Tuesday, April 17, 2012

Bayi Abang Debuang Nang Warung

PURWOKERTO-Wong jaman siki kayane wis pada bundhet uteke sedulur. Kepriwe ora bundhet jajal. Nembe dina Minggu wingi ana werta bayi abang cenang-cenang debuang neng tritikan panti sosial, lha wingi esuk ana kedadeyan kaya kuwe maning. Mung bedane bayi sing kiye pas detemukna wis langka nyawane, jan melasi temen mbok? Ceritane kaya kiye sedulur, dina Selasa (17/4) wingi, mangsane wong nembe arep padha siap-siap ngodhe. Sekirane jam nenem esuk, Yu Bawor (51) sing biasa dhasaran dagangan ning warunge sing manggon nang kulon prapatan Samsat Jalan Gerilya, nembe arep mbukaki warunge. Pas lagi agep ngedhunaken kursi sing detumpuk ning pinggir warung, dheweke weruh ana kresek putih sing mandan nyalawadi. Gandheng ora wani mbukak, Yu Bawor kongkonan Nardi, calo bis sing biasa mangkal ning prapatan mbukak kresek kuwe. Nardi ya mung manut baen, dikongkon mbukaki kresek, pikire ana dhuite mbok. Mbarang dimek, Nardi njenggirat ora etung mergane nang kresek kuwe kerasa kaya ana sikil bayi. Gandheng bingung lan keweden, Nardi banjur nglapuraken temuwan kuwe maring Polsek Purwokerto Selatan Mbarang pulisi teka lan mbukak kresek kuwe, jebul pancen kresek kuwe jan isine bayi abang sing nembe klower, tapi wis langka ambegane. Tali pusere esih nglawer tur keton nek dibedhol, dudu digunting nganggo peso oprasi. Jisim bayi wadon sing dawane 46 senti lan bobote 2,4 kilo kuwe gageyan degawa ming Puskesmas Purwokerto Selatan nggo derumat seperlune. Dokter sing nampani jisim bayi kuwe nerangaken nek pas detemukna, bayi kuwe wis mati ana barang patang jam, utawane sekitar jam loro esuk. Kapolsek Purwokerto Selatan, Kompol Moh Imron nerangaken, nek bayi mau kayane pancen kasile slingkuhan, tapi nganti siki esih depriksa ning pulisi kira-kira sapa wonge sing tega mbuwang bocah sing urung duwe dosa kuwe. Jisime si bayi banjur dedusi, dekafani lan dekubur dina kuwe uga. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment