Monday, September 17, 2012

Detinggal Dolan Ming Warnet, Montor Desaut Gentho



PURWOKERTO-Pancen seulur, jamane siki wis maju, wis canggih, dadi ya ora gumun nek sing jenengane bocah siki wis padha kenal sing jenengane internet, soale kabeh teyeng deambah mung nganggo komputer thok. Mung modal njagong neng ngarep komputer, teyeng weruh apa sing ora, mulane sing jenengane warnet utawane warung internet ora tau sepi, bener ora?
Tapine ya aja gemampang nek agi padha dolan ming warnet. Kan wis deemutaken, jamane wis canggih, dadi sing jenengane gentho utawane maling ya tambah pinter lan canggih, gelem nyolong neng endi baen, kaya sing dealami neng Rif Nur Budiarto, bocah umur rolikur taun sing umaeh neng Gang Manggis RT 05 RW 04 Kelurahan Kober Kecamatan Purwokerto Barat kiye.
Kepriwe ora gemampang jajal, si Nur kiye pas dina Setu (15/9) wingenane agi dolan maring warnet sing ana neng Kelurahan Kober Kecamatan Purwokerto Barat. Gole dolan maring warnet kuwe, si Nur kiye numpak montor Honda Beat sing nomer pulisine R 6119 US. Nah, si Nur kiye jebulane kelalen ora ngunci setang montore, trus detinggal mlebung warnet sekepenake dhewek.
Sing luwih gemampang maning, pas tekan warnet kuwe antarane jam papat sore, si Nur kiye ora mung kelalen ngunci setang montore, tapi kuncine ya esih cemanthel neng nggon kontake montor. Nah, barang wis marem gole dolan neng warnet ngasi pirang-pirang jam, si Nur kiye arep njikot hape neng umah.
Anehe maning, gole njikot hape kuwe, si Nur malah nyelang montor  liya sing ana neng warnet kuwe, lan ora slirik nek kunci montore esih cemanthel neng montor. Barang bali maning maring warnet, si Nur nembe slirik nek montore wis ora nana neng kono. Tapine pikire si Nur, ya ndean montore agi deselang neng wong warnet.
Tapine, barang detakokaken, jebule langka sing meruhi montore kuwe. Wis, langsung baen si Nur kiye gegoh, reang, lan banjur nglapuraken kedadeyan kiye maring Polsek Purwokerto Barat. Nyong wis takon maring sing jaga warnet, ngasi maring wong wong sing padha kumpul neng kono, tapine langka sing ngerti sapa sing nyolong montorku,” ujare Nur.
Bubar nampani lapurane si Nur, pulisi banjur gageyan maring warnet kuwe, kanggo mriksa seksi-seksi lan nylidiki kedadeyan kiye. Nek ujare Kapolsek Purwokerto Barat AKP Suryo Harsono, kedadeyan kiye ya merga si Nur kiye gamampang, kelalen ora ngunci setang montore, padahal neng njaba langka sing ngawasi.
Pak Kapolsek ya mung teyeng aweh pesen, kon padha luwih ngati-ati gole ngebrukaken montor, aja gemampang. Wong montor sing wis dekunci setang baen gelem deusung gentho, jaman siki akeh gentho sing lewih pinter, apamaning ko ora dekunci setang, ya bangeting gampang gole nggondhol. Pokoke kudu luwih teliti gole ngebrukaken montor, aja kelalen dekunci, sukur teyeng dedobeli kunci liyane, ora mung kunci setang thok,” ujare pak Kapolsek.
Kuwe, jaman wis canggih, ya dhewek gole temandhang ya kudu melu canggih, nek duwe montor ya detambahi kunci sing canggih, aja ngasi kalah canggih kambi gentho, nek ora gelem ngajog ketemu mburi kaya si Nur kiye, setuju sedulur? (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment