Friday, May 4, 2012

Nyolong Manuk Sekandahange, Turung Mbui Upahe

PURWOKERTO-Sedulur kabeh mesthi wis padha ngerti mbok, nek sing arane wong nyolong, mesthi bakalan mlebung mbui. Lha, rupane wong sing arane Agus (19) kiye anu kelalen ndean, nyolong manuk sekandhange, ya siki kudu turu nang mbui. Dadi kaya kiye ceritane sedulur, si Agus sing umaeh nang Desa Kalikidang RT 02 RW 03 Sokaraja Banyumas kiye, jan-anu mbuh kepriwe kanan-kanane, pas dina Selasa tanggal 14 Februari antarane jam setengah nenem isuk, niat ngengsreng ming Bumiayu numpak bis kang Terminal Purwokerto. Mbarang numpak bis wis ana kira-kira sejam, si Agus kiye gutul nang Bumiayu banjur mudhun ning ngarepane SD, terus mlaku ngetan. Bangeting kepenak gole mlaku, ora sadar ijig-ijig wis gutul ning Desa Cikidang, Cilongok. Nah, pas nang Desa Cikidang kuwe, si Agus koh weruh ana manuk Cicak Janggut ning latare Anggit Pamungkas sing agi methangkring nang kandang kayane maen pisan. Mbarang clingak-clinguk mesthekaken nek kiwa tengene aman, Agus banjur mlebu latar, ngranggeh manuk sekandhange sing banjur degawa metu aring dalan gedhe. Ora sepira suwe, ana mikro liwat, sing banjur deandhekaken, terus si Agus gageyan clingkrak maring njero mikro kuwe. Sing jenengane apes, nembe bae bokonge tememplek ning jok, Karsono karo Purwanto sing meruhi Agus bar nyolong manuk, langsung ngorong- ngorong ngundangi supire mikro kon aja laju dhisit. "Aja degawa, kuwe anu maling manuk," ujare Karsono karo Purwanto maring supir mikro. Saking kewedhen, si Agus banjur mudhun kang mikro lan langsung dedhimek ning KArsono lan Purwanto, banjur degawa ming Polsek Cilongok. Sedulur, cerita kuwe kabeh konangan ning njerone ruang sidhang sing depimpin ning aring hakim Budi Setyawan SH, dina Jemuwah wingenane. Gara-gara nyolong manuk kuwe, si Agus dejiret ning aring Jaksa Penuntut Umum Sukirno SH MH nglanggar Pasal 362 KUHP soal colong jukut, sing bisa bae deukum nganti limang taun. Sidhange bakal deterusaken minggu ngarepe maning nggo ngrungokaken ceritane wong sing nyekseni kedadeyan colong jukut kuwe. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment