Monday, September 14, 2015

Sedina Wong Mati Loro Cilaka Neng Dalan

BANYUMAS-Kayane meh saben dina dhewek kuwe krungu singjenengane cilaka neng dalan, lan biasane pancen merga ora padha ngati-ati gole nunggang tumpakan, bener ora sedulur? Nah, kiye ana maning, ora tanggung-tanggung, dina Rebo (17/10) wingenane, ana wong loro sing mati merga cilaka neng dalan, mbok medeni pisan?
Kedadeyan sing kaping pisan kedadeyane neng dalan Desa Tambaknegara, Kecamatan Rawalo, persise neng ngarepe kantor Perhutani Banyumas, antarane jam setengah loro awan. Gara-gara kedadeyan kiye, Sarifudin sing umure patangpuluh loro taun, lan umaeh neng Desa Bantarkawung, Kecamatan Rembang Purbalingga mati sawise nyalip mobil boks lan ketabrak montor ing ana neng mburine.
Nek sekang werta sing detampa neng Harmas, kedadeyan kiye sing weruh jenengane Teguh, singumaeh neng daerah kono. Ujare Teguh, pas kuwe si Sarifudin kiye agi numpak montor Honda Supra Fit sing nomer pulisine R 6296 KC laju sekang kulon. Pas gutul nggon kedadeyan kuwe, si Sarifudin nyalip mobil boks sing ora kewenangan nomer pulisine. "Pas bubar nyalip mobil boks kuwe, si Sarifudin kuwe langsung nggunting maring ngarepe mobil," ujare Teguh.
Nah, pas montore Sarifudin kuwe wis neng ngarep mobil boks, montore kesruduk mobil boks ngasi tiba. Tapine, mobil boks kuwe teyeng menggok nengen, dadi ora nglindhes si Sarifudin lan langsung mlayu ora kebledhig. Sing apes, neng mburine mobil boks kuwe ana montor Honda Revo sing nomer pulisine R 6038 NE sing detumpaki Priyadi kambi anake Nur Rohman sing umaeh neng Desa Tambaknegara, Kecamatan Rawalo.
Merga wis ora teyeng ngindari maning, montore si Priyadi kuwe langsung baen nubruk montore Sarifudin sing esih gemlethak neng dalan. Kuwe wong telu pating krungkel tiba bubar tubrukan, lan wong sing ana neng kono gageyan nulungi wong telu kuwe sing esih padha gemlethak neng dalan. Wong telu kuwe digawa maring Rumah Sakit Wijaya Kusuma Purwokerto, tapine merga tatune si Sarifudin kiye bangeting parah, akhire dheweke mati neng rumah sakit, lan untunge wong loro liyane kuwe mung padha rakrak thok awake.
Lha ora let suwe sawise ana kedadeyan kuwe, antarane jam loro kurang seprapat, ana maning kedadeyan cilaka neng dalan, mung beda panggonan. Kedadeyane neng Jalan Yos Sudarso, Kecamatan Purwokerto Barat. Sudarjo, sing umure wis pitungpuluh taun lan numpak pit onthel lan umaeh neng Desa Jipang RT 02 RW 01 Kecamatan Karanglewas ya padha baen mati pas agi degawa ming rumah sakit merga ketabrak mobil bak.
Nek ujare seksi sing jenengane Suratno, pas kedadeyan cilaka kiye si kaki Sudarjo agi numpak pit neng pinggir dalan sekang wetan. Lha, neng mburine kaki Sudarjo kiy ana mobil bak sing nomer pulisine R 1932 QC sing desupiri Solekhan, wong Desa Kalisalak, Kecamatan Kebasen ya agi laju sekang wetan.Nah, pas gutul kono, mobil bak kuwe niate arep minggir tuku ban, tapine malah nyremped Diarti, wong Desa Pejogol, Cilongok.
Si Solekhan critane arep menggok nengen, bubar nyremped Diarti kuwe, tapine neng ngarep mobil ana kaki Sudarjo sing agi ngepit, lan langusng ketabrak sekang mburi. Kaki Sudarjo langsung mental lan siraeh ngantem aspal bangeting seru. Wong sing agi neng kono ya gagaeyan nulungi Diarti kambi Sudarjo. Tapine, merga tatune kaki Sudarjo kiye bangeting parah, dheweke malah mati pas agi degawa maring Rumah Sakit Islam Purwokerto.
Nek ujare Kanit Laka Lantas Polres Banyumas Iptu Ruzi Gusman, kudune singpadha neng dalan kuwe luwih ngati-ati, lan kon padha manut maring aturan sing ana. "Nek agep nyalip tunggangan liya neng ngarepe ya kudu depasthekaken neng ngarepe aman, aja langsung nggunting, mbok kedadeyane kaya si Sarifudin kae,” ujare Pak Ruzi.
Wis, cukup kuwe bae lah sedulur kedadeyan cilaka neng dalan, ja ngasi ana maning, melas kluargane sing padha neng umah, lan uga melas maring sing kenang apes, malah mati sia-sia mung merga kurang ngati-ati neng dalan. Aturan neng dalan ya kudu padha denggo lan deturuti, dadi ora nana maning kedadeyan cilaka neng dalan sing marakaken ana wong mati sia-sia. (eww)








Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment