Wednesday, September 19, 2012

Bingung Keliwat, Mati Ketabrak Sepur

CILACAP-Kiye ana maning critane wong sing mati penasaran merga ketabrak sepur. Mbuh
kepriwe kedadeyane, tapi kayane sih wong kiye ora krungu munine klakson sepur, sing
ujarku tah banter pisan. Ya ndean bae pas kuwe lagi ana sing depikir dadi ora krungu. Pesene
inyong sedulur, nek agi mumet keliwat, aja perek-perek maring dalan sepur, nek kesaut
teyeng mati kaya kedadeyan siji kiye.
Dadi kedadeyane kuwe anane neng dalan sepur sing panggonane neng Dusun Sidadadi RT 03
RW 14 Desa Tarisi Kecamatan Wanareja Kabupaten Cilacap pas dina Selasa 18/9)
wingenane antarane ya jam lima sore lah. Pas kuwe ana wong sing jenengane  Parimun
sing umure ya wis mandan lumayan, patang puluh lima taun.
Si Parimun sing umaeh neng Desa Adimulya RT 03 RW 07 Kecamatan Wanareja
Kabupaten Cilacap kiye ya mbuh kenangapa, pas sore kuwe ko gole mlaku neng pipir dalan
sepur. Kayane si Parimun kiye lagi ana pikiran sing jan abot pisan lho, dadine gole mlaku ora
slirik nek wis gutul dalan sepur.
Lha gole bangeting mikir, si Parimun kiye ora slirik nek jam semeno kuwe ya wayaeh ana
sepur liwat. Nah, pas kuwe pancen agi wayaeh Sepur Serayu II liwat, lan pas neng daerah
kono ya kayane si sepur wis ngunekaken klakson sing banter pisan. Tapine wong agi bingung
keliwat, si Parimun kiye ora krungu baen, ngasi akhire deaut neng sepur kuwe.
Jenengane balung kambi daging menungsa, desaut neng sepur sing abote ora eram tur wesi
thok, ya langsung baen kontal ngasi adohe ora eram, ana nembelas meter sekang ril sepur
kuwe. Ora suwe sawise kuwe, ana petugas sekang stasiun Mluwung Wanareja sing agi niliki
ril sepur, jenengane Dwi Prayanto (25), malku maring ril kono, lan meruhi mayide si
Parimun kiye wis gemlethak neng pinggirane ril.
Weruh kedadeyan kuwe, si Dwi banjur nyeluki Eko Purwanto (22), singumaeh neng Desa
Tarisi RT 01 RW 08 Kecamatan Wanareja Kabupaten Cilacap sing pas kebeneran ana neng
kono, lan barang wis weruh nek si Parimun kiye wis mati, ya banjur kedadeyan kuwe
delapuraken maring Polsek Wanareja.
Barang wis depriksa neng pulisi lan wong sekang Puskemas Wanareja, mayide si Parimun kiye ya banjur debalekaken maring kluargane nggo dekuburaken. Wis, kuwe sedulur, aja maning-maning ana kedadeyan kaya kuwe ya. Nek agi bingung keliwat, mending neng umah baen, crita maring kluargane, sapa ngerti entuk dalan. Dadi ora kedadeyan kaya sing dealami si Parimun kiye ya sedulur. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment