Monday, September 14, 2015

Nyalip Ora Pethung, Mati Kelindhes Bis

KUTOWINANGUN–Kiye ana maning kedadeyan sing jan miris neng ati nek decritakaken, tapi ya kudu decritakaken, kon teyeng dadi pengalaman sedulur kabeh, lan ora ngasi kedadeyan maningkaya sing dealami mahasiswa sing neng crita kiye. Kepriwe ora miris jajal, jenengane mahasiswa, mbok esih enom, esih dawa kudune pengarepane, ko malah matin sia-sia gara-gara nyalip bis ora nganggo etungan, mbok melasi pisan?
Dadi crita kiye anane neng dina Minggu (14/10) wingenane, wayaeh ya esih sore lah, antarane jam setengah lima sore, neng ngarepe sekolahan SMP Negeri 2 Kutowinangun Kebumen. Critane, pas sore kuwe neng dalan kono kuwe sing pancen rame pisan, mergane akeh bis kambi trak gedhe sing liwat, ana bocah sing esih dadi mahasiswa neng Praketa, jenengane Harist.
Si Harist kiye umure nembe rolikur taun, lan sore kuwe agi nunggang montor Yamaha sing nomer pulisine B-6419-KLZ, laju sekang arah Jogja, niate arep ming Praketa. Nah, pas neng dalan kuwe, si Harist kiye niate ndean agep nyalip bis sing ana neng ngarepe. Jenengane bae bis, dadi kan bangeting gedhe tur dawa nek desandingaken kambi montore si Harist, dadi ya mandan angel desalip.
Tapine saking kepengen bali, ndean si Harits kiye ya nekad baen nyalip bis Santosa neng ngarepe sing nomer pulisine AA-1409-AA. Nah, pas si Harits kiye nyalip, kayane dheweke ora ngetung nek bis kuwe dawa, lan uga ora ndeleng nek neng ngarepane ana montor liyane sing mlaku sekang ngarep.
Barang nembe tekan tengah awake bis, si Harits kayane nggregap kaget merga ijig-ijig ana montor liya neng ngarepe. Langsung baen si Harist nggleyor ngiwa. Tapine wong anu wis perek pisan kambi bis, si Harist kiye neggor awake bis. Jenengane baen bis, ya atos, dadi si Haritst malah mental lan tiba. Sing apes maning, tibane ngepasi neng ban mburine bis.
Wis, langsung baen, mak bres, si HArist kiye kelindhes bis pas banget neng siraeh. Ora perlu decritakaken maningkepriwe kahanane si Harist kiye, langsung mati thek sek neng kono. Wong singpadha meruhi banjur gageyan nggawa mayide Harist kiye maring RSUD Kebumen nggo devisum.
Nek sekang ujare Kasat Lantas Kebumen AKP Catur C. Wibowo, SIK. MH liwat Kanit Laka Sat Lantas Kebumen Aiptu Sugeng Riyadi SH, kedadeyan cilaka kiye wis agi deslidiki lan detangani neng Unit Laka Sat Lantas Polres Kebumen. Montor kambi bis sing padha-padha cilaka kuwe yaw is debrukaken neng Pos Lantas Kutowinangun Kebumen, lan supire bis wis agi depriksa neng kantor Sat Lantas Polres Kebumen.
Mayide si Harist kiye ya wis gageyan debalekakaen maring kluargane nggo dekuburaken. Wis, kuwe crita miris geger mower dina kiye. Muga-muga wis kiye dadi sing pungkasan, lan aja maning ana sing ngalami kedadeyan kaya Harist kiye. Melasi sing ngalami, luwih-luwih kluargane, padha ngajog kabehan, tur marakaken miris wong sing krungu. (eww)






Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment