Thursday, September 13, 2012

Nggawa Bocah Nyabrang Dalan, Detubruk Montor



WANGON-Kiye crita kanggo ibu-ibu sing padha duwe bocah cilik. Nek agi padha
metu ngumah nggawa bocah kuwe kudu luwih ati-ati, soale neng dalan kuwe nggone
rame, gampang pisan kenang cilaka neng dalan. Sing jenengane bocah kan cokan ora
slirik lan urung paham, dadi ya wong tuwane sing kudu luwih waspada.
Nah, kiye kedadeyan cilaka sing anane neng Jalan Raya Wangon, persise neng ngarepe
SDN 4 Wangon, pas dina Rebo (12/9) wingenane, antarane jam setengah sepuluh
awan. Ana wong wadon jenengane Supriyati, umure seket taun sing umaeh neng
Dusun Adilingga RT 4 RW 17 Desa Wangon Kecamatan Wangon Banyumas. Dina
kuwe, si Supriyati kiye niat metu ngumah, lan ngejaki bocah cilik loro.
Bocah loro kuwe ya pancen esih cilik pisan, sing tuwa jenengane Kiki, umure pitung
taun, bareng kambi adhine sing jenengane Aria sing nembe limang taun. Nah, wong
telu kiye niate ya arep nyabrang dalan, si bocah ya degandheng. Tapi ya wong
jenengane cilaka, ora bakal konangan kapan lan kepriwe gole kedadeyan.
Kiye wong telu agi neng tengah dalan, ijig-ijig sekang kulon, ana montor plat nomere R
4660 NP sing detumpaki Cahyo Kuncoro, sing umaeh neng Desa Karangreja RT 1
RW 8 Cimanggu, Kabupaten Cilacap. Si Cahyo kuwe kiye ya jane gole numpak
montor ora banter, tapine mandan ndelenger mbok, soale pas gutul kono jan ora
ngerti nek ana wong telu agi nyabrang.
Wis, langsung baen kuwe wong telu pating kruntel ketabrak montor. Si Cahyo sing
numpak montor si ora kenang apa-apa, mung lecet thok, tapi wong telu sing ketabrak
kuwe ya padha rakrak awake. Si Supriyati sing paling tuwa bathuke suwek, lambene
jontor. Lha si Kiki anu mandan parah, soale sikile tugel lan wetenge tatu. Nek si Aria
sing paling cilik sirahe sing abuh.
Wis, langsung baen wong sing padha meruhi kedadeyan kuwe nulungi lan kiye wong
telu gageyan degawa maring RSUD Margono Purwokerto. Nek si Cahyo ya degawa
ming pos lantas Wangon. Nek ujare Kanit Lantas Polres Banyumas Iptu Ruzi
Gusman, kiye gara-garane si Cahyo gole numpak montor ndlenger, dadi ora sadar nek
ana wong nyabrang.
Untung baen kiye wong telu sing ketubruk mung padha rakrak lan ora ngasi mati. Tapi kepriwe-kepriwe wong sing dadi korban bocah cilik, ya kayane melasi pisan, mbok? Kuwe, kena nggo pengalaman sedulur kabeh, nek metu ngumah nggawa bocah cilik kudu luwih ngati-ati. Sing padha numpak montor ya aja ndlenger. Nek kedadeyan kaya kiye dealami sedulur mbok ora memper pisan dadine? (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment