Sunday, September 2, 2012

Ilang Degondhol Kelong, Ketemu Wis Semaput



SOMAGEDE-Sedulur, kiye ana crita sing mandan mambu gaib, tapine pancen kedadeyan. Jaman siki sing jare wis canggih, wong padha nganggo komputer, bocah cilik ya padha nyekeli hape, mbok jenengane wis canggih pisan? Tapine ya jebule esih ana kedadeyan sing kayane ora mlebung akal, nek denalar ya ora ketemu, tapine kedadeyan.
Kiye, critane ana wong sing jenengane Martawanim (70), umaeh neng Desa Plana RT 05 RW 05 Kecamatan Somagede. Pas dina Selasa (28/8) wingenane, dheweke kuwe lunga sekang umaeh antarane jam sepuluh wengi. Gole pamitan maring bojone sing jenengane Sati, si Martawanim kiye mung arep metu, kaya kuwe thok.
Sati ya jane Mandan bingung, depamiti mung kaya kuwe thok, tapine wong wis kadhung lunga, ya dadine ora teyeng ngomong apa-apa. Nah, deenteni ngasi ngesuke, si Kaki Martanawim kiye ko ora gadhang bali. Si Sati kiye ya ngasi lapuran maring Kades Plana sing jenengane Agus Wismono.
Nek ujare Pak Agus, dheweke ya wis olih lapuran kang Sati, nek bojone kuwe wis sedina pamitan lunga, tapine ora bali-bali. Malahan, Pak Agus kiye malag wis njajal melu nggoleti kaki Martanawim kiye maringumaeh sedulur-sedulure, tapne ya ajeg baen ora ketemu. Tanggane Martawanim ya wis njajal ngubengi kampung, melu nggoleti, ya padha baen, aliase ora ketemu.
Wis, krasa mandan maras, tur kayane ko ora mlebung akal, wong daerah kono akhire ya ngarani nek si kaki Martanawim kiye kayane ilange degondhol Kelong (bangsa lelembut-red). Merga percayane kaya kuwe, akhire padha njajal nganggo cara sing jere teyeng nggawa bali wong sing ilang degondhol kelong, wong sekampung padha nggoleti kambi nabuhi grabahan
" Nek jere wong kene, nurut omongane wong tuwa, si Martawanim kiye kayane ilange degawa kelong. Lha nek ana wong degondhol kelong, gole nggoleti ya nganggo cara kiye, nabuhi grabah, kambi ngorong-ngorong nyeluki jenengane Martanawim kiye,” ujare Pak Agus, Kades Plana.
Wis, pokoke, cara kuwe delakoni, tapine gutul jam rolas mbengi dina Rebone, si Martanawaim kiye ora gadhang ketemu. Akhire, wong kampung kono nyeluk wong pinter kanggo ngreangi nggoleti Martanawim kiye. Barang wis kaya kuwe, kira-kirane jam setengah siji wengi dina Rebo (29/8), kaki Martanawim kiye malah ketemu neng pipir kali Serayu neng ndhuwur klari, lan pas detemokaken, lagi semaput.
Merga semaput kuwe, kakiMartanawim kiye akhire degawa maring puskesmas kanggo depriksa, kenangapa lan apa sing kedadeyan. Tapine, ngasi siki si kaki Martanawim kiye ya esih linglung, jan ora kemutan apa sing kedadeyan maring dheweke.
Kuwe sedulur, jebule jaman siki sing jere wis canggih ya esih baen ana kedadeyan sing ora mlebung akal kaya kedadeyan sing dealami neng kaki Martanawim kiye. Mulane, sing akeh ngibadah, aja padha cokan kelalen ninggalaken sembayang, kon adoh sekang kedadeyan kaya kuwe, lan lelelmbut dadi padha ngadoh. Jerene sih lelembut padha ora doyan maring wong sing kentheng ngibadaeh, bener ora sedulur? (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment