Friday, May 11, 2012

Detinggal Tilik Sawah, Montor Ilang Mubah



PURWOJATI-Nek sing arane wong lagi apes, kuwe langka padhane sedulur. Kaya sing dealami ning Munasiroh (26), sing umaeh nang Desa Kaliwangi RT 04 RW 02 Kecamatan Purwojati Banyumas kiye.
Kepriwe ora apes jajal, agi detinggal niliki sawah, montore malah ilang mubah.Dadi kaya kiye critane. dina Kemis awan (10/5) kuwe, si Munasiroh agi niat agep niliki sawaeh sing ana
ning perek ngumaeh. Dina kuwe ya kira-kira jam loroan awan lah, mbok agi panas-panase, dadi si Munasiroh kiye mandan bebeh mlaku, dadine milih nunggang montor Mio sing nomer pulisine R 3045 TE.
Lha pas gutul sawah, si Munasiroh ya mikire mung sedhelaan ikih, montor banjur deglethakaken ning pinggiran sawaeh, mung dekunci setang thok. Mbarang ana kira-kira seprapat jaman ning sawah, si Munasiroh kiye wis krasa rampung ning sawaeh, arep bali maning ming umaeh.
Mbarang wis gutul pinggiran sawah nggon maune dheweke ngglethakaken montor, si Munasiroh kiye gole kaget ora eram. Mergane montor sing mau degawa nggo maring sawah kuwe jan wis ora nana ning panggonane ngebrukaken. "Padahal kuwe motor ya uwis tek kunci setang," ujare gumun tur ngajog.
Bangeting bingung, Munasiroh banjur ngorong-ngorong nyeluki Chusodi (35) karo Cartam (30) sing ngepasi ana ning kono. Tapine, wong loro kuwe ya ora ngerti nek si Munasiroh ya bar kelangan montor, mung gedheg thok, nyatane ora ngerti sih?
Saking bingung, Munasiroh banjur nglapuraken kedadeyan kiye maring Polsek Purwojati. Kapolsek Purwojati AKP Bambang Puji sing nampani lapuran kuwe banjur nekani nggon kedadeyan kuwe bareng karo wong reskrim "Kayane tah sing nyolong montore Munasiroh kiye ngerti nek Munasiroh ora ngawasi montore, apamaning dalan ning kene ya sepi," ujare Bambang.
Bambang mung teyeng pesen maring Munasiroh lan kabehan sedulur bae, nek padha ngebrukaken montor ya tulung sing ngati-ati. "Aja gemampang, masiya wis dekunci setang, tetep kudu deawasi, apamaning nang nggon sepi, dadi ora kedadeyan kaya kiye," pesene Bambang. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment