Thursday, April 19, 2012
Bali Adol Gula, Umahe Kasirun Rubuh
BANYUMAS- Kasirun (49), tukang deres gula sing umaeh nang Grumbul Sawangan RT 03 RW 06 Desa Semedo ming bisa njagong nglegeg, nalika weruh umaeh sing wis denggoni puluhan tahun bareng anak bojone ambruk pas dina Kemis (19/4) esuk.
Dheweke sing nembe bae bali sekang adol gula deresane ora tau nyana nek bakal kedadean kaya kuwe. Miturut critane anak mbarepe Kasirun sing jenengane Herman (27) sing saben dinane nang umah kuwe merga sikile lumpuh, kedadeane kira-kira jam sepuluh esuk. Pas kuwe, dheweke agi nang njero ngumah, eh, ijig-ijig ana suara pating kratak.
Merga keweden, dheweke banjur ngorong-orong nyeluki ramane sing nembe bae bali kang pasar bar adol gula. Krungu anake gemboran, Kasirun banjur marani Herman terus niliki, eh, jebul ana saka umaeh sing geser. Gagean si Kasirun ming mburi golet pring nggo nyagaki ben ora rubuh.
"Inyong durung gutul njero ngumah maning, umaeh wis ora kuat dadine ambruk. Tujune si Hermanwis nang mburi umah karo ndeprok ning ngisor meja, dai ora kambrukan,” ujare si Kasirun. Ora mung Herman, jebule Samiyah (45), bojone Kasirun lan anake sing jenengane Devi Apita (16) uga teyeng metu sekang umah sedurunge ambruk.
Nek desawang, umaeh Kasirun kuwe saiki jan temenan rata karo lemah, dadi barang-barang sing nang njero wis ora teyeng degawani metu maning, padha rusak kambrukan umah. Nek detaksir, kira-kira si Kasirun kuwe gole nelangsa ya ana barang telung puluh jutaan mbok sing ora bisa kanggo maning.
"Inyong gole umpetan ning ngisor meja kuwe persis kaya sing tau detontonaken ning tivi upamane ana lindhu kae,” ujare si Herman. Tangga-tanggane Kasirun gagean merek ming umaeh, niate arep ngrewangi ngresiki umah, tapi gara-gara esih ana kabel listrik nglower, dadi ora teyeng. Mbarang ana petugas sekang PLN teka banjur medhot kabel listrik nembe teyeng diresiki bareng-bareng karo bapak tentara sekang Koramil Pekuncen.
"Musabab ambruke umah nganti siki esih diselidiki, tapi ya kayane gara-gara umaeh wis tuwa, dadine ora kuat nyangga,” ujare Mahmud, salah siji tentara sing melu ngrewangi ngresiki umah.
Gara-gara umaeh ambruk kuwe, Kasirun siki kudu ngungsi maring umaeh tanggane. Karo ngarepaken mbok ana wong sing gelem ngrewangi aweh bantuan nggo ngedhegna maning umaeh. Mergane dheweke mben dinane mung nderes gula, kasile mung semendhing. (eww/amn-01)
Wednesday, April 18, 2012
Pengadilan Kebek Bandar Togel
PURWOKERTO-Sing jenengane togel, kayane pancen angel pisan gole mbrantas sedulur. Akeh sing wis de ukum, tapi jebulane sing nembe arep de sidhang esih luwih akeh maning. Ora percaya? Kiye buktine.
Wingi (18/4), nang Pengadilan Negeri Purwokerto ana pitung sidhang, lha sekang pitu kuwe, limang sidhange nekakaken bandar lan pemain togel. Apa tumon, kamar tahanane dadi sesek pisan mergane isine mung bandar karo pemain togel thok.
Sekang limang sidhang kuwe, kabehan wong sing de sidhang dejiret nganggo Pasal 303 ayat (1) KUHP sing nerangaken masalah judi, lan anceman ukumane ora baen-baen sedulur, bisa nganti sepuluh taun nang mbui. Ora mung kuwe, dendane juga kena nggo tuku montor loro, soale nganti selawe juta sih.
Tapine, wis ngerti kaya kuwe ya esih bae akeh sing padha ngelakoni. Hari Mariyanto SH MH karo Abdul Latief SH MH, ketua majelis hakime nganti gedheg-gedheg, soale mandan bosen ndean, anu sidhange maning-maing kudu ngukum uwong gara-gara togel.
Sekang wong lima kuwe, kabehan padha maen togel model hongkong, alate ya wis canggih, dadi gole tuku nomer ora mawi nganggo cathetan maning apa kupon, tapi nganggone sms. Nek sing pasange sewu nggo rong angka, nek menang olihe sewidak ewu. Nek pasang telung angka, olihe telungatus seket ewu, lan nek pasange patang angka, olihe rong juta limangatus.
Padahale, bandar karo pelaku togel kuwe gole bathi ora sepira, nek bandar ya paling sedina bathine paling ora nganti rongatus ewu, nek sing dadi perantarane, paling bathine mung telungpuluh ewu sedina sekang si bandar.
Wis, jamane wis mandan arep akhir ndean, akeh wong golet dhuwit nganggo dalan ora halal. Mulane wingenane pas ana tukang judi kecekel ning hotel, pak pulisi pesen, kanggo masyarakat kabeh sing meruhi anane wong judi atawane masang togel, aja kesuwen, gageyan delapuraken maring pulisi utawane RT nang sekitar umaeh, men ora dadi sarang togel, kaya kuwe sedulur. (eww)
Easy Way to Download
Tuesday, April 17, 2012
Bayi Abang Debuang Nang Warung
PURWOKERTO-Wong jaman siki kayane wis pada bundhet uteke sedulur. Kepriwe ora bundhet jajal. Nembe dina Minggu wingi ana werta bayi abang cenang-cenang debuang neng tritikan panti sosial, lha wingi esuk ana kedadeyan kaya kuwe maning. Mung bedane bayi sing kiye pas detemukna wis langka nyawane, jan melasi temen mbok?
Ceritane kaya kiye sedulur, dina Selasa (17/4) wingi, mangsane wong nembe arep padha siap-siap ngodhe. Sekirane jam nenem esuk, Yu Bawor (51) sing biasa dhasaran dagangan ning warunge sing manggon nang kulon prapatan Samsat Jalan Gerilya, nembe arep mbukaki warunge.
Pas lagi agep ngedhunaken kursi sing detumpuk ning pinggir warung, dheweke weruh ana kresek putih sing mandan nyalawadi. Gandheng ora wani mbukak, Yu Bawor kongkonan Nardi, calo bis sing biasa mangkal ning prapatan mbukak kresek kuwe.
Nardi ya mung manut baen, dikongkon mbukaki kresek, pikire ana dhuite mbok. Mbarang dimek, Nardi njenggirat ora etung mergane nang kresek kuwe kerasa kaya ana sikil bayi. Gandheng bingung lan keweden, Nardi banjur nglapuraken temuwan kuwe maring Polsek Purwokerto Selatan
Mbarang pulisi teka lan mbukak kresek kuwe, jebul pancen kresek kuwe jan isine bayi abang sing nembe klower, tapi wis langka ambegane. Tali pusere esih nglawer tur keton nek dibedhol, dudu digunting nganggo peso oprasi.
Jisim bayi wadon sing dawane 46 senti lan bobote 2,4 kilo kuwe gageyan degawa ming Puskesmas Purwokerto Selatan nggo derumat seperlune. Dokter sing nampani jisim bayi kuwe nerangaken nek pas detemukna, bayi kuwe wis mati ana barang patang jam, utawane sekitar jam loro esuk.
Kapolsek Purwokerto Selatan, Kompol Moh Imron nerangaken, nek bayi mau kayane pancen kasile slingkuhan, tapi nganti siki esih depriksa ning pulisi kira-kira sapa wonge sing tega mbuwang bocah sing urung duwe dosa kuwe. Jisime si bayi banjur dedusi, dekafani lan dekubur dina kuwe uga. (eww)
Easy Way to Download
Monday, April 16, 2012
Maling Hape Nganggo Bilah, Desidhang
PURWOKERTO-Wong nek wis niat maling kuwe pancen ora mikir nek bakalan mlebung penjara. Kaya sing delakoni ning Santo (34), sing umaeh nang Desa Dukuhwaluh RT 02 RW 05 Kembaran Banyumas kiye. Gara-gara maling hape blackberry, dheweke siki kudu ndhekem nang bui lan ngadepi hakim nang sidang.
Kedadeane kaya kiye, dina Selasa (06/12) kuwe, Santo kira-kira jam loro esuk mlaku kang umaeh aring umah kos-kosan nang Jalan Sunan Kalijaga, Berkoh Purwokerto Selatan. Lha barang wis mlaku ana sejam, dheweke weruh ana umah sing jendelane mengab sepethil tur lampune esih murub.
Mbarang clingak-clinguk mesthekaken nek kiwa tengene aman, Santo banjur mereki jendela kuwe lan weruh nek ana wong wadon jenengane Pradini sing kos nang kono agi bangeting lali gole turu. Lha nang pinggire Pradini kuwe, ana hape bleckberry gemlethak. Santo njajal ngranggeh hape kuwe nganggo tangan, tapi ora gutul.
Saking bingunge, Santo njikot bilah sekang wit munthul, terus diolesi lilin sing uwis depanasi. Bilah kuwe banjur delebokaken liwat jendela lan detempelaken ming hape. Mbarang wis tememplek, bilahe detarik terus hapene dijikot, banjur desaki, bilahe debuwang ning tanah kosong nang kulon umah.
Kira-kira akhir Desember, hape kuwe dedol Santo maring Lelyta Sari lan deregani mung limangatus ewu. Gara-gara kuwe, Pradini dsing duwe hape ngalami kerugen paling orane telung juta pitungatus ewu rupiah. Santo dhewek bakal deganjar nganggo pasal 363 KUHP ayat (1) nomer 3e sing nerangaken soal pencurian
Cerita kuwe mau kebukak nang sidang Senen wingi (16/4) nang Pengadilan Negeri (PN) Purwokerto sekang ceritane Jaksa Penuntut Umum (JPU) Sukirno SH MH liwat surat dakwaane. Ketuane majelis hakim Budi Setyawan SH banjur nunda sidange nganti Senen ngarep kanggo ngrugokaken keterangane para seksi. (eww)
Easy Way to Download
Subscribe to:
Posts (Atom)