Thursday, September 6, 2012

Bola-Bali Njajal Bunuh Diri, Akhire Mati Kendhat



BANYUMAS-Sedulur, kiye maning-maning ana crita wong mati merga kendhat. Tapine, wong sing siji kiye pancen kayane mandan setres, masalaeh, dheweke wis bola bali bunuh diri tapi ora mati-mati. Kiyw wong wis tau njajal mlumpat sekang bangunan dhuwur, tapine mung semplek sikile thok, lha siki teyeng kelakon mati merga kendhat, mbok ora memper pisan polaeh?
Wong kiye jenengane Pursimin utawane cokan deceluk nganggo jeneng Ujang (40). Umaeh si Ujang kiye neng Grumbul Karanggude RT 4 RW 4 Desa Kanding Somagede, Banyumas. Lha dheweke kiye akhire malah konangan mati kendhat neng wit mlinjo pas dina Rebo (5/9) wingenane antarane jam sanga isuk merga wis keliwat gole bingung.
Pas detemokaken, si Pursimin kiye wis gemantung neng wit mlinjo nganggo sarung. Wong sing padha nemokaken lan pulisi sing njajal nulungi anu mandan kangelan, soale dalan sing arep maring nggon wit mlinjo kuwe jan dalane gemradhag pisan, ora teyeng deambah mobil apamaning montor.
Nek ujare Kapolsek Somagede, AKP Sigit Ari Wibowo, si Pursimin kiye ya pancen matine mung merga kendhat. Langka tatu apa-apa neng awake si Pursimin kiye. "Nek sekang kasil priksaane pulisi lan Puskesmas Somagede, neng awake si Pursimin kiye ya langka tatu apa-apa, dadi ya matine merga kendhat kuwe,” ujare Pak Sigit.
Kayane, nek jare Pak Kapolsek, kiye wong pancen mandan setres, soale Pak Kapolsek ya wis tau entuk lapuran sekang pulisi neng Tasikmalaya. “Ndhisit si Pursimin kiye ya tau njajal bunuh diri, mlumpat sekang bangunan dhuwur, pas agi ngodhe neng kana. Tapine ora gadhang kapok, padahal sikile tau semplek gara-gara mlumpat kang bangunan kuwe,” ujare Pak Sigit.
Adi Ipene si Pursimin sing jennengane Marsimin, ya crita, nek kakang ipene kiye pancen wis tau degawa neng pulisi sekang Tasik, pas njajal bunuh diri ndhisit. “Pas kae, malah si Pursimin kiye degawa neng pulisi Tasik mawi deborgol mbarang tangane. Kiye nembe patang idna Pursimin kiye neng umah,” ujare Mursimin.
Mursimin ya opra paham, kenangapa kakang ipene kiye cokan nekad njajal bunuh diri, soale pas ketemu terakhir sedurunge Pursimin konangan mati kendhat, kakang ipene kiye ya ora tau crita apa-apa ming dheweke. "Almarhum ora tau crita apa-apa ming aku, padahal kae wong anu apik, ana tanggungjawabe maring kluarga" ujare Mursimin.
Akhire, mayide si Pursimin kiye ya debalekaken maring kluargane nggo dekuburaken. Wis, jan, dadi wong aja cupet nalare, sedulur. Sing padha sabar, ne kana masalah ya derembug bareng karo kluarga, utawane wong sing teyeng depercaya, aja nganggo carane dhewek. Nek wong mati merga bunuh diri toli ora olih neng ukum agama. Sing padha sabar ya sedulur, aja ngasi ngalami kedadeyan kaya si Pursimin kiye, setuju? (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment