolane.
Dina Senen tanggal siji wingenane, si Kadikin kiye ya kaya biasa agep dodolan roti bronis lan
arep dejujugaken maring toko-toko sing ana neng Purwokerto. Antarane jam rolas awan,
dheweke koh kemutan nek urung sembayang dhuhur. Wong biasa anu mandan disiplin gole
sembayang, si Kadikin kiye akhire gageyan golet mesjid seketemune.
Pas weruh ana mesjid Darussalam sing ana neng daerah Kelurahan Purwanegara RT 02 RW
01 Kecamatan Purwokerto Utara, Kadikin kiye wis ora kesuwen mikir maning, langsung
baen kuwe montor sing nggawa krombong isi roti deleokaken maring parkiran mesjid. Merga
krasa wis mandan kawanen, Kadikin ya gageyan menculat sekang montor lan golet nggon
wudhu banjur sembayang.
Rupane, saking kedagar-dagare si Kadikin arepan sembayang, dheweke kuwe kelalen nek
kontake montor esih cemanthel neng montore. Dheweke ya ora slirik nek neng mesjid kono
uwe ya mandan sepi, langka wong sing njagani parkiran. Wis, si Kadikin kiye banjur
sembayang ngasi ana ndean sepuluh menitan.
Wong jenengane sembayang ya mesthine khusuk, ora ngrungokaekn apa-apa sekang njaba,
bener mbok? Lha barang eis rampung gole sembayang, si Kadikin kiye ya arep dodolan roti
maning. Tapine gole njimprak bangeting kaget, barang Kadikin gutul nggon parkiran montor,
jebule montore sing decantholi krombong singisine ana rongpuluh toples roti bronis wis ora
nana maning neng kono.
Wis, bingung keliwat, si Kadikin kiye njajal nggoletimontore lan takon-takon maring wong
sing ana neng pipir mesjid, tapine jebul langka sing meruhi montore. Ora ngerti arep kepriwe
maning, akhire si Kadikin kiye ya nglapuraken kedadeyan kiye maring Sentra Pelayanan
Kepolisian Terpadu (SPKT) Polres Banyumas.
Nek miturute Kadikin sing lapur maring pulisi, montore kuwe anu merek Honda  Supra Fit
taun 2005, sing plat nomere G 6701 QD. Seliyane montor, krombonge ya ana isine roti
bronis rongpuluh toples, sing regane limolas ewuan. Dadi, nek dejumlah kabeahn, si Kadikin
kiye nandhang rugi ana ngasi nem juta limangatus.
Kuwe sedulur, montor deparkir neng ngarepmesjid baen esih gelem deusung gentho. Kuwe
mbuh genthone sing ora duwe utek apa pancen merga si Kadikin kiye kelalen ora nggawa
kuncine, dadi esih cemanthel baen neng montor. Sing mesthi, kuwe contone nek wong arep
jahat kuwe ora gadhang ndeleng panggonan, neng endi baen teyeng, mulane sing padha luwih
slirik maning nek arep ninggal barang, depasthekaken dhisit, aman apa ora, kon ora ngajog
kaya sing dealami neng Kadikin kiye. (eww)

Easy Way to Download