Tuesday, May 29, 2012

Ora Gelem Ngalah Nang Prapatan, Mobil Karo Motor Tubrukan



PURWOKERTO-Sedulur, sing jenengane prapatan kuwe ya mesthine nggone wong sing
padha numpak mobil karo motor padha gathuk, mulane ana lampu bangjo sing cokan
desogaken ning pinggire prapatan, kon ora padha tubrukan, bener mbok sedulur?
Lha nek sing padha arep liwat ning prapatan kuwe ora padha gelem ngalah lan nuruti
lampu bangjo, ya sing kedeyan tabrakan, kaya crita sing siji kiye. Mobil karo montor
padha tubrukan nang prapatan mung gara-gara ora padha gelem ngalah lan ngemataken
lampu bangjo.
Dadi kaya kiye critane sedulur, dina Senen (28/5) tengah wengi, antarane jam loro isuk
nang prapatan Srimaya, Jalan Jalan Jend Sudirman Kecamatan Purwokerto Timur. Pas
kuwe, dalane ya wis mandan sepi, wis arang pisan ana tumpakan liwat nang prapatan, lan
lampu bangjone murube mung kari leb-leb kuning, tandane kon padha ngati-ati.
Basirun (37), seksi sing umaeh nang Purwokerto Lor ndilalah ya agi nang kono. Nah, pas
kuwe ana mobil Kijang Innova sing nomer pulisine H 8953 EB agi mlayu kang kulon.
Mobil sing desupiri Nasun (45), sing umaeh nang Kutabanjar Banjarnegara kuwe lajune
banter pisan, merga wis krasa sepi ndean.
Lha pas gutul prapatan Srimaya kuwe, sekang Kidul ana pit montor motor sing nomer
pulisine R 4013 JC detumpaki ning Herwanto (40), sing umaeh nang Kelurahan Teluk
Purwokerto Selatan. "Pas gutul prapatan, lorone ora padha gelem ngalah, wong pas arep
gutul prapatan ya padha ora ngerem, malah ngegas baen," ujare Basirun.
Nah, merga padha baen bantere, tur padha baen ora gelem ngelahe, akhire mak bres,
mobil karo pit montor kuwe banjur tabrakan. Gara-gara tabrakan kuwe, si Herwanto sing
numpak pit montor langsung kontal ngantem aspal. Sirah karo awake pada rakrak,
kemlocor getih kang endi sing ora.
Kon ora tambah parah, Herwanto banjur langsung degawa ming Rumah Sakit Orthopaedi
Sokaraja, lan mobil karomontore langsung deamanaken ning Kantor Satlantas Polres
Banyumas.
Kasat Lantas Polres Banyumas AKP Chalid Mawardi liwat Kanit Laka Lantas Iptu Ruzi
Gusman ya negmutaken maning aring wong sing padha numpak montor utawane mobil,
kon padha sing aso gole numpaki tumpakane. "Apa angele sih, ngenteni pirang detik saat
pas agi nang prapatan, apa mbok ya padha ngerem, apamaning nek lampu bangjone wis
kari leb-leb kuning, kuwe tandane justru kudu luwih ngati-ati" ujare Pak Ruzi.
Nah, kuwe sedulur, padha de emut-emut apa sing wis deomongaken ning Pak Ruzi, sing
padha aso nek agi nang dalan, aja kemrungsung, nek kedadeyane kaya kue mau, apa ora
padha ngajog? Ayo bareng-bareng ngati-ati, kon ora nana maning nyawa sia-sia merga
tabrakan ning dalan, bener ora sedulur? (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment