Thursday, April 19, 2012

Bali Adol Gula, Umahe Kasirun Rubuh

BANYUMAS- Kasirun (49), tukang deres gula sing umaeh nang Grumbul Sawangan RT 03 RW 06 Desa Semedo ming bisa njagong nglegeg, nalika weruh umaeh sing wis denggoni puluhan tahun bareng anak bojone ambruk pas dina Kemis (19/4) esuk. Dheweke sing nembe bae bali sekang adol gula deresane ora tau nyana nek bakal kedadean kaya kuwe. Miturut critane anak mbarepe Kasirun sing jenengane Herman (27) sing saben dinane nang umah kuwe merga sikile lumpuh, kedadeane kira-kira jam sepuluh esuk. Pas kuwe, dheweke agi nang njero ngumah, eh, ijig-ijig ana suara pating kratak. Merga keweden, dheweke banjur ngorong-orong nyeluki ramane sing nembe bae bali kang pasar bar adol gula. Krungu anake gemboran, Kasirun banjur marani Herman terus niliki, eh, jebul ana saka umaeh sing geser. Gagean si Kasirun ming mburi golet pring nggo nyagaki ben ora rubuh. "Inyong durung gutul njero ngumah maning, umaeh wis ora kuat dadine ambruk. Tujune si Hermanwis nang mburi umah karo ndeprok ning ngisor meja, dai ora kambrukan,” ujare si Kasirun. Ora mung Herman, jebule Samiyah (45), bojone Kasirun lan anake sing jenengane Devi Apita (16) uga teyeng metu sekang umah sedurunge ambruk. Nek desawang, umaeh Kasirun kuwe saiki jan temenan rata karo lemah, dadi barang-barang sing nang njero wis ora teyeng degawani metu maning, padha rusak kambrukan umah. Nek detaksir, kira-kira si Kasirun kuwe gole nelangsa ya ana barang telung puluh jutaan mbok sing ora bisa kanggo maning. "Inyong gole umpetan ning ngisor meja kuwe persis kaya sing tau detontonaken ning tivi upamane ana lindhu kae,” ujare si Herman. Tangga-tanggane Kasirun gagean merek ming umaeh, niate arep ngrewangi ngresiki umah, tapi gara-gara esih ana kabel listrik nglower, dadi ora teyeng. Mbarang ana petugas sekang PLN teka banjur medhot kabel listrik nembe teyeng diresiki bareng-bareng karo bapak tentara sekang Koramil Pekuncen. "Musabab ambruke umah nganti siki esih diselidiki, tapi ya kayane gara-gara umaeh wis tuwa, dadine ora kuat nyangga,” ujare Mahmud, salah siji tentara sing melu ngrewangi ngresiki umah. Gara-gara umaeh ambruk kuwe, Kasirun siki kudu ngungsi maring umaeh tanggane. Karo ngarepaken mbok ana wong sing gelem ngrewangi aweh bantuan nggo ngedhegna maning umaeh. Mergane dheweke mben dinane mung nderes gula, kasile mung semendhing. (eww/amn-01)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment