Monday, September 24, 2012

Numpak Motor Kambi Teler, Mati Nubruk Wit



PURWOKERTO-Sedulur kabeh, sing kerasa esih enom utawane bocah sekolah, aja padha
gemagus gole numpak montor nang dalan. Apamaning gole numpaki montor kambi teler
utawane mabok inuman, jan ora memper pisan. Bisa-bisa kedadeyane kaya sing dealami ning
bocah siji kiye.
Dina Minggu (9/9) wingenane, nang  ana kedadeyan neng Jalan HR Bunyamin Kecamatan
Purwokerto Utara. Ana bocah sing umurane esih rongpuluh taun, lan mesthine ya esih
sekolah, numpak montor kambi teler, bubar nginum inuman sing ana alkohole, terus nubruk
wit banjur akhire ya mati, mbok ora memper pisan?
Dadi dina kuwe, pancen malem minggu, tapine ya wis jam siji bengi, kiye bocah sing jenengane
Rendy Ginting (20), sing umaeh neng Tumijaya Kecamatan Jayapura, Kabupaten Okan
Timur, Sumatera Selatan, agi numpak montor ninja. Jenengane bocah enom, nek numpak
montor apamaning kambi teler, ya kayane ngrasa gagah dhewek se dalan mbok.
Nek ujare seksi sing jenengane Haryono (60) sing umaeh neng Desa Bancarkembar
Kecamatan Purwokerto Utara, pas kuwe si Ginting kiye gole numpaki montor Ninja sing
nomer pulisine F 6407 ML agi bangeting banter sekang lor, mbuh kang endi,
sekang Baturraden mbok. "Kae bocah gole numpak montor banter pisan, kaya setan," ujare
Haryono.
Lha pas gutul neng ngarep Pasar Glempang, mbuh kepriwe critane montore si Ginting kuwe
ijig-ijig nyruduk bemper mburi mobil sing padha-padha agi laju sekang lor. Tapine, Haryono
ya ora kemutan mobile kaya apa lan nomer pulisine pira, wong jenengane bae tengah wengi.
Bubar nyruduk mobil kuwe, si Ginting ya mental ngiwe, ngasi akhire ngantem wit sing ana
neng pinggir dalan.
Wis, bubar ngantem wit, si Gintingkiye banjur nggolosor neng aspal, ora obah acan. Sekang
siraeh ya kemlocor getih merga gole nubruk banter pisan sih, lan sedurunge sempat detulungi,
si Ginting kiye wis kebanjur mati dhisitan merga taeune sing neng sirah bangeting parah.
Nek ujare Kasat Lantas Polres Banyumas AKP Chalid Mawardi sing dewakili neng Kanit Laka
Lantas Polres Banyumas Iptu Ruzi Gusman, kedadeyan kiye sing nyebababaken ya merga si
Ginting kuwe gole numpak montor banter pisan tur kambi teler. "Sawise depriksa neng pulisi,
neng nggon kedadeyan kuwe kambi sekang cangkeme si bocah kiye mambu pisan ciu, dadi ya
ora teyeng numpak montor sing bener," ujare Pak Ruzi.
Kuwe, crita kiye ya kena nggo pengalaman kanggo sedulur kabeh sing esih ngerasa dadi bocah
enom. Nek agi neng dalan numpak montor aja gemagus, apamaning kambi teler, ujare gagah
dhewek mbok. Nek wis kedadeyan kaya kiye sapa sing ngajog jajal, mbok wong tuwane? SIng
dadi wong tuwa ya sing padha bener gole ngajari bocah, aja ngasi ngalami kedadeyan kaya sing
dealami si Ginting kiye, pokoke sing padha-padha njagani ya sedulur? (eww)

Easy Way to Download

Sunday, September 23, 2012

Nyolong Montor Pas Nonton Ebeg, Jebul Duweke Tanggane Dhewek



KEBUMEN–Kiye ana kedadeyan sing jane lucu, tapi ora patut detiru sedulur. Ana wong agi
nonton ebeg, weruh montor ngglethak trus decolong. Tapine, barangwis nyolong, malah
jebule kuwe montor duweke tanggane dhewek, mbok ora memper pisan? Tapine pancen
kedadeyan ya akhire teyeng dadi geger mower dina kiye.
Dadi critane, pas dina Rebo (20/9) wingenane, neng Dukuh Kroncong, Desa Jatijajar, sing
mlebune Kecamatan Ayah, Kebumen, pas agi ana tontonan ebeg. Sing jenengane tontona
ebeg, mesthine rame pisan, ora sing main ebeg ora sing nonton, wis pokoke tumplek blek
neng lapangan dukuh kuwe.
Lha wong sing nonton ebeg ya akeh pisan, wis wengi pisan, antarane jam wolu wenginan, sing
jenengane lapangan  dadi ora keton sukete, isine mung menungsa sing padha nonton ebeg.
Nah, pas wong padha ndhiker kabehan gole nonnton ebeg, ana wong loro sing jenengane esih
desingkat (mbok esih depriksa pulisi, dadi ora entuk desebut-red) ES (17) kambi TDP (21),
ya agi neng kono, tapine ora nonton ebeg.
Wong loro kuwe malahan nonton montor sing padha debrukaken neng pinggiran lapangan.
Saking akehe montor sing deparkir, ngasi marakaken wong loro kuwe jan kemlecer pisan
kepengen nduweni montor sing detinggal langka sing nduwe utawane ngawasi. Nah, barang
wis clingak-clinguk, lan mesthekaken nek kahanane aman, langka sing weruh, wong loro kiye
banjur mulai polah.
Wong loro kiye banjur njajal montor Susuki Smash sing nomer pulisine R 6752 DE, duweke
Miswanto, singumure telu likur taun lan umaeh padha-padha neng Desa Jatijajar Ayah, lan
jebule ya tanggane wong loro kuwe juga. Antarane jam sepuluh wengi, kuwe wong loro  wis
kepenak pisan nuntun montore Miswanto kiye , lan mlaku ngadohi panggonan ebeg kuwe,
kambi nggawa montor kuwe.
Tapine, urung adoh sekang lapangan kuwe, jebule ana wong sing ndilalah weruh nek wong
loro kiye keton nyalawadi pisan gole nuntun montor, kaya dudu montore dhewek. Eh, barang
demataken, wong kuwe jebule kenal Miswanto, lan ngerti nek kuwe pancen montore
Miswanto. Akhire, Miswanto deceluk lan ora nganggo suwe, wong sing neng kono sing ngerti
ana gentho gageyan mbledhig gentho loro kuwe.
Ana sing melu mbledhig, ana uga sing lapur maring pulisi. Wis, kaya neng pilem kae, ana
adegan uber-uberan, ngasi padha-padha kesel. Tapine, barang wis uber-uberan ana telung
jam, akhire ya gentho loro kuwe kecekel lan degiring maring kantor pulisi. Sing lucune
maning, pas kecekel kuwe ora nguja. Pas kuwe wong wis padha kesel gole mbledhig, padha
karo gentho loro kuwe. Lha saking kesele, gentho loro kiye banjur ngaso kambi
thongkrongan neng pinggir dalan.
Lha, pas agi thongkrongan kuwe, langsng baen dedhimek pulisi sing wis olih lapuran bab
gentho loro kuwe. Nek ujare Kapolres Kebumen AKBP Heru Trisasono SIK MSi, sing
dewakilaken ming Kasubag Humas AKP Junani Jumantoro, wong loro kiye ngasi siki esih
depriksa neng Polres Kebumen.
Sawise depriksa, kiye wong loro ya detahan neng sel sing ana neng Mapolres Kebumen. "Kiye
wong loro agi depriksa, lan kayane bakal dejiret nganggo Pasal 363 KUHP sing nerangaken
bab colong jukut sing anceman ukumane teyeng ngasi sangang taun eng mbuen," ujare Pak
Junani.
Wis, kuwe kedadeyan sedulur, nyolong montor neng nggon tontona ebeg, malah jebule
duweke tanggane dhewek, ya kawus. Siki malahan kudu mlebung bui, lan bakal suwe kuwe
neng kono. Wis, pokoke, aja ngasi kedadeyan kiye dealami ning sedulur padha. Ora
memper, ngisin-isini tur larang gole nebus, ndadak dadi pesakitan, sing ora bakal ilang bekase
neng masayarakat. Sing padha sadar ya sedulur. (eww/pt)

Easy Way to Download

Saturday, September 22, 2012

Lara Taunan, Nini-Nini Nekat Kendhat



AJIBARANG-Sedulur, kiye ana crita sing jan ora patut lan ora memper temen nek detiru
apamaning delakoni, dadi maksude, nek wis maca crita sing siji kiye ya aja ngasi ana sing niru
apamaning nglakoni apa sing kedadeyan neng crita kiye.  Kepriwe kon memper jajal, masa
mung merga lara taunan, ana nini-nini nekad mati kendhat, mbok wis ora memper pisan?
Kedadeyan kiye anane neng Grumbul Cigebang Desa Darmakradenan, Kecamatan
Ajibarang. Sing ngalami nini-nini jenengane Takem, sing wis umur sewidak lima taun.
Kedadeyane pas dina Rebo (19/9) wingenane. Pas detemokaken neng tanggane, si Nini
Takem kiye wis konangan cemanthel neng wit kakao nggone tanggane nganggo slendang
benting.
Lha critane, pas dina kuwe antarane jam setengah papat sore, adhine Nini Takem sing
jenengane Sarto, singumure wis seket taun, agi mangkat ngarit. Si Sarto kiye umaeh ya ora
adoh kang umaeh nini Takem. Nah, pas agi mlaku kuwe, si Sarno ngliwati kebon kakao
nggone Karsidi. Ora sengaja, si Sarto kiye malah weruh ana wong wis cemanthel kendhat
neng wit kakao.
Sarto ya gole kaget ora eram, barang depereki, jebule sing cemanthel neng wit kakao kuwe
ora liya malahane mbekayune dhewek. Wis, kewedhen tur bangeting bingung, si Sarto kiye
banjur mlayu ming umaeh Karsidi sing duwe kebon kambi ngorong-ngorong nyeluki wong
liya sing umaeh ora adoh kang umaeh Karsidi kuwe.
Wis, sekampung padha geger kabehan, krungu nek Nini Takem konangan wis mati kendhat
neng wit kakao. Banjur kedadeyan kiye delapuraken maring Polsek Ajibarang. Ora let suwe,
pak pulisi sekang polsek teka ming kebon kakaone Karsidi kuwe, lan ngedhunaken kambi
mriksa mayide nini Takem kiye.
Nek ujare Kapolsek Ajibarang AKP Agus Bowo Astoto, si nini Takem kiye nekad pisan ngasi
kendhat mung merga nandhang lara rematik wis taunan lan ora gadhang mari. Nek ujare
kluargane, si nini Takem kiye ya pirang dina sedurunge konangan kondhat kiye keton
meneng lan ora tau gelem srawung maning, kaya ana sing depikir ngasi abot pisan.
Wis, barang depriksa lan konangan nek si nini Takem kiye matine ya merga kendaht kuwe,
lan ora nana tatu liyane, akhire ya mayide nini Takem debalekaken maring kluargane nggo
dekuburaken. Kuwe sedulur, nek padha duwe lara kuwe ya kudune malah sing padha
tawakal. Mandan perek maning karo Gusthi Allah, soale kuwe ya jenengane menungsa lagi
decoba.
Sing jenengane decoba kuwe kanggo njajal sepira jane wong padha duwe iman, lan ora bakal
luwih abot kang apa sing teyeng detampa neng menungsa, Gusthi Allah wis ngukur kuwe,
dadi aja ngasi kaya si nini Takem ya, nek ngasi nekads kendhat kaya kuwe ya pancen larane
rampung, tapine ora tenang dadi matine, melasi toli ming kluargane. (eww)

Easy Way to Download

Wednesday, September 19, 2012

Bingung Keliwat, Mati Ketabrak Sepur

CILACAP-Kiye ana maning critane wong sing mati penasaran merga ketabrak sepur. Mbuh
kepriwe kedadeyane, tapi kayane sih wong kiye ora krungu munine klakson sepur, sing
ujarku tah banter pisan. Ya ndean bae pas kuwe lagi ana sing depikir dadi ora krungu. Pesene
inyong sedulur, nek agi mumet keliwat, aja perek-perek maring dalan sepur, nek kesaut
teyeng mati kaya kedadeyan siji kiye.
Dadi kedadeyane kuwe anane neng dalan sepur sing panggonane neng Dusun Sidadadi RT 03
RW 14 Desa Tarisi Kecamatan Wanareja Kabupaten Cilacap pas dina Selasa 18/9)
wingenane antarane ya jam lima sore lah. Pas kuwe ana wong sing jenengane  Parimun
sing umure ya wis mandan lumayan, patang puluh lima taun.
Si Parimun sing umaeh neng Desa Adimulya RT 03 RW 07 Kecamatan Wanareja
Kabupaten Cilacap kiye ya mbuh kenangapa, pas sore kuwe ko gole mlaku neng pipir dalan
sepur. Kayane si Parimun kiye lagi ana pikiran sing jan abot pisan lho, dadine gole mlaku ora
slirik nek wis gutul dalan sepur.
Lha gole bangeting mikir, si Parimun kiye ora slirik nek jam semeno kuwe ya wayaeh ana
sepur liwat. Nah, pas kuwe pancen agi wayaeh Sepur Serayu II liwat, lan pas neng daerah
kono ya kayane si sepur wis ngunekaken klakson sing banter pisan. Tapine wong agi bingung
keliwat, si Parimun kiye ora krungu baen, ngasi akhire deaut neng sepur kuwe.
Jenengane balung kambi daging menungsa, desaut neng sepur sing abote ora eram tur wesi
thok, ya langsung baen kontal ngasi adohe ora eram, ana nembelas meter sekang ril sepur
kuwe. Ora suwe sawise kuwe, ana petugas sekang stasiun Mluwung Wanareja sing agi niliki
ril sepur, jenengane Dwi Prayanto (25), malku maring ril kono, lan meruhi mayide si
Parimun kiye wis gemlethak neng pinggirane ril.
Weruh kedadeyan kuwe, si Dwi banjur nyeluki Eko Purwanto (22), singumaeh neng Desa
Tarisi RT 01 RW 08 Kecamatan Wanareja Kabupaten Cilacap sing pas kebeneran ana neng
kono, lan barang wis weruh nek si Parimun kiye wis mati, ya banjur kedadeyan kuwe
delapuraken maring Polsek Wanareja.
Barang wis depriksa neng pulisi lan wong sekang Puskemas Wanareja, mayide si Parimun kiye ya banjur debalekaken maring kluargane nggo dekuburaken. Wis, kuwe sedulur, aja maning-maning ana kedadeyan kaya kuwe ya. Nek agi bingung keliwat, mending neng umah baen, crita maring kluargane, sapa ngerti entuk dalan. Dadi ora kedadeyan kaya sing dealami si Parimun kiye ya sedulur. (eww)

Easy Way to Download

Monday, September 17, 2012

Detinggal Dolan Ming Warnet, Montor Desaut Gentho



PURWOKERTO-Pancen seulur, jamane siki wis maju, wis canggih, dadi ya ora gumun nek sing jenengane bocah siki wis padha kenal sing jenengane internet, soale kabeh teyeng deambah mung nganggo komputer thok. Mung modal njagong neng ngarep komputer, teyeng weruh apa sing ora, mulane sing jenengane warnet utawane warung internet ora tau sepi, bener ora?
Tapine ya aja gemampang nek agi padha dolan ming warnet. Kan wis deemutaken, jamane wis canggih, dadi sing jenengane gentho utawane maling ya tambah pinter lan canggih, gelem nyolong neng endi baen, kaya sing dealami neng Rif Nur Budiarto, bocah umur rolikur taun sing umaeh neng Gang Manggis RT 05 RW 04 Kelurahan Kober Kecamatan Purwokerto Barat kiye.
Kepriwe ora gemampang jajal, si Nur kiye pas dina Setu (15/9) wingenane agi dolan maring warnet sing ana neng Kelurahan Kober Kecamatan Purwokerto Barat. Gole dolan maring warnet kuwe, si Nur kiye numpak montor Honda Beat sing nomer pulisine R 6119 US. Nah, si Nur kiye jebulane kelalen ora ngunci setang montore, trus detinggal mlebung warnet sekepenake dhewek.
Sing luwih gemampang maning, pas tekan warnet kuwe antarane jam papat sore, si Nur kiye ora mung kelalen ngunci setang montore, tapi kuncine ya esih cemanthel neng nggon kontake montor. Nah, barang wis marem gole dolan neng warnet ngasi pirang-pirang jam, si Nur kiye arep njikot hape neng umah.
Anehe maning, gole njikot hape kuwe, si Nur malah nyelang montor  liya sing ana neng warnet kuwe, lan ora slirik nek kunci montore esih cemanthel neng montor. Barang bali maning maring warnet, si Nur nembe slirik nek montore wis ora nana neng kono. Tapine pikire si Nur, ya ndean montore agi deselang neng wong warnet.
Tapine, barang detakokaken, jebule langka sing meruhi montore kuwe. Wis, langsung baen si Nur kiye gegoh, reang, lan banjur nglapuraken kedadeyan kiye maring Polsek Purwokerto Barat. Nyong wis takon maring sing jaga warnet, ngasi maring wong wong sing padha kumpul neng kono, tapine langka sing ngerti sapa sing nyolong montorku,” ujare Nur.
Bubar nampani lapurane si Nur, pulisi banjur gageyan maring warnet kuwe, kanggo mriksa seksi-seksi lan nylidiki kedadeyan kiye. Nek ujare Kapolsek Purwokerto Barat AKP Suryo Harsono, kedadeyan kiye ya merga si Nur kiye gamampang, kelalen ora ngunci setang montore, padahal neng njaba langka sing ngawasi.
Pak Kapolsek ya mung teyeng aweh pesen, kon padha luwih ngati-ati gole ngebrukaken montor, aja gemampang. Wong montor sing wis dekunci setang baen gelem deusung gentho, jaman siki akeh gentho sing lewih pinter, apamaning ko ora dekunci setang, ya bangeting gampang gole nggondhol. Pokoke kudu luwih teliti gole ngebrukaken montor, aja kelalen dekunci, sukur teyeng dedobeli kunci liyane, ora mung kunci setang thok,” ujare pak Kapolsek.
Kuwe, jaman wis canggih, ya dhewek gole temandhang ya kudu melu canggih, nek duwe montor ya detambahi kunci sing canggih, aja ngasi kalah canggih kambi gentho, nek ora gelem ngajog ketemu mburi kaya si Nur kiye, setuju sedulur? (eww)

Easy Way to Download