Tuesday, May 1, 2012

Ngendhong Nganti Keturon, Montor Ora Tumon

PURWOKERTO-Sedulur, nek agi ngendhong nggone batire, apamaning nggawa montor, aja ngasi ndhiker gole kandhaan, apamaning merga bangeting luget gole kandhaan, ngasi keturon, bisa-bisa pas agep bali montore wis ora tumon. Kaya kedadeyan sing dealami ning Caswanto (20), sing umaeh nang Desa Pernasidi RT 05 RW 01 Cilongok Banyumas kiye. Critane kaya kiye, dina Minggu tanggal 29 April wingi, antarane jam sepuluh wengi dheweke ngendhong ming kos kosane batire sing jenengane Budi ning aring Kelurahan Sokanegara, Purwokerto Timur. Lha, si Caswanto kiye numpak montor Supra sing nomer pulisine R 3989 KD. Mbarang gutul nggone Budi, kuwe montor mung debrukaken ning aring latar kos- kosan, ora mawi dekunci setang. Banjur kiye wong loro saking bangeting luget gole kandhaan, ngasi keturon ning njero kamar kos. Ngesuk-esuke, pas arep bali, antarane ya jam wolu esuk lah, si Caswanto bingung nggoleti montore sing debrukaken ning latar, lantaran wis ora tumon. Saking bingunge, si Caswanto banjur nglapuraken kedadeyan kiye maring kantor Polsek Purwokerto Timur. Merga kedadeyan kuwe, si Caswanto dadi kerugen ngasi limang juta tur dadi kangelan gole arep ngode, soale kuwe motor ya biasa nggo pranti ngode sih. Mulane sedulur, aja gemampang gole ngebrukaken montor, apamaning ora dekunci setang. Wong sing dekunci setang baen esih cokan teyeng deburak ning maling koh, sing padha ngati ati goole ngesog montor, aja nganti ngajog kaya si Caswanto kiye. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment