Monday, May 14, 2012

Kepengin Duwe Hape, Malah Dadi Gawe

PURWOKERTO-Nek duwe kepenge=inan s=kuwe kabeh uwong olih-olih baen, mung carane entuk apa sing depengini kuwe sing cokan dadi gawe, alias dadi perkara. Kaya sing dealamni ning Ponasih (33), sing umaeh ning Karangklesem RT 03 RW 03 Kecamatan Purwokerto Selatan kiye.
Saking kepengine duwe hape, si Ponasih kiye malah njikot duweke wong liya, tapi ndadak nganggo acara ngancem mbarang, lha kuwe kan dadi gawe mbok sedulur?
Dadi kaya kiye critane, pas dina Minggu tanggal 26 Februari, antarane jam loro esuk,si Ponasih kiye agi numpak montor sekang terminal lawas, sing siki dadi Taman andhang pangrenan kae. Niate sih arep ngengsreng, mubeng-mubeng ngasi gutul nang GOR Satria.
Lha pas nang GOR kuwe, dheweke weruh ana uwong sing jenengane Djudi Wahyudi agi ndhiker nang parkirane bilyaran, kambi dolanan hape. Nah, meruhi kaya kuwe, si Ponasih banjur ana niat nggo njaluk hape kuwe.
Ponasih mereki si Djudi, banjur api-api nakokaken wong sing jenengane Bagyo. Rumangsa ora paham, si Djudi ya nyauri ora tidokan. Ujar-ujare kaya intel mbok, terus si Ponasih kongkonan ming Djudi kon mbonceng motore, lan arep desengi ming Polsek Purwokerto Selatan.
Si Djudi ya mandan maras, soale gole kongkonan si Ponasih kiye desambi ngancem, nek ora gelem bakal detembak ning Gunung Tugel mbari deborgol. Mbarang wis manut, si Djudi kuwe banjur deboncengaken maring polsek.
Ning tengah dalan, si Ponasih takon maring Djudi, "Ko kenal ora karo Bagyo, montor Mio ne degawa ming endi?" saking kewedhen tur pancen ora ngerti, si Djudi ya nyauri "mboten ngertos".
Mbarang gutul Polsek Purwokerto Selatan, si Ponasih ngancem maning "nek kowe ora waleh, ko bakal tek sel trus tak gebuki nang sel". Lha ning polsek kuwe si Djudi banjur detemokaken maring pulisi sing jenengane Anton, nggo detakoni.
Anton, sing ora krasa agi nggoleti uwong sing jenengane Bagyo, ya ora teyeng ngapa-ngapa, banjur si Djudi dekongkon bali, dejujugaken ning si Ponasih. Mbarang gutul Jalan S Parman, anatarane jam tengah telu, si Ponasih ijig-ijig ngandhegaken montore.
Mbarang wis mandheg, Ponasih ngancem maning maring Djudi, "kowe nek ora manut tek bitheni nganggo helm kowe," Bubar kuwe, si Ponasih njaluk hape sing decekel Djudi, karo dhuwit sing mung-munge seket ewu. Sing ora memper maning, si Djudi kuwe banjur dedhunaken ning pertelon kampus Unsoed.
Kuwe kabeh kedadeyane ana ning sidhang wingenane sing depimpin Budi Setyawan SH. Si Jaksa Penuntut Umum Ernawati SH bakalan njiret si Ponasih kiye nganggo Pasal 368 ayat (1) KUHP sing anceman ukumane sangang wulan nang mbui. Mulane sedulur, nek kepengin apa-apa kuwe ya kudu ngodhe sing halal, aja ngasi kedadeyane ngajog mburi kaya si Ponasih kiye. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment