Monday, April 30, 2012

Kaki-Kaki Mati Nang Pinggir Kali

JATILAWANG, BANYUMAS-Jan, sing arane lair, jodho karo pathi kuwe langka sing bisa nengeri, ya mung Gusthi Allah sing wis netepaken. Kaya sing dealami Majunus, kaki-kaki sing wis umur 95 taun, sing wis kari ngitung dina, eh, ora denyana nek pathine bakal kedaden nang pinggir kali. Dadi ceritane kaya kiye, dina Minggu tanggal 29 April wingenane, antarane jam sepuluh isuk, seksi jenengane Sikum (37), sing umaeh nang Desa Tunjung RT 05 RW 01 Kecamatan Jatilawang Banyumas mancing nang pinggir kali Tajum, sing lokasine ya ora adoh kang umaeh. Agi bangeting ndhiker gole mancing, si Sikum kiye nyawang kang kadohan, kaya ana wong agi turon ngathang-ngathang ning pinggir kali. Mandan kepengen ngerti, Sikun banjur mereki wong kuwe. Mbarang depereki, deceluki ko ora nana wangsulane, Sikum mandan keweden, banjur tilpun maring Jasum (40), sing gageyan ngundang pulisi maring lokasi. Kaplsek Jatilawang AKP Turijandi sing dekabari ana kedadeyan kuwe banjur gageyan marani lokasi bareng karo Kanit Reskrim lan anggotane, banjur nggawa mayide kaki Majunus maring Puskesmas Jatilawang. Mbarang depriksa nang kana, konangan nek kaki majunus kuwe mati nang pinggir kali kayane ya kenang jantung, mergane ora nana tatu nang awake. Anake kaki Majunus sing jenengane Ruminah, kambi nangis sesenggukan nyritakaken nek ramane kuwe pancen sering lunga ora pamitan, mergane wis bangeting tuwa. Ramane cokan kelalen arep lunga maring endi, apamaning koh pamitan, ya wis mesthi kelalen, tapi jan ora nyana nek bakal ketemu nang pingir kali lan wis mati. (eww)

Easy Way to Download

Wednesday, April 25, 2012

Ngebut Ngancab Wit, Nginep Nang Rumah Sakit

AJIBARANG, BANYUMAS- Gole ngebut nunggang motor padha sing eling sedulur, aja waton ngebut, apamaning nekad, nek ora kebeneran bisa kesasar maring rumah sakit. Kaya sing dealami Ahmad Johari Setiawan (46), sing umaeh nang Desa Cilongok RT RW 4, Kecamatan Cilongok kiye. Dheweke bungsut gara-gara ngebut numpak motor, tapi ora eling. Sidane motore ngancab wit ning ngarep UPK Ajibarang. Gandheng awake padha rakrak ngantem aspal, sikil lan tangane padha lecet, siraeh bengeb gara-gara kecelakaan kuwe. Dheweke banjur degawa ming RSUD Ajibarang Rebo (25/4) wingenane. Kedadeyane kaya kiye, antarane jam setengah wolu isuk, mangsane wong padha mangkat ngode, si Ahmad kiye ngebut numpak motor sekang arah Tegal. Lha, pas nang nggon kedadean kuwe, dheweke ndadak senggolan karo motor liyane. Motore gleyar-gleyor ora teyeng desupiri, banjur bres ngancab wit nang pinggir dalan kuwe. Mame Suyatno (32) sing umaeh nang Ciberung Ajibarang, sing nekseni kedadean kuwe cerita, nek pas dheweke nang kono, meruhi si Ahmda kuwe wis gemlethak ning pinggir wit ambi ngorong-ngorong kelaranen. Helm karo motore ringsek, nang wit kuwe uga keton banget ana bekase bar diancab motor. "Kayane sedurunge ngancab wit, motore kuwe gleyar-gleyor dhisit gara-gara senggolan karo motor liyane," jare Mame. Nek ujare Yosep (55), sing padha-padha nyekseni, si Ahmad senggolan karo motor liya mergane dalane nikung, tur dalane agi bangeting rame, soale jam kuwe jame wong padha mangkat ngode. "Seweruhe aku ya kayane ana motor siji maning seliyane si Ahmad kuwe, tapi ora genah sapa sing numpaki, soale bubar senggolan langsung mlayu,” ujare Yosep. Pulisi nganti siki esih nyelidiki kedadeyan kiye. Si Ahmad esih kudu derumat ning Rumah Sakit Ajibarang, lan motore sing ringsek kuwe esih nang Polsek Ajibarang. Kanit Laka LAntas Polres Banyumas, Iptu Ruzi Gusman mung aweh pesen, gole numpak motor aja ngebut-ngebut, apamanining nek dalan agi rame, sing padha aso bae, men ora cilaka kaya si Ahmad kiye. (eww)

Easy Way to Download

Tuesday, April 24, 2012

Boncengan Tril, Mati Ketabrak Box

SOKARAJA, BANYUMAS-Numpak montor nang dalan kuwe sing ati-ati sedulur, soale siki akeh wong sing mati konyol nang dalan mung gara-gara ora ngati-ati gole numpak montor. Kaya kedadean Senen wingi kiye sedulur, ana bocah loro mati konyol mergane ora ngati-ati pas numpak motor. Dadi ceritane kaya kiye. Antarane jam siji awan dina senen (23/4), ana bocah loro sing jenengane Restu Purwoko Adi (20), karo M Rian Miftah Ramadhan (13), lorone warga RT 03 RW 02 Sokaraja Tengah Kecamatan Sokaraja Banyumas agi boncengan montor tril nang dalan Purwokerto-Purbalingga, persise seket meter wetane pom bensin Klahang Sokaraja. Dina kuwe, hawane jan lagi semelet pisan, tur dalane ya lagi ora rame banget. Lha bocah loro kiye gole boncengan montor ya ora patia banter, antarane 50-60 km per jam sekang arah Purbalingga. Nah, pas gutul nang nggon kedadean kuwe, bocah loro mau agep nyalip mobil. Pas agep nyalip, ndilalah montore kuwe bocah ya ndadak gleyar-gleyor nengen. Sekang arah Purwokerto, ijig-ijig ana mobil box sing plat nomere nganti siki ora kewenangan ya agi mlayu ming arah Purbalingga. Gandheng wis kepereken, ora nan sing teyeng ngindhar, trus mak bres, lorone tabrakan jan adu arep. montor tril sing detumpaki bocah sekloron kuwe kepental, bocahe tiba, sirahe langsung ngantem aspal. Wong-wong sing padha nyekseni kedadean kuwe gageyan nulungi, tapi gara-gara sirahe luka parah, akhire bocah lor kuwe ninggal ning lokasi. Jare Kasat Lantas Polres Banyumas, AKP Chalid Mawardi SH, kedadean kuwe gara-garane bocah loro kuwe ora ngati-ati pas agep nyalip mobil nang ngarepe. Chalid nambahi, kanggo masyarakat kabeh, nek nang dalan agi numpak motor sing padha ngati-ati. Nek agep nyalip ya kudu dedeleng dhisit, kra-kirane aman apa ora. Aja keburu napsu kepengen cepet gutul, tapi akhire kudu mati konyol nang dalan. (eww)

Easy Way to Download

Monday, April 23, 2012

Njambret Kalung Nggo Tuku Motor Karo Tivi

PURWOKERTO-Bocah enom saiki kelakuane jan pancen wis padha kebangeten. Mung kepengen duwe motor karo tivi bae, ndadakan njambret nini-nini, karo apen-apen takon alamat. Wis pokoke ora patut pisan. Dadi ceritane kaya kiye, dina Jemuwah tanggal nenem April, Nini Narsem (64), warga Desa Tunjung RT 02 RW 02 Jatilawang Banyumas, agi bae bali kang sawaeh, mlaku mlipir ning dalan raya desa Jatilawang, kira-kira jam setengah loro awan. Lha kiye bocah loro sing jenengane Oki Pribadi (20), numpak motor boncengan karo Catur Supriyono (19), bocah loro kuwe banjur mereki Nini Narsem, apen-apene arep takon alamat. Nembe bae arep dewangsuli, Oki sing mbonceng ijig-ijig ngranggeh kalung sing nglower ning gulune Nini Narsem, banjur langsung mlayu ngebut ming arah Purwokerto. Barang wis gutul Purwokerto, kalunge si Nini sing bobote nganti 30,3 gram kuwe banjur dedol ning Catur, olih dhuwit pitung juta, terusan debagi loro karo Oki. Si Catur olih telung juta, detukokna tivi selikur inchi. Si Oki, debageni patang juta banjur detukokna motor. Nah, dina Minggu wingi, si Oki sing pancen wis bola-bali njambret kuwe teyeng decekel ning petugas Polres Banyumas, sing wis suwe ngembangaken kasus jambret kiye. Maring pulisi, si Oki ngaku wis pindo njambret kaya kiye, ming urung tau kecekel. Kasubbag Humas Polres Banyumas, AKP Joko Witarso pas detemoni wingi ning kantore ya ngomong nek si Oki kiye pancen wis suwe dadi inceran pulisi, dadi siki esih deselidiki, mbokmenawane ana jaringane sing bisa decekel ngesuk-ngesuk. (eww)

Easy Way to Download

Thursday, April 19, 2012

Bali Adol Gula, Umahe Kasirun Rubuh

BANYUMAS- Kasirun (49), tukang deres gula sing umaeh nang Grumbul Sawangan RT 03 RW 06 Desa Semedo ming bisa njagong nglegeg, nalika weruh umaeh sing wis denggoni puluhan tahun bareng anak bojone ambruk pas dina Kemis (19/4) esuk. Dheweke sing nembe bae bali sekang adol gula deresane ora tau nyana nek bakal kedadean kaya kuwe. Miturut critane anak mbarepe Kasirun sing jenengane Herman (27) sing saben dinane nang umah kuwe merga sikile lumpuh, kedadeane kira-kira jam sepuluh esuk. Pas kuwe, dheweke agi nang njero ngumah, eh, ijig-ijig ana suara pating kratak. Merga keweden, dheweke banjur ngorong-orong nyeluki ramane sing nembe bae bali kang pasar bar adol gula. Krungu anake gemboran, Kasirun banjur marani Herman terus niliki, eh, jebul ana saka umaeh sing geser. Gagean si Kasirun ming mburi golet pring nggo nyagaki ben ora rubuh. "Inyong durung gutul njero ngumah maning, umaeh wis ora kuat dadine ambruk. Tujune si Hermanwis nang mburi umah karo ndeprok ning ngisor meja, dai ora kambrukan,” ujare si Kasirun. Ora mung Herman, jebule Samiyah (45), bojone Kasirun lan anake sing jenengane Devi Apita (16) uga teyeng metu sekang umah sedurunge ambruk. Nek desawang, umaeh Kasirun kuwe saiki jan temenan rata karo lemah, dadi barang-barang sing nang njero wis ora teyeng degawani metu maning, padha rusak kambrukan umah. Nek detaksir, kira-kira si Kasirun kuwe gole nelangsa ya ana barang telung puluh jutaan mbok sing ora bisa kanggo maning. "Inyong gole umpetan ning ngisor meja kuwe persis kaya sing tau detontonaken ning tivi upamane ana lindhu kae,” ujare si Herman. Tangga-tanggane Kasirun gagean merek ming umaeh, niate arep ngrewangi ngresiki umah, tapi gara-gara esih ana kabel listrik nglower, dadi ora teyeng. Mbarang ana petugas sekang PLN teka banjur medhot kabel listrik nembe teyeng diresiki bareng-bareng karo bapak tentara sekang Koramil Pekuncen. "Musabab ambruke umah nganti siki esih diselidiki, tapi ya kayane gara-gara umaeh wis tuwa, dadine ora kuat nyangga,” ujare Mahmud, salah siji tentara sing melu ngrewangi ngresiki umah. Gara-gara umaeh ambruk kuwe, Kasirun siki kudu ngungsi maring umaeh tanggane. Karo ngarepaken mbok ana wong sing gelem ngrewangi aweh bantuan nggo ngedhegna maning umaeh. Mergane dheweke mben dinane mung nderes gula, kasile mung semendhing. (eww/amn-01)

Easy Way to Download

Wednesday, April 18, 2012

Pengadilan Kebek Bandar Togel

PURWOKERTO-Sing jenengane togel, kayane pancen angel pisan gole mbrantas sedulur. Akeh sing wis de ukum, tapi jebulane sing nembe arep de sidhang esih luwih akeh maning. Ora percaya? Kiye buktine. Wingi (18/4), nang Pengadilan Negeri Purwokerto ana pitung sidhang, lha sekang pitu kuwe, limang sidhange nekakaken bandar lan pemain togel. Apa tumon, kamar tahanane dadi sesek pisan mergane isine mung bandar karo pemain togel thok. Sekang limang sidhang kuwe, kabehan wong sing de sidhang dejiret nganggo Pasal 303 ayat (1) KUHP sing nerangaken masalah judi, lan anceman ukumane ora baen-baen sedulur, bisa nganti sepuluh taun nang mbui. Ora mung kuwe, dendane juga kena nggo tuku montor loro, soale nganti selawe juta sih. Tapine, wis ngerti kaya kuwe ya esih bae akeh sing padha ngelakoni. Hari Mariyanto SH MH karo Abdul Latief SH MH, ketua majelis hakime nganti gedheg-gedheg, soale mandan bosen ndean, anu sidhange maning-maing kudu ngukum uwong gara-gara togel. Sekang wong lima kuwe, kabehan padha maen togel model hongkong, alate ya wis canggih, dadi gole tuku nomer ora mawi nganggo cathetan maning apa kupon, tapi nganggone sms. Nek sing pasange sewu nggo rong angka, nek menang olihe sewidak ewu. Nek pasang telung angka, olihe telungatus seket ewu, lan nek pasange patang angka, olihe rong juta limangatus. Padahale, bandar karo pelaku togel kuwe gole bathi ora sepira, nek bandar ya paling sedina bathine paling ora nganti rongatus ewu, nek sing dadi perantarane, paling bathine mung telungpuluh ewu sedina sekang si bandar. Wis, jamane wis mandan arep akhir ndean, akeh wong golet dhuwit nganggo dalan ora halal. Mulane wingenane pas ana tukang judi kecekel ning hotel, pak pulisi pesen, kanggo masyarakat kabeh sing meruhi anane wong judi atawane masang togel, aja kesuwen, gageyan delapuraken maring pulisi utawane RT nang sekitar umaeh, men ora dadi sarang togel, kaya kuwe sedulur. (eww)

Easy Way to Download

Tuesday, April 17, 2012

Bayi Abang Debuang Nang Warung

PURWOKERTO-Wong jaman siki kayane wis pada bundhet uteke sedulur. Kepriwe ora bundhet jajal. Nembe dina Minggu wingi ana werta bayi abang cenang-cenang debuang neng tritikan panti sosial, lha wingi esuk ana kedadeyan kaya kuwe maning. Mung bedane bayi sing kiye pas detemukna wis langka nyawane, jan melasi temen mbok? Ceritane kaya kiye sedulur, dina Selasa (17/4) wingi, mangsane wong nembe arep padha siap-siap ngodhe. Sekirane jam nenem esuk, Yu Bawor (51) sing biasa dhasaran dagangan ning warunge sing manggon nang kulon prapatan Samsat Jalan Gerilya, nembe arep mbukaki warunge. Pas lagi agep ngedhunaken kursi sing detumpuk ning pinggir warung, dheweke weruh ana kresek putih sing mandan nyalawadi. Gandheng ora wani mbukak, Yu Bawor kongkonan Nardi, calo bis sing biasa mangkal ning prapatan mbukak kresek kuwe. Nardi ya mung manut baen, dikongkon mbukaki kresek, pikire ana dhuite mbok. Mbarang dimek, Nardi njenggirat ora etung mergane nang kresek kuwe kerasa kaya ana sikil bayi. Gandheng bingung lan keweden, Nardi banjur nglapuraken temuwan kuwe maring Polsek Purwokerto Selatan Mbarang pulisi teka lan mbukak kresek kuwe, jebul pancen kresek kuwe jan isine bayi abang sing nembe klower, tapi wis langka ambegane. Tali pusere esih nglawer tur keton nek dibedhol, dudu digunting nganggo peso oprasi. Jisim bayi wadon sing dawane 46 senti lan bobote 2,4 kilo kuwe gageyan degawa ming Puskesmas Purwokerto Selatan nggo derumat seperlune. Dokter sing nampani jisim bayi kuwe nerangaken nek pas detemukna, bayi kuwe wis mati ana barang patang jam, utawane sekitar jam loro esuk. Kapolsek Purwokerto Selatan, Kompol Moh Imron nerangaken, nek bayi mau kayane pancen kasile slingkuhan, tapi nganti siki esih depriksa ning pulisi kira-kira sapa wonge sing tega mbuwang bocah sing urung duwe dosa kuwe. Jisime si bayi banjur dedusi, dekafani lan dekubur dina kuwe uga. (eww)

Easy Way to Download

Monday, April 16, 2012

Maling Hape Nganggo Bilah, Desidhang

PURWOKERTO-Wong nek wis niat maling kuwe pancen ora mikir nek bakalan mlebung penjara. Kaya sing delakoni ning Santo (34), sing umaeh nang Desa Dukuhwaluh RT 02 RW 05 Kembaran Banyumas kiye. Gara-gara maling hape blackberry, dheweke siki kudu ndhekem nang bui lan ngadepi hakim nang sidang. Kedadeane kaya kiye, dina Selasa (06/12) kuwe, Santo kira-kira jam loro esuk mlaku kang umaeh aring umah kos-kosan nang Jalan Sunan Kalijaga, Berkoh Purwokerto Selatan. Lha barang wis mlaku ana sejam, dheweke weruh ana umah sing jendelane mengab sepethil tur lampune esih murub. Mbarang clingak-clinguk mesthekaken nek kiwa tengene aman, Santo banjur mereki jendela kuwe lan weruh nek ana wong wadon jenengane Pradini sing kos nang kono agi bangeting lali gole turu. Lha nang pinggire Pradini kuwe, ana hape bleckberry gemlethak. Santo njajal ngranggeh hape kuwe nganggo tangan, tapi ora gutul. Saking bingunge, Santo njikot bilah sekang wit munthul, terus diolesi lilin sing uwis depanasi. Bilah kuwe banjur delebokaken liwat jendela lan detempelaken ming hape. Mbarang wis tememplek, bilahe detarik terus hapene dijikot, banjur desaki, bilahe debuwang ning tanah kosong nang kulon umah. Kira-kira akhir Desember, hape kuwe dedol Santo maring Lelyta Sari lan deregani mung limangatus ewu. Gara-gara kuwe, Pradini dsing duwe hape ngalami kerugen paling orane telung juta pitungatus ewu rupiah. Santo dhewek bakal deganjar nganggo pasal 363 KUHP ayat (1) nomer 3e sing nerangaken soal pencurian Cerita kuwe mau kebukak nang sidang Senen wingi (16/4) nang Pengadilan Negeri (PN) Purwokerto sekang ceritane Jaksa Penuntut Umum (JPU) Sukirno SH MH liwat surat dakwaane. Ketuane majelis hakim Budi Setyawan SH banjur nunda sidange nganti Senen ngarep kanggo ngrugokaken keterangane para seksi. (eww)

Easy Way to Download