Saturday, September 15, 2012

Detinggal Kondangan, Umah Geseng Kobaran



BANYUMAS-Kiye ana maning crita bab umah sing kobaran sedulur. Sing mandan marakaken melas lan ora memper, kiye umah malah geseng kobaran pas agi detinggal kondangan. Wis, mbuh kepriwe rasane sing duwe umah, tapi ya wong wis geseng arep kepriwe maning. Mulane bola-bali diemutaken, sing padha ngati-ati nek arep ninggal umah suwung nggamplung, aja ngasi ngalami kedadeyan kaya sing siji kiye.
Dadi ana umah duweke Casim, umure patangpuluh taun, neng RT 3 RW 1 Desa Tumiyang Kecamatan Pekuncen, Banyumas. Lha dina Kemis (13/9) wingenane, antarane jam setengah sewelas awan, kuwe umah kobaran ngasi geseng. Pas jam semeno, si Casim ya agi ngodhe neng sekolahan SDN 1 Tumiyang, lha bojone sing jenengane Suci, agi kondangan ming nggone tanggane.
Umah kuwe ya detinggal suwung nggamplung. Lha, ndilalah pas kuwe ana tanggane Casim sing kebeneran ya luraeh dhewek sing jenengane Driyanti, meruhi kedadeyan kuwe. Driyanti kuwe weruh umah sing agi detinggal suwung nggamplung ko ijig-ijig ana genine mulad-mulad gedhe pisan.
"Pas kuwe ya umah agi suwung nggamplung, dadi sing meruhi ya tanggane. Gageyan baen wong sing weruh kobaran kuwe langsung padha nyaut ember lan apa baen sekecekele, sing penting teyeng mateni kobaran. Untung baen ora ngasi entong kabeh, tapi ya bandhane ana sing melu kobaran,” ujare Driyanti.

Bubar kobaran teyeng depateni, rombongan sekang Muspika Pekuncen nekani panggonan kuwe. Nek sekang kasil priksaan, konangan nek kobaran kuwe teyeng kedadeyan merga konslet. "Untung baen pas kobaran langka wong neng njero ngumah, ya nek bandha kobaran ya teyeng degolet maning, tapine nek nyawa mbok angel?” ujare Kasi Trantibum Kecamatan Pekuncen sing jenengane Marsono. 

Wis, barang wis konangan apa sing marakaken kobaran, Marsono ya aweh pesen ming wong kono, utamane sing ana neng Kecamatan Pekuncen kon padha ngati-ati nek arep ninggal umah suwung nggamplung. Masalaeh, kobaran teyeng kedadeyan merga konslet, utawane sekang pawon sing urung mati wis detinggal lunga.

"
Wis, pokoke kabehan kudu luwih ngati-ati nek arep ninggal umah sueung nggamplung. Kiye wis mulai mangsane ketiga, mesthi panas pisan lan luwih gampang marakaken kobaran. Aja gemampang nek arep ninggal umah, depriksa maning, wis padha mati urung pawone, lan uga aja ninggal kabel utawane jek temancep neng colokan, mbok teyeng konslet,” ujare Marsono.
Sedulur, kuwe muga-muga dadi pungkasane crita bab kobaran. Aja ngasi ana maning kedadeyan kaya kuwe mung merga padha gemampang. Ya esih sukur langka wong neng njero umah pas kobaram, tapi tetep baen merga kobaran kiye si Casim nandhang rugi ngasi pitung juta, mbok melasi, bali kondangan malah kelangan umah ? (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment