Friday, May 4, 2012

Nyolong Manuk Sekandahange, Turung Mbui Upahe

PURWOKERTO-Sedulur kabeh mesthi wis padha ngerti mbok, nek sing arane wong nyolong, mesthi bakalan mlebung mbui. Lha, rupane wong sing arane Agus (19) kiye anu kelalen ndean, nyolong manuk sekandhange, ya siki kudu turu nang mbui. Dadi kaya kiye ceritane sedulur, si Agus sing umaeh nang Desa Kalikidang RT 02 RW 03 Sokaraja Banyumas kiye, jan-anu mbuh kepriwe kanan-kanane, pas dina Selasa tanggal 14 Februari antarane jam setengah nenem isuk, niat ngengsreng ming Bumiayu numpak bis kang Terminal Purwokerto. Mbarang numpak bis wis ana kira-kira sejam, si Agus kiye gutul nang Bumiayu banjur mudhun ning ngarepane SD, terus mlaku ngetan. Bangeting kepenak gole mlaku, ora sadar ijig-ijig wis gutul ning Desa Cikidang, Cilongok. Nah, pas nang Desa Cikidang kuwe, si Agus koh weruh ana manuk Cicak Janggut ning latare Anggit Pamungkas sing agi methangkring nang kandang kayane maen pisan. Mbarang clingak-clinguk mesthekaken nek kiwa tengene aman, Agus banjur mlebu latar, ngranggeh manuk sekandhange sing banjur degawa metu aring dalan gedhe. Ora sepira suwe, ana mikro liwat, sing banjur deandhekaken, terus si Agus gageyan clingkrak maring njero mikro kuwe. Sing jenengane apes, nembe bae bokonge tememplek ning jok, Karsono karo Purwanto sing meruhi Agus bar nyolong manuk, langsung ngorong- ngorong ngundangi supire mikro kon aja laju dhisit. "Aja degawa, kuwe anu maling manuk," ujare Karsono karo Purwanto maring supir mikro. Saking kewedhen, si Agus banjur mudhun kang mikro lan langsung dedhimek ning KArsono lan Purwanto, banjur degawa ming Polsek Cilongok. Sedulur, cerita kuwe kabeh konangan ning njerone ruang sidhang sing depimpin ning aring hakim Budi Setyawan SH, dina Jemuwah wingenane. Gara-gara nyolong manuk kuwe, si Agus dejiret ning aring Jaksa Penuntut Umum Sukirno SH MH nglanggar Pasal 362 KUHP soal colong jukut, sing bisa bae deukum nganti limang taun. Sidhange bakal deterusaken minggu ngarepe maning nggo ngrungokaken ceritane wong sing nyekseni kedadeyan colong jukut kuwe. (eww)

Easy Way to Download

Thursday, May 3, 2012

Selipan Suwung Nggamplung, Beras Karo Tengah Ton Deusung

BANYUMAS-Sedulur, nek duwe bandha kuwe aja gemampang, apamaning bandhane kaya beras sing mesthi kanggo nggawe ning wong akeh. Kudu dejagani temenanan, aja detinggal ngasi suwung nggamplung, nek ora kepengen ngajog kaya ceritane si Kasno kiye. Dadi kaya kiye ceritane sedulur. Si Kasno, sing umaeh ning aring Desa Klapasawit RT 01 RW 02 Kecamatan Purwojati, Banyumas kiye pancen wis kondhang ning tangga teparone duwe selipan beras utawane juragan beras. Lha, dina Selasa tanggal 1 Mei wingenane, antarane jam sepuluh wengi, Kasno karo pegawene nembe bae rampung gole nyelip pari kon dadi beras. Anu wis kesel pisan ndean, kasno karo pegawene banjur nutup selipane trus kliyus bali bae, dadi sing arane selipan kuwe detinggal suwung nggamplung. Ngesuk esuke, gasik uput-uput si Kasno kuwe wis mangkat maring selipane. Niate sih agep adol beras sing wis rampung deselip mbengi, tapi apa tumon, mbarang gutul selipan antarane jam nenem isuk, si Kasno gole kaget ora eram, merga lawang ngarepane selipan wis burak dejebol gentho. Mbarang mlebu, si Kasno kuwe mung teyeng kejagong dheleg-dheleg nalikane weruh nek telung puluh kandhi beras sing wis rampung deselip kuwe, abote ya nek dekira-kira ana ndean karo tengah ton, jan wis ilang langka bekase acan. Kasno banjur nglapuraken kedadean kiye maring Polsek Purwojati, lan ora let suwe ya Kapolsek karo anggotane pada teka gemrudhug maring selipane si Kasno kiye. Mbarang wis depriksa, pancen beras sing ilang kuwe paling ora ana karo tengah ton, nek deukur dhuwit ya paling ora ana sangang juta. Kapolsek Purwojati sing dewakilaken ming Kasubbag Humas Polres Banyumas, AKP Joko Witarso kandha, kedadeyan gentho ngusung beras kang selipan kuwe ora mung siki. Wingenane kan wis tau ana kedadeyan ning aring Cilongok, malahan sing jaga malem debekep pisan, lha kiye ko malah ora detunggoni, ya jan kepenak temen kuwe genthone gole ngusung. Joko ya aweh pesen, nek padha duwe bandha kuwe derumat sing ati-ati, apamaning kanggo sing dadi juragan selipan, aja ngasi selipan detinggal suwung nggamplung, kudu ana sing njagani, apamaning nek selipane kuwe adoh kang kutha, sing jaga kudu luwih kang siji. Kuwe kabeh ya nggo pengalaman sedulur kabeh, aja ngasi ninggal selipan apa umah suwung nggamplung, nek barange deusung gentho mbok mengko padha ngajog. (eww)

Easy Way to Download

Wednesday, May 2, 2012

Bingung Nyaur Utang, Montore Batir Degadhekaken



BARANG BUKTI : Budi, sing arep nggadhekaken montore kancane sing agi ngendhong ning kosane, pas dedhimek ning Polres Banyumas bareng karo barang buktine, motor sing arep degadhekaken, Rebo (2/5) (Foto : Harmas / Eko Wahyu W)



PURWOKERTO-Sedulur, nek geger mower wingi nyritakaken ana wong sing ngendhong nang nggone batire nganti keturon, banjur pas arep bali montore ora tumon, lha kiye sambungane. Kepengen ngerti ceritane mbok padha? Kaya kiye ceritane, wingi kae kan ana wong sing jenengane Caswanto (20) agi ngendhong maring kos kosane batire sing jenengane Budi. Bangeting luget gole kandhaan nganti keturon, montor mung debrukaken ning aring latar kos-kosan, ora mawi dekunci setang. Ngesuk-esuke, pas arep bali, si Caswanto bingung nggoleti montore wis ora tumon. Lha jebulane, sing nyolong montore kuwe ya si Budi sing de endhongi nang Caswanto, ora lumrah banget mbok? Dadi, pas si Caswanto keturon, Budi njikot kontake montor sekang tas sing degawa Caswanto, banjur karo dhimik-dhimik metu, montor dekontak nganti posisi kontake on, terus kuncine debalekaken maning maring tase Caswanto. Bubar kuwe si Budi ya melu turu. Ngsuke, antarane jam nenem esuk, si Budi wis tangi. Ndeleng Caswanto esih turu bangeting lali, banjur lunga nggawa montore Caswanto, nggo degadhekaken mergane bingung detagih utang ning sing arane tukang tagih, utawane debt collector. Maring pulisi, si Budi sing umaeh nang Desa Karangkemiri RT 03 RW 01 Kecamatan Karanglewas kiye ngaku nek dheweke kebingungen mergane duwe utang ana telung juta. Budi, sing sedina dinane dadi tukang pijet kiye bangeting bingung, ora teyeng nyaur utang, bojone ya agi ngodhe ning Bogor, dadi duwe niat agep nggadhekakaen montore si Caswanto. Agi bangeting bingung, si Budi banjur detawani ning Kasim, sing njanjeni arep nelantaraken montor kuwe ning batire, si Budi ya manut baen. Eh, ora ngertine si Kasim kuwe anu kongkonane pulisi sing mancing Budi kon dedhimek ning pulisi. Lha, barang agi arep nggadhekaken montor kuwe, si Budi langsung dedhimek ning pulisi, dadi ora teyeng alesan maning. Dina Rebo (2/5) wingi, si Budi dekongkon ngakoni apa sing bar delakoni dheweke ning ngarep pulisi karo wartawan nang Polres Purwokerto. Jan, mung arep nyaur utang thok ndadhakan tega nyolong montore batire sing agi ngendhong, muga-muga kuwe ora kedadeyan karo rika kabeh ya sedulur. Mulane aja gemampang gole utang, nek ra sanggup mbayar, dadi nglakoni apa baen, kasile ya kuwe, ndhekem ning penjara, tur isin karo keluargane. (eww)

Easy Way to Download

Tuesday, May 1, 2012

Ngendhong Nganti Keturon, Montor Ora Tumon

PURWOKERTO-Sedulur, nek agi ngendhong nggone batire, apamaning nggawa montor, aja ngasi ndhiker gole kandhaan, apamaning merga bangeting luget gole kandhaan, ngasi keturon, bisa-bisa pas agep bali montore wis ora tumon. Kaya kedadeyan sing dealami ning Caswanto (20), sing umaeh nang Desa Pernasidi RT 05 RW 01 Cilongok Banyumas kiye. Critane kaya kiye, dina Minggu tanggal 29 April wingi, antarane jam sepuluh wengi dheweke ngendhong ming kos kosane batire sing jenengane Budi ning aring Kelurahan Sokanegara, Purwokerto Timur. Lha, si Caswanto kiye numpak montor Supra sing nomer pulisine R 3989 KD. Mbarang gutul nggone Budi, kuwe montor mung debrukaken ning aring latar kos- kosan, ora mawi dekunci setang. Banjur kiye wong loro saking bangeting luget gole kandhaan, ngasi keturon ning njero kamar kos. Ngesuk-esuke, pas arep bali, antarane ya jam wolu esuk lah, si Caswanto bingung nggoleti montore sing debrukaken ning latar, lantaran wis ora tumon. Saking bingunge, si Caswanto banjur nglapuraken kedadeyan kiye maring kantor Polsek Purwokerto Timur. Merga kedadeyan kuwe, si Caswanto dadi kerugen ngasi limang juta tur dadi kangelan gole arep ngode, soale kuwe motor ya biasa nggo pranti ngode sih. Mulane sedulur, aja gemampang gole ngebrukaken montor, apamaning ora dekunci setang. Wong sing dekunci setang baen esih cokan teyeng deburak ning maling koh, sing padha ngati ati goole ngesog montor, aja nganti ngajog kaya si Caswanto kiye. (eww)

Easy Way to Download