Wednesday, April 25, 2012

Ngebut Ngancab Wit, Nginep Nang Rumah Sakit

AJIBARANG, BANYUMAS- Gole ngebut nunggang motor padha sing eling sedulur, aja waton ngebut, apamaning nekad, nek ora kebeneran bisa kesasar maring rumah sakit. Kaya sing dealami Ahmad Johari Setiawan (46), sing umaeh nang Desa Cilongok RT RW 4, Kecamatan Cilongok kiye. Dheweke bungsut gara-gara ngebut numpak motor, tapi ora eling. Sidane motore ngancab wit ning ngarep UPK Ajibarang. Gandheng awake padha rakrak ngantem aspal, sikil lan tangane padha lecet, siraeh bengeb gara-gara kecelakaan kuwe. Dheweke banjur degawa ming RSUD Ajibarang Rebo (25/4) wingenane. Kedadeyane kaya kiye, antarane jam setengah wolu isuk, mangsane wong padha mangkat ngode, si Ahmad kiye ngebut numpak motor sekang arah Tegal. Lha, pas nang nggon kedadean kuwe, dheweke ndadak senggolan karo motor liyane. Motore gleyar-gleyor ora teyeng desupiri, banjur bres ngancab wit nang pinggir dalan kuwe. Mame Suyatno (32) sing umaeh nang Ciberung Ajibarang, sing nekseni kedadean kuwe cerita, nek pas dheweke nang kono, meruhi si Ahmda kuwe wis gemlethak ning pinggir wit ambi ngorong-ngorong kelaranen. Helm karo motore ringsek, nang wit kuwe uga keton banget ana bekase bar diancab motor. "Kayane sedurunge ngancab wit, motore kuwe gleyar-gleyor dhisit gara-gara senggolan karo motor liyane," jare Mame. Nek ujare Yosep (55), sing padha-padha nyekseni, si Ahmad senggolan karo motor liya mergane dalane nikung, tur dalane agi bangeting rame, soale jam kuwe jame wong padha mangkat ngode. "Seweruhe aku ya kayane ana motor siji maning seliyane si Ahmad kuwe, tapi ora genah sapa sing numpaki, soale bubar senggolan langsung mlayu,” ujare Yosep. Pulisi nganti siki esih nyelidiki kedadeyan kiye. Si Ahmad esih kudu derumat ning Rumah Sakit Ajibarang, lan motore sing ringsek kuwe esih nang Polsek Ajibarang. Kanit Laka LAntas Polres Banyumas, Iptu Ruzi Gusman mung aweh pesen, gole numpak motor aja ngebut-ngebut, apamanining nek dalan agi rame, sing padha aso bae, men ora cilaka kaya si Ahmad kiye. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment