Saturday, September 22, 2012

Lara Taunan, Nini-Nini Nekat Kendhat



AJIBARANG-Sedulur, kiye ana crita sing jan ora patut lan ora memper temen nek detiru
apamaning delakoni, dadi maksude, nek wis maca crita sing siji kiye ya aja ngasi ana sing niru
apamaning nglakoni apa sing kedadeyan neng crita kiye.  Kepriwe kon memper jajal, masa
mung merga lara taunan, ana nini-nini nekad mati kendhat, mbok wis ora memper pisan?
Kedadeyan kiye anane neng Grumbul Cigebang Desa Darmakradenan, Kecamatan
Ajibarang. Sing ngalami nini-nini jenengane Takem, sing wis umur sewidak lima taun.
Kedadeyane pas dina Rebo (19/9) wingenane. Pas detemokaken neng tanggane, si Nini
Takem kiye wis konangan cemanthel neng wit kakao nggone tanggane nganggo slendang
benting.
Lha critane, pas dina kuwe antarane jam setengah papat sore, adhine Nini Takem sing
jenengane Sarto, singumure wis seket taun, agi mangkat ngarit. Si Sarto kiye umaeh ya ora
adoh kang umaeh nini Takem. Nah, pas agi mlaku kuwe, si Sarno ngliwati kebon kakao
nggone Karsidi. Ora sengaja, si Sarto kiye malah weruh ana wong wis cemanthel kendhat
neng wit kakao.
Sarto ya gole kaget ora eram, barang depereki, jebule sing cemanthel neng wit kakao kuwe
ora liya malahane mbekayune dhewek. Wis, kewedhen tur bangeting bingung, si Sarto kiye
banjur mlayu ming umaeh Karsidi sing duwe kebon kambi ngorong-ngorong nyeluki wong
liya sing umaeh ora adoh kang umaeh Karsidi kuwe.
Wis, sekampung padha geger kabehan, krungu nek Nini Takem konangan wis mati kendhat
neng wit kakao. Banjur kedadeyan kiye delapuraken maring Polsek Ajibarang. Ora let suwe,
pak pulisi sekang polsek teka ming kebon kakaone Karsidi kuwe, lan ngedhunaken kambi
mriksa mayide nini Takem kiye.
Nek ujare Kapolsek Ajibarang AKP Agus Bowo Astoto, si nini Takem kiye nekad pisan ngasi
kendhat mung merga nandhang lara rematik wis taunan lan ora gadhang mari. Nek ujare
kluargane, si nini Takem kiye ya pirang dina sedurunge konangan kondhat kiye keton
meneng lan ora tau gelem srawung maning, kaya ana sing depikir ngasi abot pisan.
Wis, barang depriksa lan konangan nek si nini Takem kiye matine ya merga kendaht kuwe,
lan ora nana tatu liyane, akhire ya mayide nini Takem debalekaken maring kluargane nggo
dekuburaken. Kuwe sedulur, nek padha duwe lara kuwe ya kudune malah sing padha
tawakal. Mandan perek maning karo Gusthi Allah, soale kuwe ya jenengane menungsa lagi
decoba.
Sing jenengane decoba kuwe kanggo njajal sepira jane wong padha duwe iman, lan ora bakal
luwih abot kang apa sing teyeng detampa neng menungsa, Gusthi Allah wis ngukur kuwe,
dadi aja ngasi kaya si nini Takem ya, nek ngasi nekads kendhat kaya kuwe ya pancen larane
rampung, tapine ora tenang dadi matine, melasi toli ming kluargane. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment