Tuesday, September 11, 2012

Tukang Negor Wit, Malah Mati Kambrukan Wit



SOMAGEDE-Sing arane wong apes kuwe pancen langka padhane. Wong sing wis pengalaman nek ora ngati-ati ya teyeng cilaka merga kodeane. Lha kiye sing arep dadi crita geger mower dina kiye sedulur. Kiye ya kena nggo pengalaman, sing padha ngodhe kuwe tetep kudu ngati-ati, wis pengalaman soten nek agi apes tur ora ngati-ati ya tetep baen teyeng cilaka.
Lha crita kiye anane neng Desa Kemawi Grumbul Wagir RT 03 RW 04 Kecamatan Somagede, pas dina Minggu (9/9) wingenane. Neng daerah Kemawi kono, pancen panggonane wong sing kodeane negor wit-witan, soale akeh pisan alas sing detanduri wit kaya bangsane Kalba, Pines lan wit gedhe liyane.
Nah, pas dina kuwe antarane jam rolas awanan, ana wongsing kodeane negor wit jenengane Sanam (51), sing umaeh neng Desa Kemawi RT 04 RW 05 Kecamatan Somagede. Awan kuwe, si Sanam kiye agi ngodhe negor wit KAlba kaya biasane bareng karo kancane sing jenengane Giman (42) kambi Parjan (45). Pas kuwe, si Giman kambi Parjan kuwe sing negor, lha si Sanam kiye sing narik wit nganggo tali kon gelem derubuhaken.
Kiye ora kaya biasane, nek wong narik wit kon rubuh kuwe ya kudune pas wite arep rubuh ya aja neng ngisor wit, iya mbok? Lha si Sanam kiye mbuh kepriwe ko pas narik wit nganggo tali ko ya ora mingser sekang ngisor wit. Akhire ya wit sing detarik si Sanam kiye langsung baen ngebruki Sanam, ngasi sikile tugel lan sekang kupinge kemlocor getih.
Si Giman kambi Parjan sing meruhi kedadeyan kuwe banjur gageyan nulungi si Sanam. Tapine ya jenengane wongketiban wit gedhe pisan, pas detulungi, si Sanam kiye wis langka ambegane. Kedadeyan kiye banjur delapuraken maring Polsek Somagede, lan Pulisi bareng kambi dokter sekang puskesmas ya langsung teka maring panggonan kuwe.
Nek ujare Kapolsek Somagede AKP Sigit Ari Wibowo, SH, pas depriksa, pancen si Sanam kiye tatune bangeting parah ora memper. "Pas kuwe pancen si Sanam kiye tatune jan bangeting parah, sikil tengene semplek, lan sekang kupinge kemlocor getih," ujare Pak Kapolsek. Kayane nek ujare Pak Kapolsek, si Sanam kiye matine ya merga ora ngati-ati pas narik wit sing arep derubuhaken.
Wis, barang wis ngerti kenangapa si Sanam kiye mati, banjur mayide Sanam debalekaken maring kluargane nggo dekuburaken. Kuwe sedulur, padahal sing jenengane Sanam kiye ya saben dinane kuwe kodeane ya negori wit, tapine malah mati merga kambrukan wit, kayane pancen ora memper, tapi lha wong kedadeyan. Mulane, sing padha ngodhe kuwe ya ngati-ati, aja gemampang. Wong sing gemampang pas ngodhe kuwe teyeng cilaka, lha nek kedadeyane kaya sing dealami si Sanam kiye kepriwe jal? Mbok ngajog pisan? (eww) 

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment