Tuesday, September 4, 2012

Lara Jantung, Ketemu Mati Neng Emperan Umah

PURWOKERTO-Kiye ana crita maning sedulur, wong sing nandhang lara jantung ko

malah ketemu mati neng emperan umah. Sing melas pisan, matine kuwe ora neng emper umaeh dhewek, tapine malah neng emper umaeh wong liya, sing kenal bae ora, ya malah dadi bingung lan marakaken geger sekampung.

Critane kaya kiye, pas dina Jemuwah (5/10) wingenane, antarane jam telu sorean lah. Subegjo, sing umure patang puluh siji taun, mbuh ngimpi apa. Dina kuwe dheweke kepanggonan wong sing ora kenal, tapine dudu ngendhong apa mertamu, malah kur andon mati neng emper umaeh. Subegjo kiye ya ora ngerti kepriwe mau-maune, tapine dina kuwe jam semono, umaeh sing neng Jalan Puteran RT 02 RW 01 Kecamatan Purwokerto Selatan dadi geger.

Pas kuwe dheweke ya agi neng njero ngumah, koh ijig-ijig ana wong lanang, umurane meh sewidak taunan, numpak montor Honda Astrea Prima sing nomer pulisine R 3689 KB, mandheg neng ngarep umaeh. Nek jarene Supinah, tanggane Subegjo, pas kuwe ya dheweke werueh mung ana wong lanang numpak montor mandhed neng egarep umaeh Subegjo kuwe.

Pas wong kuwe mandhed neng ngarepumaeh Pak Begjo, ujarkune ya tamune Pak Begjo, sing arep ngendhong. Tapine, pas mandheg kuwe ko raine wis keton pucet," ujare Supinah.

Weruh wong kuwe pucet, Supinah ya bingung, banjur nyeluki tanggane sing jenengane Rasim njaluk tulung. "Pas detakoni, kuwe wong jere agi nggoleti bojone sing jenengane Sumi, tapine gole ngomong Sumi anu mandan pelo, dadi ora genah," ujare Supinah.

Bubar detakoni, wonglanang sing akhire konangan jenengane Suratman, lan umaeh neng Desa Danaraja RT 02 RW 01 Banyumas kiye njaluk tulung depijeti neng mburine sirah, anu jere mumet pisan. "Kuwe wong njaluk tulung depijetaken mburi siraeh, lan njaluk wetenge delengani nganggo lenga angin," ujare Supinah. Urung sempet dekakpak-kapakaken, koh ijig-ijig si Suratman kiye mutah lan sekang cangkeme metu unthuke.

Supinah kambi Rasim ya tambah bingung, lan akhire njaluk tulung tangga-tangga liyane. Rasim uga akhire nglapuraken kedadeyan kiye maring Polsek Purwokerto Selatan. Tapine, urung sempet pulisi teka, si Suratman kiye wis kebanjur langka ambegane. Mbuh sekang endi critane, ora suwe bubar si Suratman kiye mati, ana wong wadon sing jenengane Rumiyati, teka maring panggonan kuwe.

Rumiyati, sing ngakune bojone Suratman ya malah nangis kejer, weruh bojone wis

gemlethak langka ambegane. Nek ujare Rumiyati kiye, jane si Suratman kiye arep methuk dheweke sing agi ngendhong neng umaeh adhine neng Jalan Puteran kuwe. "Bapak pancen duwe lara jantung. Ora mung jantung, bapak ya duwe darah tinggi. Tapi ya aku ora nyana nek bakal ketemu wis kaya kiye kedadeyane," ujare Rumiyati kambi nangis sesenggukan.

Nek ujare Rumiyati, dheweke pancen wis ngenteni suwe neng kono, tapine si Suratman kiye ora gadhang teka. "Wong umah ya agi nggoleti, jane Bapake lunga maring endi, wong pamitan arep methuk ko ora teka-teka," ujare Rumiyati. Wis, barang pulisi teka ngonoh ya langsung depriksa. Nkek ujare Kapolsek Purwokerto Selatan Kompol Muhammad Imron, sekangkasil priksaane pulisi lan dokter, si Suratman kiye pancen matine merga lara jantunge kumat.

"Sekang kasil priksaane pulisi lan dokter, ora ketemu ana tatu sing bekas degawe nguwong, dadi ya mesthine Suratman kiye matine mrga lara jantunge kumat. Apamaning nek krungu critane kluargane," ujare Pak Imron. Sawise genah apa sing marakaken Suratman kiye mati,

banjur mayide dejujugaken nganggo ambulan maring desane nggo dekuburaken. Kluargane Suratman ya mung pasrah, wong kiye jenengane musibah, ya jere detampani lan delakoni baen.

Kuwe sedulur, nek wong duwe penyakit parah kaya jantung kuwe aja ngasi lunga adoh dhewekan, mbok kekeselen, kedadeyane teyeng kaya sing dealami Suratman kiye. Nek bisa, gole lunga ya aja dhewekan, dadi mengko nekana apa-apa teyeng ana sing nulungi, lan ora kebanjur kaya kiye. Wis, pokoke crita geger mower dina kiye kaya kuwe, melasi pisan, lan kena nggo pengalaman sedulur kabeh. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment