Wednesday, April 18, 2012

Pengadilan Kebek Bandar Togel

PURWOKERTO-Sing jenengane togel, kayane pancen angel pisan gole mbrantas sedulur. Akeh sing wis de ukum, tapi jebulane sing nembe arep de sidhang esih luwih akeh maning. Ora percaya? Kiye buktine. Wingi (18/4), nang Pengadilan Negeri Purwokerto ana pitung sidhang, lha sekang pitu kuwe, limang sidhange nekakaken bandar lan pemain togel. Apa tumon, kamar tahanane dadi sesek pisan mergane isine mung bandar karo pemain togel thok. Sekang limang sidhang kuwe, kabehan wong sing de sidhang dejiret nganggo Pasal 303 ayat (1) KUHP sing nerangaken masalah judi, lan anceman ukumane ora baen-baen sedulur, bisa nganti sepuluh taun nang mbui. Ora mung kuwe, dendane juga kena nggo tuku montor loro, soale nganti selawe juta sih. Tapine, wis ngerti kaya kuwe ya esih bae akeh sing padha ngelakoni. Hari Mariyanto SH MH karo Abdul Latief SH MH, ketua majelis hakime nganti gedheg-gedheg, soale mandan bosen ndean, anu sidhange maning-maing kudu ngukum uwong gara-gara togel. Sekang wong lima kuwe, kabehan padha maen togel model hongkong, alate ya wis canggih, dadi gole tuku nomer ora mawi nganggo cathetan maning apa kupon, tapi nganggone sms. Nek sing pasange sewu nggo rong angka, nek menang olihe sewidak ewu. Nek pasang telung angka, olihe telungatus seket ewu, lan nek pasange patang angka, olihe rong juta limangatus. Padahale, bandar karo pelaku togel kuwe gole bathi ora sepira, nek bandar ya paling sedina bathine paling ora nganti rongatus ewu, nek sing dadi perantarane, paling bathine mung telungpuluh ewu sedina sekang si bandar. Wis, jamane wis mandan arep akhir ndean, akeh wong golet dhuwit nganggo dalan ora halal. Mulane wingenane pas ana tukang judi kecekel ning hotel, pak pulisi pesen, kanggo masyarakat kabeh sing meruhi anane wong judi atawane masang togel, aja kesuwen, gageyan delapuraken maring pulisi utawane RT nang sekitar umaeh, men ora dadi sarang togel, kaya kuwe sedulur. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment