Monday, May 21, 2012

Mlaku Kenengahen, Kaki-Kaki Mati Ketabrak Montor



SUMPIUH-Sedulur, wis bola-bali diomongi mbok, nek agi padha nang dalan kuwe sing padha
ngati-ati. Akeh pisan kedadeyan cilaka ning dalan merga ora ngati-ati, mbuh sing padha
numpak montor apa sing agi mlaku. Nah, crita sing siji kiye nggo ngemutaken sedulur kabeh
kon padha ngati-ati nangdalan, kon ora kedadeyan kaya kiye.
Dadi critane kaya kiye sedulur, Dina Sebtu (19/5) kuwe, antarane jam setengah wolu mbengi,
kaki Sanmardi (67), sing umaeh nang Desa Banjarpanepen RT 02 RW 04 Kecamatan
Sumpiuh Kabupaten Banyumas agimlaku ning dalan perek ngumaeh.
Lha si kaki Sanmardi kuwe, gole mlaku ya kayane kenengahen maring dalan. Lha pas kuwe,
sekang lor, ana montor nomer pulisine R 6086 DH sing agi detumpaki ning Kaslam (27),
mlaku ya ora patia banter, antarane 40 km sejam.
Tapine ya kayane si Kaslam kiye gole numpak montor masia alon tapi mandan ndelenger, dadi
ora weruh nek nang ngarepane agi ana kaki Sanmardi sing mlakune mandan kenengahen.
Merga wis perek, si Kaslam nggragap, weruh ana kaki-kaki mlaku ning tengah dalan, ya mak
bres, ditabrak baen.
Jenengane baen kaki-kaki, detabrak montor ya langsung njempalik, tiba ming aspal. Kayane ya
siraeh ngantem aspal dhisit, soale sempat mutah-mutah, trus semaput bubar detabrak. Wong
sing padha weruh kedadeyan kuwe banjur gageyan nggawa kaki Sanmardi maring Rumah Sakit
PKU Gombong.
Tapi, ya kayane merga tatune wis parah, si kaki Sanmardi kuwe banjur ninggal ning rumah
sakit ora suwe bar ketabrak kuwe. Nah, sedulur kabeh, kuwe contone nek ora padha ngati-ati
ning dalan. Sing mlaku ya kenengahen, sing numpak montor ndlenger, dadine cilaka.
Kanggo sedulur kabeh sing maca crita kiye, kena nggo pengalaman, sing padha ngati-ati gole
mlaku apa numpak montor nang dalan. Dhewek wis ngati-ati ya ana bae wong liya sing ora
ngati-ati, dadine ya aja padha kelalen ndonga sedurunge mlaku utawa numpak montor nang
dalan, kon ora cilaka kaya kaki Sanmardi kiye. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment