Monday, April 16, 2012

Maling Hape Nganggo Bilah, Desidhang

PURWOKERTO-Wong nek wis niat maling kuwe pancen ora mikir nek bakalan mlebung penjara. Kaya sing delakoni ning Santo (34), sing umaeh nang Desa Dukuhwaluh RT 02 RW 05 Kembaran Banyumas kiye. Gara-gara maling hape blackberry, dheweke siki kudu ndhekem nang bui lan ngadepi hakim nang sidang. Kedadeane kaya kiye, dina Selasa (06/12) kuwe, Santo kira-kira jam loro esuk mlaku kang umaeh aring umah kos-kosan nang Jalan Sunan Kalijaga, Berkoh Purwokerto Selatan. Lha barang wis mlaku ana sejam, dheweke weruh ana umah sing jendelane mengab sepethil tur lampune esih murub. Mbarang clingak-clinguk mesthekaken nek kiwa tengene aman, Santo banjur mereki jendela kuwe lan weruh nek ana wong wadon jenengane Pradini sing kos nang kono agi bangeting lali gole turu. Lha nang pinggire Pradini kuwe, ana hape bleckberry gemlethak. Santo njajal ngranggeh hape kuwe nganggo tangan, tapi ora gutul. Saking bingunge, Santo njikot bilah sekang wit munthul, terus diolesi lilin sing uwis depanasi. Bilah kuwe banjur delebokaken liwat jendela lan detempelaken ming hape. Mbarang wis tememplek, bilahe detarik terus hapene dijikot, banjur desaki, bilahe debuwang ning tanah kosong nang kulon umah. Kira-kira akhir Desember, hape kuwe dedol Santo maring Lelyta Sari lan deregani mung limangatus ewu. Gara-gara kuwe, Pradini dsing duwe hape ngalami kerugen paling orane telung juta pitungatus ewu rupiah. Santo dhewek bakal deganjar nganggo pasal 363 KUHP ayat (1) nomer 3e sing nerangaken soal pencurian Cerita kuwe mau kebukak nang sidang Senen wingi (16/4) nang Pengadilan Negeri (PN) Purwokerto sekang ceritane Jaksa Penuntut Umum (JPU) Sukirno SH MH liwat surat dakwaane. Ketuane majelis hakim Budi Setyawan SH banjur nunda sidange nganti Senen ngarep kanggo ngrugokaken keterangane para seksi. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment