Tuesday, October 2, 2012

Sembayang Dhuhur Neng Mesjid, Montor Seisine Deusung Gentho



PURWOKERTO-Sing jenengane wong nek arep niat jahat kuwe pancen wis ora bakal
mandheng panggonan, wayah apamaning kemutan dosa. Pegawean sing delakoni wong jahat
kuwe gelem kedadeyan neng endi baen, kaya kedadeyan sing siji kiye, ana gentho sing jan ora
memper pisan, gelem nyolong montor seisine neng parkiran mesjid, mbok bangeting ora
patut?
Dadi kedadeyan kiye dealami neng Muhammad Kadikin, sing umure nembe nembelas taun.
Dheweke kuwe agi ming Purwokerto niate arep dodolan roti bronis sekangumaeh neng Desa
Limbangan RT 01 RW 07 Kecamatan Ulujami Pemalang. Nah, si Kadikin kiye ya wis biasa
mubeng-mubeng dodolan roti bronis kiye nganggomontor, kambi nyangking krombong neng
montore, nggo wadhah roti bronis dodolane.
Dina Senen tanggal siji wingenane, si Kadikin kiye ya kaya biasa agep dodolan roti bronis lan
arep dejujugaken maring toko-toko sing ana neng Purwokerto. Antarane jam rolas awan,
dheweke koh kemutan nek urung sembayang dhuhur. Wong biasa anu mandan disiplin gole
sembayang, si Kadikin kiye akhire gageyan golet mesjid seketemune.
Pas weruh ana mesjid Darussalam sing ana neng daerah Kelurahan Purwanegara RT 02 RW
01 Kecamatan Purwokerto Utara, Kadikin kiye wis ora kesuwen mikir maning, langsung
baen kuwe montor sing nggawa krombong isi roti deleokaken maring parkiran mesjid. Merga
krasa wis mandan kawanen, Kadikin ya gageyan menculat sekang montor lan golet nggon
wudhu banjur sembayang.
Rupane, saking kedagar-dagare si Kadikin arepan sembayang, dheweke kuwe kelalen nek
kontake montor esih cemanthel neng montore. Dheweke ya ora slirik nek neng mesjid kono
uwe ya mandan sepi, langka wong sing njagani parkiran. Wis, si Kadikin kiye banjur
sembayang ngasi ana ndean sepuluh menitan.
Wong jenengane sembayang ya mesthine khusuk, ora ngrungokaekn apa-apa sekang njaba,
bener mbok? Lha barang eis rampung gole sembayang, si Kadikin kiye ya arep dodolan roti
maning. Tapine gole njimprak bangeting kaget, barang Kadikin gutul nggon parkiran montor,
jebule montore sing decantholi krombong singisine ana rongpuluh toples roti bronis wis ora
nana maning neng kono.
Wis, bingung keliwat, si Kadikin kiye njajal nggoletimontore lan takon-takon maring wong
sing ana neng pipir mesjid, tapine jebul langka sing meruhi montore. Ora ngerti arep kepriwe
maning, akhire si Kadikin kiye ya nglapuraken kedadeyan kiye maring Sentra Pelayanan
Kepolisian Terpadu (SPKT) Polres Banyumas.
Nek miturute Kadikin sing lapur maring pulisi, montore kuwe anu merek Honda  Supra Fit
taun 2005, sing plat nomere G 6701 QD. Seliyane montor, krombonge ya ana isine roti
bronis rongpuluh toples, sing regane limolas ewuan. Dadi, nek dejumlah kabeahn, si Kadikin
kiye nandhang rugi ana ngasi nem juta limangatus.
Kuwe sedulur, montor deparkir neng ngarepmesjid baen esih gelem deusung gentho. Kuwe
mbuh genthone sing ora duwe utek apa pancen merga si Kadikin kiye kelalen ora nggawa
kuncine, dadi esih cemanthel baen neng montor. Sing mesthi, kuwe contone nek wong arep
jahat kuwe ora gadhang ndeleng panggonan, neng endi baen teyeng, mulane sing padha luwih
slirik maning nek arep ninggal barang, depasthekaken dhisit, aman apa ora, kon ora ngajog
kaya sing dealami neng Kadikin kiye. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment