Tuesday, March 6, 2012

Detinggal Subuhan Umaeh Kelebon Gentho

SOKARAJA-Dasar Gentho, ya pirang-pirang akale. Ngerti sing ap demalingi gawene subuhan neng musola, ya kebeneran. Nunggu simpe mlebung ngumah terus nyolong. Ndean angger demalingi tengah wengi kangelan, mulane mlebune nyimpe pas sing duwe umah subuhan gagat esuk. Kaya kedadian sing dealami Tri Winarso (50), sing umaeh neng Sokaraja Kulon Rt04/06, Kecamatan Sokaraja Selasa (6/3) winginane. Deweke kelangan barang-barang sing regane nganti jutahan. Tri ya babar blas ora nyana, kebiasaane jamaah solat subuh neng musola, eh, malah denggo kesempatan neng maling. Ngkenene agi niat bener ngibadah, malah umaeh kelebon maling. Laptop sing ngglethak neng meja deusung maling. Tri dadi kapitunan sekitar Rp 8 jutahan. Wong genah anu sing ilang laptop karo lia-liane sih. Humas Polres Banyumas AKP Joko Witarso,Rabu (7/3) wingi, ngomongaken kaya sing deomongna Kapolsek Sokaraja. Dadi Tri Winasro karo Herwi Setiyati (42), bojone, kuwe kira-kira jam tengah lima gagat esuk mangkat maring musola, ap subuhan. Musaolane tah ya dongen ora adoh sekang umaeh. Ujare Tri karo bojone, anu edek ikih, mulane lawang umah, ya ora dekunci. Mbarang subuhan rampung, Tri karo bojone ya terus bali kaya biasane. Mbarang dog ngumah, Tri karo bojone nggragap, ngrajug sebab dene lawang umaeh wis ngaplang-ngaplang, mbukak. Ngerti lawange mbukak, Herwiyati terus bae bludus mlebung umah. “O walaaaah, jebule laptope ilang pak. Kye wis ora luput, ana maling mlebu kyeh,” omonge Herwiyati sing detirokna Joko Witarso. Tri Winarso sing egin ora percaya umaeh kelebon maling, terus najal ngecek barang-barang liane. Jebule pancen bener. Ora mung laptop, handphone, gelang, jam tangan, toli dopet anapan ya pada ilang kabeh. Ngerti barang-barang sing ana regane pada ilang, Tri karo bojone mudug-mudug banget. Mbarang srengegene mulai madan duwur, Tri gagian bae maring Kantor Polsek Sokaraja, lapuran yen umaeh bar kemalingan. Delapuri kedadian kuwe, AKP Sutrisno langsung bae prentah maring anggotane kon ngecek umaeh Tri. Tanggane Tri sing pada ngerti kadadian kuwe ya detakoni, dadi saksi. "Saiki inyong pada lagi nylidiki kedadian kuwe, toli inyong weling, masyrakat aja gemampang ninggal umah ora dekunci. Aja sebab dene anu cedek, lawang ora dekunci. Palang apa ya dekunci bae. Wong jahat tah bisa bae mlebu ora ndeleng wektu. Wong agi sing dekunci be kadang-kadang dedhodhet koh, apa maning anu ora dekunci, " jerena Sutrisno (EWW)

Easy Way to Download