Thursday, September 6, 2012

Tengah Wengi, Omah Kobaran Ngasi Entong



KEMRANJEN-Sing jenengane kedadeyan cilaka, pancen kayane ora bakal nggolet wektu sing kayane pas, kapan bae teyeng kedadeyan, ngandel apa ora sedulur? Nek ora ngandel, kiye tek critani, ana umah kobaran ngasi geseng entong pas sing duwe ya agi bangeting lali gole turu, wong kedadeyane jam siji bengi, kuwe, mbok melasi pisan?
Lha kedadeyan kiye anane neng umaeh Sanraji (45), neng Desa Kecila RT  05 RW 01 Kecamatan Kemranjen, pas dina Kemis (6/9) wingenane. Nek ujare wong sing padha weruh, salah sijine si Masud (45), sing umaeh ya ora adoh kang nggone Sanraji kiye, dheweke kuwe gregah kaget ora eram, pas jam siji bengi, krungu ana kaya barang njeblug, sing tekane sekang umaeh Sanraji.
Wong tutu krungu ana sing njeblug tengah wengi ya njenggirat, si Masud kiye ya kaya kuwe. Barang wis mari gole kaget, dheweke banjur nyelingak maring jendela, lan weruh nek umaeh Sanraji sing bagian mburi kuwe wis kobaran, genine mulad-mulad.
“Pas kuwe sekang umah inyong krungu ana sing njeblug sekang umaeh Sanraji kuwe, nyong ya kaget, barang tek tiliki jebule mburi umaeh Sanraji wis ana geni mulad-mulad gede pisan,” ujare Masud. Jebule sing krungu barang njeblug kuwe ora mung Masud, tanggane Sanraji sing liyane, Musliman (55), ya kaget krungu jeblugane.
"Kedadeyane jam siji wengi, ana suara barang njeblug, lan keton geni mulad-mulad sekang umaeh Sanraji kuwe,” ujare Musliman. Lha si Sanraji karo kluargane pas kuwe ya ndilalaeh padha teyeng mlayu, tapine sing jenengane wong agi padha gregap panik, ora mikir apa-apa sing penting teyeng slamet, dadine ya mung padha mlayu, ora sempet njikoti barang sing neng njero ngumah.
Barang weruh kaya kuwe, tanggane Sanraji ya ana sing padha nabuhi titir, dadi sekampung padha gegeran, banjur padha merek maring umaeh Sanraji nggawni ember, cidhuk, lan apa baen sing teyeng denggo ngrewangi mateni geni sing kadhung mulad-mulad kuwe.
Ora ngasi setengah jam, genine teyeng depateni bareng-bareng wong sekampung, tapine ya sing jenengane umah sekang kayu, ya langsung ludhes, entong geseng dadi areng. Padhaale umaeh ya ora omber-omber banget, mung lima ping sangang meteran lah, tapine merga kobongan kiye Sanraji ya nandhang rugi ngasi sewidak juta.
Nek ujare Pak Kapolsek Kemranjen AKP H Sutarno, kobaran kiye kayane sing marakaken ana listrik sing konslet, lan ora kewenangan. "Nek sekang kasil priksaan pulisi, merga ora nemu apa-apa sing marakaken njeblug kaya gas utawane barang liyane, kayane kobaran kiye teyeng kedadeyan ya merga ana listrik sing kosnslet,” ujare Pak Kapolsek.
Tapi ya sing jenengane wong jawa, senajan umaeh ludhes geseng dadi areng, ya esih akeh baen untunge, soale untung ora nana sing mati merga kobaran kiye. Kuwe sedulur kabeh, sing padha duwe listrik neng umah ya padha dedeleng maning, detliti maning, mbok ana kabel nglothok ya gageyan debeneri, aja ngasi kedadeyane kaya sing dealami Sanraji kiye, dadi ngajog ketemu mburi. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment