Monday, September 3, 2012

Mumet Mikir Pegat, Malah Mati Ngobong Awak



PATIKRAJA-Kiye ana maning sedulur, critane wong sing jan nek lagi puyeng utawane mumet,
udu merek maring Gusthi Allah sing teyeng nulungi, malah milih ngobong awake dhewek ngasi
mati. Wis, pokoke ora memper pisan.
Kedadeyane nembe dina Minggu (2/9) wingenane, anatarane jam sanga wengi. Critane ana wong
sing jenengane Sugino (34), sing umaeh neng Desa Patikraja RT 04 RW 01 Kecamatan Patikraja.
Si Sugino kiye, kayane pancen lagi abot banget pikirane, merga dheweke kuwe agi areppegatan
kambi bojone.
Nek miturut critane mbekayu ipene si Sugino kiye, sing jenengane Ening, si Sugino kiye pancen
wis ana semingguan kiye mandan bingung. Masalaeh, dheweke kambi bojone kuwe gi arep
pegatan, lan ngesuk (dina kiye-red) sidhang pegatane dheweke kuwe arep mulai maning neng
pengadilan. "Ngesuk kuwe pancen ana sidhang keloro soal pegatane Sugino kambi bojone, ya kuwe mbok sing marakaken setres lan bingung keliwat," ujare Ening.
Nek ujare Tukirman, tanggane Sugino, dheweke weruh Sugino kiye ya biasa baen, kayane langka apa-apa, mulane si Tukirman kiye jan ora nyana babar pisan nek Sugino kiye nekad nglakoni kuwe. "Ya pancen si Sugino kiye agi pegatan kambi bojone, tapi ya aku ora nyana nek bakal kedadeyan kaya kiye," ujare Tukirman.
Lha, pas dina Minggu wingenane, si Sugino kuwe sing aben dinane uripe bareng kambi biyunge
sing jenengane Rakiwen (70), kuwe polah sing jan ora memper pisan, ngobong awake ngasi mati, nganggo bensin lan suluh. Sing pertama menangi kedadeyan kiye ya biyunge dhewek. Pas kuwe, si Rakiwen kiye weruh ana geni wis mulad-mulad sekang kamare si Sugino.
Weruh kaya kuwe, Rakiwen ya banjur ngorong-ngorong, nyeluki tangga-tangane, lan si Rakiwen
kiye ndarani ana kobaran. Tangga-tanggane sing krungu Rakiwen ngorong-ngorong ya gageyan
merek, lan njajal nulungi. Tapine, barang kamare Sugino kiye debukak, wong padha njimprak
kaget kabehan, merga sing kobaran udu kamare, tapi malah si Sugino.
Wis, gagyena baen padha nulungi, nyiram kambi apa sing ana, kon genine gelis mati. Pancen sih,
genine mati ora suwe, paling ya sepuluh menitan, tapine merga nganggo bensin, si Sugino kuwe ya wis geseng lan ora nana nyawane maning.
Pulisi sing teka maring ngonoh ora suwe sawise kedadeyan gageyan mriksa mayide si Sugino kiye lan akhire ya miturut kasil priksaan, si Sugino kiye matine ya merga kobong kuwe, lan tatune wis parah pisan, merga gole ngobong nganggo bensin.
Nek ujare Kapolsek Patikraja AKP Supriyanto, sing melu teka ming umaeh Rakiwen kiye, si
Sugino kiye pancen bingung keliwat, ngasi akhire malah ngobong awake dhewek. "Sedurunge
kedadeyan kiye, nek miturut critane kluargane, si Sugino kiye kayane nekad ngobong awake
dhewek merga bingung keliwat," ujare Pak Supriyanto.
Sawise depriksa pulisi, mayide Sugino kiye banjur debalekaken maring kluargane nggo

dekuburaken. Kuwe, ana maning polaeh wong sing saking bingunge, malah nekad ngobong awake dhewek ngasi mati. Wis, pokoke, jan sing penting kuwe ya sing padha perek karo Gusthi Allah, aja ngasi nganggo carane dhewek, wong kabeh sing teyeng ngrewangi ya Gusthi Allah, aja detiru kiye sing delakoni ning Sugino kiye, marakaken ngajog lan kewirangan kluargane, melas pisan dadine. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment