Monday, April 23, 2012

Njambret Kalung Nggo Tuku Motor Karo Tivi

PURWOKERTO-Bocah enom saiki kelakuane jan pancen wis padha kebangeten. Mung kepengen duwe motor karo tivi bae, ndadakan njambret nini-nini, karo apen-apen takon alamat. Wis pokoke ora patut pisan. Dadi ceritane kaya kiye, dina Jemuwah tanggal nenem April, Nini Narsem (64), warga Desa Tunjung RT 02 RW 02 Jatilawang Banyumas, agi bae bali kang sawaeh, mlaku mlipir ning dalan raya desa Jatilawang, kira-kira jam setengah loro awan. Lha kiye bocah loro sing jenengane Oki Pribadi (20), numpak motor boncengan karo Catur Supriyono (19), bocah loro kuwe banjur mereki Nini Narsem, apen-apene arep takon alamat. Nembe bae arep dewangsuli, Oki sing mbonceng ijig-ijig ngranggeh kalung sing nglower ning gulune Nini Narsem, banjur langsung mlayu ngebut ming arah Purwokerto. Barang wis gutul Purwokerto, kalunge si Nini sing bobote nganti 30,3 gram kuwe banjur dedol ning Catur, olih dhuwit pitung juta, terusan debagi loro karo Oki. Si Catur olih telung juta, detukokna tivi selikur inchi. Si Oki, debageni patang juta banjur detukokna motor. Nah, dina Minggu wingi, si Oki sing pancen wis bola-bali njambret kuwe teyeng decekel ning petugas Polres Banyumas, sing wis suwe ngembangaken kasus jambret kiye. Maring pulisi, si Oki ngaku wis pindo njambret kaya kiye, ming urung tau kecekel. Kasubbag Humas Polres Banyumas, AKP Joko Witarso pas detemoni wingi ning kantore ya ngomong nek si Oki kiye pancen wis suwe dadi inceran pulisi, dadi siki esih deselidiki, mbokmenawane ana jaringane sing bisa decekel ngesuk-ngesuk. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment