Monday, September 14, 2015

Nyalip Ora Pethung, Mati Kelindhes Bis

KUTOWINANGUN–Kiye ana maning kedadeyan sing jan miris neng ati nek decritakaken, tapi ya kudu decritakaken, kon teyeng dadi pengalaman sedulur kabeh, lan ora ngasi kedadeyan maningkaya sing dealami mahasiswa sing neng crita kiye. Kepriwe ora miris jajal, jenengane mahasiswa, mbok esih enom, esih dawa kudune pengarepane, ko malah matin sia-sia gara-gara nyalip bis ora nganggo etungan, mbok melasi pisan?
Dadi crita kiye anane neng dina Minggu (14/10) wingenane, wayaeh ya esih sore lah, antarane jam setengah lima sore, neng ngarepe sekolahan SMP Negeri 2 Kutowinangun Kebumen. Critane, pas sore kuwe neng dalan kono kuwe sing pancen rame pisan, mergane akeh bis kambi trak gedhe sing liwat, ana bocah sing esih dadi mahasiswa neng Praketa, jenengane Harist.
Si Harist kiye umure nembe rolikur taun, lan sore kuwe agi nunggang montor Yamaha sing nomer pulisine B-6419-KLZ, laju sekang arah Jogja, niate arep ming Praketa. Nah, pas neng dalan kuwe, si Harist kiye niate ndean agep nyalip bis sing ana neng ngarepe. Jenengane bae bis, dadi kan bangeting gedhe tur dawa nek desandingaken kambi montore si Harist, dadi ya mandan angel desalip.
Tapine saking kepengen bali, ndean si Harits kiye ya nekad baen nyalip bis Santosa neng ngarepe sing nomer pulisine AA-1409-AA. Nah, pas si Harits kiye nyalip, kayane dheweke ora ngetung nek bis kuwe dawa, lan uga ora ndeleng nek neng ngarepane ana montor liyane sing mlaku sekang ngarep.
Barang nembe tekan tengah awake bis, si Harits kayane nggregap kaget merga ijig-ijig ana montor liya neng ngarepe. Langsung baen si Harist nggleyor ngiwa. Tapine wong anu wis perek pisan kambi bis, si Harist kiye neggor awake bis. Jenengane baen bis, ya atos, dadi si Haritst malah mental lan tiba. Sing apes maning, tibane ngepasi neng ban mburine bis.
Wis, langsung baen, mak bres, si HArist kiye kelindhes bis pas banget neng siraeh. Ora perlu decritakaken maningkepriwe kahanane si Harist kiye, langsung mati thek sek neng kono. Wong singpadha meruhi banjur gageyan nggawa mayide Harist kiye maring RSUD Kebumen nggo devisum.
Nek sekang ujare Kasat Lantas Kebumen AKP Catur C. Wibowo, SIK. MH liwat Kanit Laka Sat Lantas Kebumen Aiptu Sugeng Riyadi SH, kedadeyan cilaka kiye wis agi deslidiki lan detangani neng Unit Laka Sat Lantas Polres Kebumen. Montor kambi bis sing padha-padha cilaka kuwe yaw is debrukaken neng Pos Lantas Kutowinangun Kebumen, lan supire bis wis agi depriksa neng kantor Sat Lantas Polres Kebumen.
Mayide si Harist kiye ya wis gageyan debalekakaen maring kluargane nggo dekuburaken. Wis, kuwe crita miris geger mower dina kiye. Muga-muga wis kiye dadi sing pungkasan, lan aja maning ana sing ngalami kedadeyan kaya Harist kiye. Melasi sing ngalami, luwih-luwih kluargane, padha ngajog kabehan, tur marakaken miris wong sing krungu. (eww)






Easy Way to Download

Sedina Wong Mati Loro Cilaka Neng Dalan

BANYUMAS-Kayane meh saben dina dhewek kuwe krungu singjenengane cilaka neng dalan, lan biasane pancen merga ora padha ngati-ati gole nunggang tumpakan, bener ora sedulur? Nah, kiye ana maning, ora tanggung-tanggung, dina Rebo (17/10) wingenane, ana wong loro sing mati merga cilaka neng dalan, mbok medeni pisan?
Kedadeyan sing kaping pisan kedadeyane neng dalan Desa Tambaknegara, Kecamatan Rawalo, persise neng ngarepe kantor Perhutani Banyumas, antarane jam setengah loro awan. Gara-gara kedadeyan kiye, Sarifudin sing umure patangpuluh loro taun, lan umaeh neng Desa Bantarkawung, Kecamatan Rembang Purbalingga mati sawise nyalip mobil boks lan ketabrak montor ing ana neng mburine.
Nek sekang werta sing detampa neng Harmas, kedadeyan kiye sing weruh jenengane Teguh, singumaeh neng daerah kono. Ujare Teguh, pas kuwe si Sarifudin kiye agi numpak montor Honda Supra Fit sing nomer pulisine R 6296 KC laju sekang kulon. Pas gutul nggon kedadeyan kuwe, si Sarifudin nyalip mobil boks sing ora kewenangan nomer pulisine. "Pas bubar nyalip mobil boks kuwe, si Sarifudin kuwe langsung nggunting maring ngarepe mobil," ujare Teguh.
Nah, pas montore Sarifudin kuwe wis neng ngarep mobil boks, montore kesruduk mobil boks ngasi tiba. Tapine, mobil boks kuwe teyeng menggok nengen, dadi ora nglindhes si Sarifudin lan langsung mlayu ora kebledhig. Sing apes, neng mburine mobil boks kuwe ana montor Honda Revo sing nomer pulisine R 6038 NE sing detumpaki Priyadi kambi anake Nur Rohman sing umaeh neng Desa Tambaknegara, Kecamatan Rawalo.
Merga wis ora teyeng ngindari maning, montore si Priyadi kuwe langsung baen nubruk montore Sarifudin sing esih gemlethak neng dalan. Kuwe wong telu pating krungkel tiba bubar tubrukan, lan wong sing ana neng kono gageyan nulungi wong telu kuwe sing esih padha gemlethak neng dalan. Wong telu kuwe digawa maring Rumah Sakit Wijaya Kusuma Purwokerto, tapine merga tatune si Sarifudin kiye bangeting parah, akhire dheweke mati neng rumah sakit, lan untunge wong loro liyane kuwe mung padha rakrak thok awake.
Lha ora let suwe sawise ana kedadeyan kuwe, antarane jam loro kurang seprapat, ana maning kedadeyan cilaka neng dalan, mung beda panggonan. Kedadeyane neng Jalan Yos Sudarso, Kecamatan Purwokerto Barat. Sudarjo, sing umure wis pitungpuluh taun lan numpak pit onthel lan umaeh neng Desa Jipang RT 02 RW 01 Kecamatan Karanglewas ya padha baen mati pas agi degawa ming rumah sakit merga ketabrak mobil bak.
Nek ujare seksi sing jenengane Suratno, pas kedadeyan cilaka kiye si kaki Sudarjo agi numpak pit neng pinggir dalan sekang wetan. Lha, neng mburine kaki Sudarjo kiy ana mobil bak sing nomer pulisine R 1932 QC sing desupiri Solekhan, wong Desa Kalisalak, Kecamatan Kebasen ya agi laju sekang wetan.Nah, pas gutul kono, mobil bak kuwe niate arep minggir tuku ban, tapine malah nyremped Diarti, wong Desa Pejogol, Cilongok.
Si Solekhan critane arep menggok nengen, bubar nyremped Diarti kuwe, tapine neng ngarep mobil ana kaki Sudarjo sing agi ngepit, lan langusng ketabrak sekang mburi. Kaki Sudarjo langsung mental lan siraeh ngantem aspal bangeting seru. Wong sing agi neng kono ya gagaeyan nulungi Diarti kambi Sudarjo. Tapine, merga tatune kaki Sudarjo kiye bangeting parah, dheweke malah mati pas agi degawa maring Rumah Sakit Islam Purwokerto.
Nek ujare Kanit Laka Lantas Polres Banyumas Iptu Ruzi Gusman, kudune singpadha neng dalan kuwe luwih ngati-ati, lan kon padha manut maring aturan sing ana. "Nek agep nyalip tunggangan liya neng ngarepe ya kudu depasthekaken neng ngarepe aman, aja langsung nggunting, mbok kedadeyane kaya si Sarifudin kae,” ujare Pak Ruzi.
Wis, cukup kuwe bae lah sedulur kedadeyan cilaka neng dalan, ja ngasi ana maning, melas kluargane sing padha neng umah, lan uga melas maring sing kenang apes, malah mati sia-sia mung merga kurang ngati-ati neng dalan. Aturan neng dalan ya kudu padha denggo lan deturuti, dadi ora nana maning kedadeyan cilaka neng dalan sing marakaken ana wong mati sia-sia. (eww)








Easy Way to Download

Sembayang Dhuhur Neng Mesjid, Montor Seisine Deusung Gentho

PURWOKERTO-Sing jenengane wong nek arep niat jahat kuwe pancen wis ora bakal mandheng panggonan, wayah apamaning kemutan dosa. Pegawean sing delakoni wong jahat kuwe gelem kedadeyan neng endi baen, kaya kedadeyan sing siji kiye, ana gentho sing jan ora memper pisan, gelem nyolong montor seisine neng parkiran mesjid, mbok bangeting ora patut?
Dadi kedadeyan kiye dealami neng Muhammad Kadikin, sing umure nembe nembelas taun. Dheweke kuwe agi ming Purwokerto niate arep dodolan roti bronis sekangumaeh neng Desa Limbangan RT 01 RW 07 Kecamatan Ulujami Pemalang. Nah, si Kadikin kiye ya wis biasa mubeng-mubeng dodolan roti bronis kiye nganggomontor, kambi nyangking krombong neng montore, nggo wadhah roti bronis dodolane.
Dina Senen tanggal siji wingenane, si Kadikin kiye ya kaya biasa agep dodolan roti bronis lan arep dejujugaken maring toko-toko sing ana neng Purwokerto. Antarane jam rolas awan, dheweke koh kemutan nek urung sembayang dhuhur. Wong biasa anu mandan disiplin gole sembayang, si Kadikin kiye akhire gageyan golet mesjid seketemune.
Pas weruh ana mesjid Darussalam sing ana neng daerah Kelurahan Purwanegara RT 02 RW 01 Kecamatan Purwokerto Utara, Kadikin kiye wis ora kesuwen mikir maning, langsung baen kuwe montor sing nggawa krombong isi roti deleokaken maring parkiran mesjid. Merga krasa wis mandan kawanen, Kadikin ya gageyan menculat sekang montor lan golet nggon wudhu banjur sembayang.
Rupane, saking kedagar-dagare si Kadikin arepan sembayang, dheweke kuwe kelalen nek kontake montor esih cemanthel neng montore. Dheweke ya ora slirik nek neng mesjid kono uwe ya mandan sepi, langka wong sing njagani parkiran. Wis, si Kadikin kiye banjur sembayang ngasi ana ndean sepuluh menitan.
Wong jenengane sembayang ya mesthine khusuk, ora ngrungokaekn apa-apa sekang njaba, bener mbok? Lha barang eis rampung gole sembayang, si Kadikin kiye ya arep dodolan roti maning. Tapine gole njimprak bangeting kaget, barang Kadikin gutul nggon parkiran montor, jebule montore sing decantholi krombong singisine ana rongpuluh toples roti bronis wis ora nana maning neng kono.
Wis, bingung keliwat, si Kadikin kiye njajal nggoletimontore lan takon-takon maring wong sing ana neng pipir mesjid, tapine jebul langka sing meruhi montore. Ora ngerti arep kepriwe maning, akhire si Kadikin kiye ya nglapuraken kedadeyan kiye maring Sentra Pelayanan Kepolisian Terpadu (SPKT) Polres Banyumas.
Nek miturute Kadikin sing lapur maring pulisi, montore kuwe anu merek Honda Supra Fit taun 2005, sing plat nomere G 6701 QD. Seliyane montor, krombonge ya ana isine roti bronis rongpuluh toples, sing regane limolas ewuan. Dadi, nek dejumlah kabeahn, si Kadikin kiye nandhang rugi ana ngasi nem juta limangatus.
Kuwe sedulur, montor deparkir neng ngarepmesjid baen esih gelem deusung gentho. Kuwe mbuh genthone sing ora duwe utek apa pancen merga si Kadikin kiye kelalen ora nggawa kuncine, dadi esih cemanthel baen neng montor. Sing mesthi, kuwe contone nek wong arep jahat kuwe ora gadhang ndeleng panggonan, neng endi baen teyeng, mulane sing padha luwih
slirik maning nek arep ninggal barang, depasthekaken dhisit, aman apa ora, kon ora ngajog kaya sing dealami neng Kadikin kiye. (eww)








Easy Way to Download