Sunday, May 13, 2012

Njambret Tas Merk Maen, Deancam Pitung Taun Nang Mbuen



PURWOKERTO-Sedulur kabeh, aja ngasi duwe niatan ora apik maring wong liya, mbuh apa bae wujude. Gusthi Allah mesthi ngerti nek ana wong sing niat ora apik, dadi mesthi bakal dewales. Aja nganti kedadeyan kaya sing dealami si Wasis Pamuji kiye.
Dadi kaya kiye critane, si Wasis (20), sing umaeh ning aring RT 01 RW 03 Kelurahan Purwokerto Kulon, Kecamatan Purwokerto Selatan Banyumas kiye, pas dina Jemuwah tanggal 24 Februari kuwe antarane ya jam papat sorean dejaki kancane njambret.
Sore kuwe, si Wasis olih sms kang kancane sing jenengane Kusriyanto alias Kantong, sing munine kaya kiye "posisi nang endi kang, ayuh njambret". Lha weruh sms kuwe, si Wasis sing dasare wis duwe niat ya mangsuli " yuh njambret, aku nang omah". 
Lha kira-kira arep maghrib, si Kantong kuwe teka maring umaeh si Wasis. Mbarang wis rampung gole kandahaan, antarane jam setengah wolu wengi, kuwe wong loro numpak montor boncengan golet mangsa. Kiye wong loro gole mubeng wis tekan ngendi-ngendi ora, malah sempet mlebu maring daerah stadion mini mbarang, tapi kayane ora nemu mangsa sing arep dejambret.
 Lha pas gutul nang Prapatan Karang Pucung, Kecamatan Purwokerto Selatan, si Kantong weruh ana wong ayu sing jenengane Eka Rizqika agi padha-padha numpak montore.Sing ndadekaken si Kantong mandan mlolo mripate, si Eka kuwe ning pundhake sebelah kiwe nyangklong tas sing kayane ya anu merk larang, soale warnane jan mencorong pisan, oranye ana kombinasi ireng karo wungune, ana tulisan PRADA, mbok kuwe tas maen pisan?
Si Kantong banjur misiki si Wasis, nek nang ngarepane ana mangsa. Si Kantong nglakokaken
montore mandan banter, njejeri Eka. Barang wis ning jejere, Si Wasis banjur tangane ngranggeh
maring tas sing degawa Eka. Ngerti tase deranggeh nguwong, Eka gole nyekeli tase bangeting
kenceng.
Tapine ya sing arane wong wasdon ya mesthi kalah kuat. Sidane tas kuwe teyeng dejikot ning Wasis, banjur kuwe wong loro langsung nglajokaken montore bangeting banter maring arah Grumbul Bersoleh. Krasa ora terima, si Eka banjur ngetutaken montore wong loro kuwe karo ngorong-ngorong "Jambret...jambret.."
Sing arane wong niat ora apik, mesthi dewales ning Gusthi Allah, eh, ndilalah, pas gutul penggokan nang Grumbul Bersoleh kuwe, montor sing detumpaki Wasis karo Kantong guling. Wasis tiba ora etung, tapi si Kantong teyeng ngadeg maning, trus mlayu seporete nunggang montor.

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment