Wednesday, September 12, 2012

Detinggal Ngajar, Tas Ilang Degondhol Gentho



KEDUNGBANTENG-Guru, pancen gaweane ngajar, lan mesthine ya aweh ilmu
maring wong akeh kon padha tambah pinter. Mulane nek neng pelajaran bahasa
Indonesia kuwe ana omongan "Guru adalaha Pahlawan Tanpa Tanda Jasa", bener ora
sedulur. Nek pahlawan kuwe esih baen dekuya-kuya ko kayane melasi pisan lan ora
memper, bener apa ora?
Nah, kiye critane ana guru loro, agi ngajar muride, tapine bubar ngajar malah gregah
bingungpisan merga tas sing decanthelaken nengkursi malah wis ilang degondhol
gentho, mbok melasi pisan? Ana baen wong sing tega nyilakani guru sing jan uri[e
baen kadhang pas-pasan, wisa, moga-moga cepet kedhimek kuwe malinge, kon
mandan kawus.
Kedadeyan kiye anane neng MA Al Ikhsan Desa Beji Kecamatan Kedungbanteng
Banyumas pas dina Selasa (11/9) wingenane. Ana guru loro sing jenengane
Mutimatuszakiyah (23), kambi Feri Sulistianingrum (24), sing padha-padha wong
Kedungbanteng baen.
Dina kuwe, kaya biasane ya pas gutul sekolahan antarane jam pituan esuk, kuwe guru
loro ya kaya biasa, langsung mlen=bung kelas, lan ngajar. Wong jenengane wong
ngajar ya ora mawi nggawa tas, dadi tase decanthelaken neng kursi sing ana neng ruang
guru. Nah, barang rampung ngajar anatarane jam setengah sanga esuk, kuwe guru loro
ya bali maring ruang guru agep ngaso.
Tapine, pas mbalik maring ruang guru, lorone njjengirat kaget ora eram, merga
meruhi tas sing padha-padha decanthelaken neng kursi ko wis ora nana aliase ilang.
Pas takon maring guru liyane ya padha gedheg kabeh, langka sing weruh, apamaning
ngerti kedadeyan kuwe.
Tapine ana bocah neng kelas liyane sing pas banget kelase ana neng ngarep ruang guru
crita, nek pas guru loro kuwe ngajar, ana wongloro sing mlebung maring ruang guru
nggawa tas gedhe lan dekalungaken neng gulu. Wong loro kuwe nek ujare si bocah ya
ora suwe neng njero, mung limang menitan, tapine metune wis nggawa tas.
Nek ujare si bocah sing weruh kuwe, wong loro kuwe siji lemu, rambute pendhek,
nganggo jaket ireng sing lengene ana werna oren, nganggo sepatu lan dhuwure ya ana
160 senti. Sing sijine kuru, rambute ya padha baen pendhek, nganggo jaket ireng,
sepatuan lan dhuwure ana 165 sentian.
Tapine, wong pas weruh kuwe si bocah ya ora slirik banget, ya tetep baen ilang.
Akhire kedadeyan kiye delapuraken maring Polsek Kedungbanteng. Nek ujare
Kapolsek Kedungbanteng, AKP Suparno EW, kedadeyan kiye merga guru loro kiye
gole ninggal tas neng ruang guru sing suwung lan ora dekunci pisan lawange.
Wis, pokoke siki kedadeyan kiye esih deslidiki neng Polsek Kedungbanteng, lan
merga kedadeyan kiye, guru loro kuwe nandhang rugi ngasi wolulas juta. Kuwe
sedulur, mbok wis boal-bali decritani bab wong kemalingan, esih baen gemampang
gole ngglethakaken barang ora mawi dejagani, ya malah ilang deusung gentho.
Mulane, mbesuk maning nek duwe barang kuwe dejagani temenanan, aja gemampang
debrukaken sekepenake, apamaning ora dekunci lawange. Nek wis kedadeyan kaya
kiye sing rugi lan ngajog mbok awake dhewek?

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment