Monday, May 7, 2012

Gawe Ciu Kasil Nderes, Siki Malah Depriksa Polres



DEPRIKSA PULISI : Wong lima sing kecekel pas nggawe ciu nang umaeh agi depriksa pulisi nang kantor unit Sabhara Polres Banyumas Senen (7/5) wingi. Sekang wong lima kuwe, pulisi ngamanaken rongewuan liter ciu sing arep didol. (Foto : Harmas / Fikri Adin Nur)

PURWOKERTO-Sedulur, sing jenengane ciu utawane sing basa sikine kuwe miras (minuman keras), dekapak-kapakena ya tetep bae haram ning agama, bener ora? Lha kiye ko malah ana wong lima sing biasane nderes malah nggawe ciu, ya siki kudu depriksa ning unit sabhara Polres Banyumas.
Dadi critane kiye ana wong lima sing jenengane Dirno (41), Sumardi (53), Kasno (38), Sito (41) karo Jamali (31). Kiye wong lima umaeh nang Desa Pancurendang, Kecamatan Ajibarang Banyumas, lan sedina-dinane kuwe gaweane nderes wit aren nggo ngarah badeg. Tapine, ning wong lima kiye, badeg sing wis dikasilaken malah decampuri karo kulit kayu sing jenengane kayu Raru, sing asale sekang Sumatra kana, nganti dadi ciu.
"Nek wong bubar nginum kiye ya trus anu mandan puyeng sepethil, wong anu biasa disol kaya ciu sih," ujare Sito, pas depriksa nang markas sabhara Senen wingi. Jarene Sito, dheweke sedina dheweke teyeng gawe ciu kiye ya ana limolas jligen mbok. Padahal, sejligen sing isine selawe nganti telungpuluh literan kuwe dedol nganti patang puluh lima ewu. Sito karo kanca-kancane kuwe ngarah bathi limang ewu sejligen.
Lha pas dina Kemis (3/5), pas pulisi nggrebek umaeh wong lima kuwe, ciu sing desita ya ana ngasi rongewu literan. Pas depriksa nang laboratorium Semarang, ciu kuwe jan positip ana sing jenengane ethanol utawane alkohol ngasi 6,02 persen, padahal, ciu sing biasa ana ning pasaran bae alkohole ana pitung persenan lah, ya teyeng gawe mabok mbok?
Pas detakoni pulisi, wong lima kiye ngakune olih pesenan kang Cirebon, trus kulit kayu Raru kuwe ya dewenehi karo wong sing agep tuku ciu kang Cirebon kuwe. "Kepenak gawe ciu daripada gula Mas, luwih gampang, ora mawi nganggo suluh," ujare Sito.
Wong lima kiye siki esih depriksa ning kantor sabhara Polres Banyumas, lan bakal dejiret nganggo Perda No. 13 Kabupaten Banyumas Taun 2001 soal inuman sing ngandung alkohol. Mulane sedulur, nek arep gawe apa-apa kuwe kudu kemutan apa sing olih apa sing ora, nek ora kemutan ya kedadeyane bakal padha karo wong lima kiye. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment