Friday, May 18, 2012

Kesel Keliwat, Mati Nang Galengan



LUMBIR-Menungsa urip kuwe pancen kudu ngodhe utawane pahal go nyukupi butuh, bener
ora sedulur? Tapi ya gole ngode aja ngangsa, nek wis kesel ya mandhed, aja depeksa, nek ora
kedadeyane bakalan kaya kaki Sukarjo (70) kiye, sing umaeh nang Dukuh Karang Miri, Desa
Jambu Kecamatan Wangon Banyumas.
Dadi kaya kiye critane. Si kaki Sukarjo kiye ya kaya wong tani lumraeh, mben dinane ya
gaweane ming sawah, ya tandur utawane mupuk pari nang sawaeh. Tapi dina Kemis tanggal 17
Mei wingi, kayane ya pancen wis dadi takdire nek arep depundhut ning Gusti Allah.
Dina kuwe, antarane jam pitu isuk, kaki Sukarjo kuwe pamitan maring kluargane arep ming
sawah nggo mupuk pari. Kluargane ya kayane ora nana sing derasa nek si kaki bakalan ora bali
maning, wong ya anu wis biasa ming sawah dhewekan.
Lha, antarane jam sewelas awan, si Darsun, sing padha-padaha agi nang sawah ko weruh si kaki
Sukarjo kiye agi njagong nang galengan bangeting ndhiker, ora obah ora polah. Lha si Darsun
banjur mereki kaki Sukarjo. Mbarang dematakaen, ko kayane ora nana ambegane.
Saking keweden, si Darsun banjur nyeluki kancane, Heru karo Suparno, sing ngepasi agi
bareng-bareng ning sawah. Mbarang wis dedeleng pancen ora nana ambegane, banjur mayide
kaki Sukarjo kiye degawa maring Puskesmas Lumbir bareng karo Kapolsek Lumbir sing teka
sawise delapuri kedadeyan kuwe.
Sekang kasile Puskesmas, si Kaki Sukarjo kiye jebule konangan mati ndadak gara-gara kesel
keliwat, apamaning pancenm ya wis tuwa, sing kudune ora ngangsa gole ngodhe. Mbarang wis
depastekaken matine kaki Sukarjo merga kekeselen, banjur mayide debalekaken ming
kluargane nggo dekubur.
Kuwe dadi pengalaman sedulur, ngodhe ya ngodhe, ming aja ngangsa, kudu teyeng ngukur
awake dhewek. Nek wis krasa kesel ya ngaso, aja depeksa. Aja ngasi kedadeyane kaya sing
dealami ning Kaki Sukarjo kiye. Sing penting awak sehat, bregas, dadi teyeng ngodhe nggo
nguripi kluarga. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment