Sunday, October 21, 2012

Bali Nderes, Ketemu Mati Kendhang



KARANGLEWAS-Kiye critane ana wong nekad tapi sisan kenang apes sedulur. Kepriwe ora nekad jajal, wong genah udan bangeting deres, malah lunga nderes. Wis kaya kuwe, gole bali ndadak liwat brug sing kaline bangeting deres. Lha apese, pas agi deliwati, bruge malah longsor, ya wis, dadine kendhang, gawe geger wong sekampung.
Wong sing kendhang kiye jenegane Pandi Al Simin singumure telung puluh lima taun, lan umaeh neng Dusun Semaya RT 03 RW 06 Desa Sunyalangu Kecamatan Karanglewas. Si Pandi kiye gole lunga kawit esuk, tapine antarane jam lima sore dheweke kuwe niat bali, tur liwat Kali Arus sing ana neng Desa Semaya pas Jemuwah (19/10) wingenane.
Nek sekang werta sing detampa Harmas, sing menangi kedadeyan kendhange si Pandi kiye
jenengane Muhardi, sing kebeneran ya dadi Kadus neng kono. Nek ujare Muhardi, pas kuwe si Pandi kiye mlaku ngliwati brug neng Kali Arus lan keton nek agi bar bali sekang nderes aren. Pas gutul tengah-tengah brug, ijig-ijig brug sing gawene sekang beton kuwe ambruk. Ya si pandi kuwe langsung baen kendhang neng kali sing bangeting deres, lan akeh watune kuwe.
"Pas kuwe inyong weruh si pandi kuwe ana neng tengah brug, trus ijig-ijig bruge ambrol, nyong ya kaget, tapine ora teyeng ngapa-ngapa, wong kaline agi deres pisan,tur udane ya bangeting deres," ujare Muhardi. Dheweke banjur gageyan ngorong-ngorong njaluk tulung ming wong sing ana neng kono sing gageyan padha lapur maring tim penulung sing jenengane Tim Rescue Tagana.
Krungu ana lapuran sekang wong desa kono, akhire ana limolas wong sekang Rescue Tagana sing gageyan ngrewangi nggoleti si Pandi kiye. Wis, pokoke gole nggoleti gutu endi sing ora, ngasi ana limang kilo mengisor "Kiye nggone bahaya, akeh watune, tur deres pisan banyune, apamaning udane ya bangeting deres, dadi sing nggoleti ya kudu luwih ngati-ati," ujare Kepala Unit Rescue Tagana sing jenengane Heriana Adi Candra.
Heriana nambahi, brug beton kuwe ambruk kayane merga wis tuwa umure, apamaning kaline agi
bangeting deres, lha si Pandi kiye begitu tiba meng kali ya langsung kendhang. Wis, pokoke kabehan wong sing ana neng kono padha melu ngggoleti, tapine ngasi jam sanga mbengi urung gadhang ketemu. Akhire padha rembugan lan deptusaken nek ngesuk maning tembe mulai degolet.
Ngesuke, antarane jam setengah wolu isuk, si pandi kiye degoleti maning. Sing nggoleti debagi ngasi patang klompok, lan akhire si pandi kiye detemokaken antarane jam sanga isuk neng Depo Batu Desa Babakan Karanglewas, limolas kilo sekang nggon kendhange. Pas ketemu si Pandi kuwe ya wis langka ambegane, tur awake padha rakrak merga keantem watu sing ana neng kali kuwe. Bubar detemokaken, mayide si Pandi kiye gageyan degawa maring umaeh.

Pas gutul ngumah, bojone Pandi, sing jenengane Paryati nangis-nangis baen weruh bojone wis ora nana nyawane, lan malah ngasi klenger-klenger. Barang wis tekan umah, akhire mayide Pandi kiye degawa maring umaeh wong tuwane banjur desholati lan dekuburaken. Nek ujare Siwen, biyunge Pandi, sedurunge si Pandi kiye ketemu mati ora nana wilapat apa-apa. Kaya biasane baen, si Pandi kiye ya lunga ming sawah banjur nderes, tapine ora nyana malah ketemu wis mati kaya kiye.
Nek ujare Kapolsek Karanglewas AKP Dwi Budiyanto pas detemoni neng umaeh Siwen, mesthine kabehan sing padha luwih ngati-ati maning nek arep liwat brug, apamaning pas udan deres, soale gelem longsor sewayah-wayah. "Lewih apik nek ngenteni udane mandan suda, nek arep nderes apa bali nderes, soale brug gelem baen ambrol merga banyune kali sing banegting deres," ujare Pak Dwi.
Kuwe sedulur, siki wis mangsan udan, dadi nek arep padha lunga kuwe sing lewih ngati-ati, kudu teyeng ngira-ira kepriwe lan kapan arepe lunga. Nek udane deres aja detrabas baen, mbok malah kedadeyan kaya sing dealami Pandi kiye toli ngajog seumur-umur. (eww)

Easy Way to Download

No comments:

Post a Comment