Thursday, October 18, 2012

Esih Detambani neng RSJ, Malah Ketemu Wis Kendhat



KARANGLEWAS-Crita geger mower dina kiye jane anu melasi pisan sedulur. Anu ana wong esih detambani neng Rumah Sakit Jiwa (RSJ) merga bingung keliwat, ko isuk-isuk malah konangan wis mati kendhat neng wit klapa. Tapi ya arep kepriwe maning sedulur, kuwe kabehan wis garise sekang Gusthi Allah, dadi ya kango kluargane muga-muga sing padha kuwat lan tawakal.

Kiye kedadeyan temenan anane dina Kemis (18/10) wingenane. Dina kuwe ya esih Mandan esuk, wong esih jam setengah wolu, mangsane wong padha mangkat ngodhe, bocahan ya nembe padha mlebung sekolah. Lha, neng RT  05 RW 04 Desa Tamansari Kecamatan  Karanglewas isuk kuwe, ana wong sing jenengane Tarsam, umure patangpuluh telu taun, sing agi mangkat ming kebon klapa, niate arep nderes.

Lha si Tarsam kiye ya wong wis biasa nderes, ya ora bakal kepikiran apamaning ngimpi nek bakal menangi kedadeyan sing nggegirisi. Pas gutul kebon klapa, Tarsam kiye bangeting kaget ngasi njimprak, merga dheweke weruh ana wong nganggo kaos ijo lan clana sing padha baen ijone, keton cemanthel neng wit klapa, gulune dejiret tali lan kayane wis mati.

Saking keweden, si tarsam kiye banjur mlayu bangeting banter lan ngabari maring batire sing padha-padha tukang nderes, jenengane Tamsir, nggo nyritakaken apa sing nembe baen deweruhi neng kebon klapa mau. Wong loro kuwe banjur lapur maring desa, sing deterusaken maring Polsek Karanglewas.

Ora let suwe, Kapolsek kambi dokter kang Puskesmas Karanglewas, pulisi sing tukang mriksa sekang Unit Ident Polres Banyumas teka maring panggonan kuwe, lan mayide wong klambi ijo sing cemanthel kuwe deudhunaken. Barang depriksa temenanan, konangan nek kuwe jebulane mayide Agus Qaerul Anwar sing umurane nembe telu likur taun. Si Agus kiye umaeh neng Desa Kediri RT 01 RW 06 Karanglewas.

Nek sekang critane tanggane sing kenal Agus kuwe, si Agus pancen kayane anu bingung keliwat, lan esih detambani neng RSJ Banyumas. Sekang kasil priksaan pulisi lan dokter, si Agus kiye pancen matine ya merga kendhat kuwe, lan langka tatu liyane sing kayane degawe nguwong. Neng glulune Agus kiye keton ana tatu bekas jiretan kira-kira rongpuluh senti, mripate pucet, untune nyokot ilat lan sekang anune metu mani, sing pas banget kambi cirine wong nek tes kendhat.

Barang wis konangan pasthine kenangapa si Agus kiye mati, mayide si Agus banjur gageyan debalekaken maring kluargane kanggo dekuburaken. Kuwe sedulur, mbok melasi pisan, anu wong esih enom, lan esih detambani neng RSJ ko malah ketemune wis mati kendhat. Ya muga-muga baen kluargane kuwat lan ikhlas, nampani kedadeyan kiye dadi musibah. Inyong ora nana karep kanggo apa-apa, mung nulis apa sing kedadeyan baen, kon sing maca padha ngerti sedulur.

Kiye uga kena nggo pengalaman, nek ana sedulure dhewek sing pancen agi bingung keliwat, apamaning esih detambani neng RSJ, aja ngasi dejoraken dhewekan, luwih apik detunggoni, dadi ora kedadeyan kaya si Agus kiye. Muga-muga, si Agus kiye detulungi lan dengapurani neng Gusthi Allah, Amin. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment