Sunday, May 6, 2012

Bingung Keliwat, Mati Kendhat

BANYUMAS-Sing jenengane wong agi bingung kuwe kudune ya mandan mereki maring sing kuasa, bener ora sedulur? Aja kaya si Siswoyo (37) kiye, bocah enom sing umaeh nang RT 1 RW 3 Desa Karangkemojing, Kecamatan Gumelar. Bingung keliwat ko malahan milih mati kendhat, jan ora memper pisan. Ceritane kaya kiye sedulur, si Siswoyo kiye ya mbuh kenangapa wis ana telung taun kiye ujare biyunge sing jenengane Suliyah (50), polahe jan nyalawadi pisan. Nek wengi cokan ora teyeng turu, cokan kaya wong keweden, tur nek demat-mataken, bola-bali cokan ngalamun dhewek. Nek ceritane Siswoyo maring biyunge, dheweke kaya krungu ana sing misiki mbuh kang endi. Saking bingung keliwat kuwe, akhire dina Minggu (6/5) wingi, antarane jam nenem isuk Siswoyo kewenangan ning biyunge wis mati kendhat. Isuk kuwe, Suliyah ya kaya biasane nggugahi Siswoyo. Biasane deceluki bae wis tangi, eh kiye wis bola-bali biyunge ngorong-ngorong ora nyauti. Suliyah banjur mbukak lawang kamare si Siswoyo. Suliyah bangeting kaget, mbarang mbukak lawang ko dheweke nekseni Siswoyo wis cemanthel kendhat ning saka kamar nganggo slendhang ijo. Weruh kedadeyan kuwe, Suliyah banjur ngorong-ngorong ora kuwat, ambi nangis seporete. Tangga-tanggane sing krungu Suliyah ngorong-ngorong banjur merek, tapi wong anu si Siswoyo ya kayane wis langka nyawane, banjur ngundang Karsono, petugas trantib sekang Kecamatan Gumelar. “Wingi sore Siswoyo kuwe esih biasa bae, malah esih keton makani ayam ning latare kaya biasane, wongamben isuk karo sore makani ayam, eh lha kiye malah isuk-isuk wis konangan kendhat,” ujare Karsono nirokaken omongane Suliyah. Ora wani nandhangi dhewekan, Karsono banjur nyeluki pulisi sekang Polsek Gumelar, sing teka maring lokasi kedadyean kuwe bareng karo wong sekang puskesmas ora suwe sekang kedadeyan. Pulisi banjur njaluki cerita sekang seksi sing meruhi kedadeyan kuwe lan niliki si Siswoyo. Nek sekang ceritane petugas sing mriksa, si Siswoyo kuwe matine ya mesthi merga kendhat, soale ning awake ya ora nana sing tatu. Lurah Karangkemojing, sing melu takziah ning umaeh Suliyah ya cerita, nek Siswoyo kuwe pancen wis ana telung taun kiye kaya wong bingung keliwat. Senengane njagong dhewekan, toli cokan keweden langka sebabe. Mbarang wis depriksa ning pulisi, mayide Siswoyo banjur debalekaken maring keluargane nggo dekubur sepatute. Jan, ora memper temen mbok sedulur, bingung ya bingung, ning aja ngasi keliwat, apamaning ngasi kendhat kaya sing dealami ning Siswoyo kiye. Sing akeh gole ndonga, tawakal ming Gusthi Allah, kabeh ana dalane, aja nganggo dalane dhewek, apamaning ngasi kendhat, wis delarang ning agama, gawe geger lan isin keluargane, setuju mbok sedulur? (eww/amn)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment