Monday, September 24, 2012

Numpak Motor Kambi Teler, Mati Nubruk Wit



PURWOKERTO-Sedulur kabeh, sing kerasa esih enom utawane bocah sekolah, aja padha
gemagus gole numpak montor nang dalan. Apamaning gole numpaki montor kambi teler
utawane mabok inuman, jan ora memper pisan. Bisa-bisa kedadeyane kaya sing dealami ning
bocah siji kiye.
Dina Minggu (9/9) wingenane, nang  ana kedadeyan neng Jalan HR Bunyamin Kecamatan
Purwokerto Utara. Ana bocah sing umurane esih rongpuluh taun, lan mesthine ya esih
sekolah, numpak montor kambi teler, bubar nginum inuman sing ana alkohole, terus nubruk
wit banjur akhire ya mati, mbok ora memper pisan?
Dadi dina kuwe, pancen malem minggu, tapine ya wis jam siji bengi, kiye bocah sing jenengane
Rendy Ginting (20), sing umaeh neng Tumijaya Kecamatan Jayapura, Kabupaten Okan
Timur, Sumatera Selatan, agi numpak montor ninja. Jenengane bocah enom, nek numpak
montor apamaning kambi teler, ya kayane ngrasa gagah dhewek se dalan mbok.
Nek ujare seksi sing jenengane Haryono (60) sing umaeh neng Desa Bancarkembar
Kecamatan Purwokerto Utara, pas kuwe si Ginting kiye gole numpaki montor Ninja sing
nomer pulisine F 6407 ML agi bangeting banter sekang lor, mbuh kang endi,
sekang Baturraden mbok. "Kae bocah gole numpak montor banter pisan, kaya setan," ujare
Haryono.
Lha pas gutul neng ngarep Pasar Glempang, mbuh kepriwe critane montore si Ginting kuwe
ijig-ijig nyruduk bemper mburi mobil sing padha-padha agi laju sekang lor. Tapine, Haryono
ya ora kemutan mobile kaya apa lan nomer pulisine pira, wong jenengane bae tengah wengi.
Bubar nyruduk mobil kuwe, si Ginting ya mental ngiwe, ngasi akhire ngantem wit sing ana
neng pinggir dalan.
Wis, bubar ngantem wit, si Gintingkiye banjur nggolosor neng aspal, ora obah acan. Sekang
siraeh ya kemlocor getih merga gole nubruk banter pisan sih, lan sedurunge sempat detulungi,
si Ginting kiye wis kebanjur mati dhisitan merga taeune sing neng sirah bangeting parah.
Nek ujare Kasat Lantas Polres Banyumas AKP Chalid Mawardi sing dewakili neng Kanit Laka
Lantas Polres Banyumas Iptu Ruzi Gusman, kedadeyan kiye sing nyebababaken ya merga si
Ginting kuwe gole numpak montor banter pisan tur kambi teler. "Sawise depriksa neng pulisi,
neng nggon kedadeyan kuwe kambi sekang cangkeme si bocah kiye mambu pisan ciu, dadi ya
ora teyeng numpak montor sing bener," ujare Pak Ruzi.
Kuwe, crita kiye ya kena nggo pengalaman kanggo sedulur kabeh sing esih ngerasa dadi bocah
enom. Nek agi neng dalan numpak montor aja gemagus, apamaning kambi teler, ujare gagah
dhewek mbok. Nek wis kedadeyan kaya kiye sapa sing ngajog jajal, mbok wong tuwane? SIng
dadi wong tuwa ya sing padha bener gole ngajari bocah, aja ngasi ngalami kedadeyan kaya sing
dealami si Ginting kiye, pokoke sing padha-padha njagani ya sedulur? (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment